You are on page 1of 3

PUPUH GAMBUH SERAT WEDHATAMA

Serat wedhatama karya KPAA Mangkunegara IV ing tlatah Surakarta, kang jumeneng minangka
Pangageng Pura Mangkunegara lan kawentar minangka pujangga ing Surakarta. Serat Wedhatama iku
saking tembung Serat kang tegese tulisan, Wedha tegese wewarah (ajaran) utawi ilmu pengetahuan, lan
tama tegese utama (becik). Dados, serat wedhatama yaiku tulisan yang isine ajaran (pengetahuan) kang
becik/kautaman kanggo pangeling wong Jawa jaman semana.
Serat Wedhatama kasusun dening 5 pupuh utawi tembang yaiku pupuh pangkur, pupuh sinom,
pupuh pocung, pupuh gambuh, lan pupuh kinanthi.

A. PANGERTOSAN TEMBANG GAMBUH

Tembang macapat kang kalebu sekar alit cacahe ana sewelas antarane Tembang Maskumambang,
Mijil, Sinom, Kinanthi, Gambuh, Asmarandana, Dhandhanggula, Durma, Pangkur, Megatruh,
Pocung.
Tembang macapat yaiku tembang kang isine mlakune uripe manungsa ing alam donya, sing kaiket
guru gatra, guru wilangan lan guru lagu. Salah sijine yaiku tembang macapat gambuh.
Tembung gambuh nggadhahi teges nyambung. Filosofine nyritakake dalaning urip wong kang ketemu
pasanganipun sing cocok.
Tembung gambuh yaiku salah satunggaling tembang kang ngemot babagan ajaran ngrakit sesrawungan
ing antarane manungsa satunggal kalih liyane ing masyarakat.
B. WATAKING TEMBANG GAMBUH
Tembang Gambuh nggadhahi watak utawi biasa diginakake ing kahanan kang sampun pasti utawi boten
ragu, cetha kang maknanipun sampun siap maju ing tumuju medan kang selarase, supeketing kekluawargan/
akrab. Watak tembang gambuh cocok kanggo nggambarake kaluwesan, ramah tamah, paseduluran, pitutur,
piwulang, lan kekarepan.
C. PAUGERANE TEMBANG GAMBUH
Tembang Gambuh kalebu tembang macapat.Tembang macapat iku tembang kang kaiket dening paugeran
(struktur). Dene paugeran tembang macapat yaiku :
1. guru gatra, yaiku cacahing larik/gatra saben sapada (bait).
2. guru wilangan, yaiku cacahing wanda (suku kata) saben sabaris.
3. guru lagu, yaiku tibaning swara (vokal) ing pungkasaning gatra.
Wondene, paugeran tembang Gambuh, yaiku :

Lirik Guru gatra guru wilangan guru lagu


Samengko ingsun tutur, 7 u
Sembah catur supaya lumuntur, 10 u
Dhihin raga, cipta, jiwa, rasa kaki 5 12 i
Ing kono lamun tinemu 8 u
Tandha nugrahaning manon. 8 o

NULIS/ GAWE SYAIR/CAKEPAN TEMBANG MACAPAT GAMBUH


Langkah-langkah utawa cara yen arep gawe cakepan tembang macapat ;
1. Nemtokake jenis tembang kang arep digawe cakepan.
2. Nemtokake tema sing arep digawe tembang
3. Nggatekake struktur tembange (guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu)
4. Nyusun ukara/kalimat per baris kanthi ngetung wanda/ suku katane kang trep karo strukture.
5. Nyusun saben baris sing nyambung karo kalimat sedurunge.

GANCARAN
Gancaran yaiku seratan kang awujud paragraf. Carane ndamel gancaran (prosa) negesi saben gatra cakepan
tembang banjur digathukake supaya dadi paragraf kang kohesi lan koherensi. Caranipun nggathukake saged
ngginakake tembung panggandeng (penghubung konjungsi).
Ing ngisor iki tuladha cakepan tembang gambuh lan isine :

Tembang Gancaran
Samengko ingsun tutur, Saiki aku (mangkunegara IV) arep micara babagan
Sembah catur supaya lumuntur, patang sembah kang saged diwarisake. Kaping
Dhihin raga cipta jiwa rasa kaki, pisan sembah raga, kaping pindho sembah cipta,
Ing kono lamun tinemu, kaping telune sembah jiwa, lan kaping papat
Tandha nugrahaning manon. sembah rasa. Kanthi catur sembah iku menawa
saged nemu tandha-tandha saking nugrahane Gusti
Allah.
Nilai kang kinandhut : nilai religius
Piwulang luhur :
Manungsa ing donya saged-sagede nindakake sembah raga, cipta, jiwa lan rasa supaya angsal
nugrahaning Gusti Allah Kang Mahaasih.
-sembah raga yaiku sembahyang limang waktu miturut agama islam.
-sembah cipta (kalbu) yaiku kanthi cara mper (nyingkirake) hawa napsu.
-sembah jiwa (sukma) yaiku kanthi ancas tepung karo dhiri pribadhi. Saranane kanthi waspada bathin
lan tansah eling marang alam kelanggengan.
- sembah rasa yaiku upaya manungsa kanggo nggayuh hakekate urip.

PURWAKANTHI
Purwakanthi tegese wiwitan (awalan) utawi runtute swara ing ukara, wanda, utawa tembung kang kapisan
nggandheng wanda (suku kata) utawa tembung ing saburine.
Jinis purwakanthi ana 3 :
1. Purwakanthi swara yaiku runtute aksara swara (vokal). Dadi sing akeh pengulangane aksara vokale.
Contoh :
“ana dina ana upa, ana awan ana pangan”
“becik ketitik, ala ketara”
2. Purwakanthi sastra yaiku runtute aksara mati (huruf konsonan). Dadi sing akeh pengulangane huruf
konsonane.
Contoh :
“Si Gajah, lumampah gleyah-gleyah, gagah!”
“bobot, bibit, bebet.”
“tatag, titig, tunggon”
3. Purwakanthi basa / lumaksitha yaiku runtute tembung. Tembung ing akhir ukara, dibaleni maneh.
Conroh :
“remuk rempu, rempu dadi awu”
“asung bekti, bektine marang gusti”

You might also like