You are on page 1of 21

Soal Ujian SekPerangan sesoraholah

1. Kanggo mangsuli pitakon nomer 1 wacanen tembang ing ngisor iki!

mingkar mingkure angkara


akarana karênan mardi siwi
sinawung rêsmining kidung
sinuba sinukarta
mrih kêtarta pakartining ngèlmu luhung
mung tumrap ing tanah Jawa
agama agêming aji

Watake cakepan tembang ing dhuwur sing bener yaiku ....


A. ngresepaken
B. tresna
C. grapyak
D. kendho
E. sereng

2. Setitekna tembang Pangkur ing ngisor iki!


Socaning jiwangganira
Jer katara lamun pocapan pasthi
Lumuh asor kudu unggul
Sumengah sesongaran
Yen mangkono kena ingaran katungkul
Karem ing reh kaprawiran
Nora enak iku kaki

Pitutur luhur kang trep kanggo tembang Pangkur ing ndhuwur, kajaba …
A. Aja seneng pamer
B. Aja seneng sesumbar
C. Aja seneng degsura marang liyan
D. Aja nggugu karepe dhewe
E. Aja ngumbar janji

3. Wacanen pethilan cerkak ing ngisor iki !

1
“ju…jeneng….jenengku Ad Adri,” jarene gagap. “A…aku sa….saka
ess….SLB Harapan 1.”Kanca-kanca sing awit mau ngampet ngguyu, dadi rebut.
Sanajan mengkono anggone Adri ngomong tetep diterusake. Ana rasa mesakake
sumelip ing atiku.
Adri mesthi mangkat paling gasik menyang sekolah. Sawijining esuk, pas Adri lagi
mlaku karo nggawa buku satumpuk, sikile disandung karo kancaku sing gaweane
ngenek Adri. Dheweke tiba, bukune morak-marik ing jubin. Atiku trataban weruh
kadadean kuwi. Ora ana siji-sijia kancaku sing arep nulungi Adri. Malah padha
nggeguyu, ana sing mung ndeloki kanthi rasa jijik. Aku langsung ngadeg, aku arep
nulungi Adi karo mberesi buku-bukune Adri sing morak-marik mau. Adri banjur
ngucapake matur nuwun karo aku, tangane isih ngebut-ngebutake klambine sing reged.
Ing sekolahan Adri ora nduwe kanca. Aku gelem dadi kancane Adri, dheweke dadi
seneng nyedhaki aku. Adri wis nganggep aku dadi kancane. Aku ya narima wae,
kanggo aku kabeh kuwi kancaku. Aku ora mbeda-bedakake kanca, nanging aku ora
cedhak-cedak banget karo Adri, mung kanca biyasa. Soale aku nduwe kanca kenthel
dhewe.
( Sepisan lan Pungkasan Dening Geranldine Manauh Banurea )

Piwulang sing kaamot jroning pethilan cerkak ing dhuwur yaiku ....
A. nilai estetika
B. nilai moral
C. nilai agama
D. nilai budaya
E. nilai sosial

4. Wacanen pawarta ing ngisor iki kanthi premati !

Fadeli: Gerakan 1821

Bupadi Lamongan Fadeli duwe cara kang becik kanggo para pelajar/siswa supaya sregep
sinau yaiku program Gerakan 1821. “Gerakan 1821 yakuwi gerakan mateni gadget wiwit
jam 18 nganti jam 21. Televisi, handphone, laptop, lan gadget liyane kabeh dipateni supaya
ora nganggu bocah-bocah sinau,” katrangane Bupati Lamongan Fadeli.
Gerakan 1821 iki lagi sepisan ana ing Jawa Timur. Wiwit jam 18 nganti 21, Pak Bupati
mundhut marang para wong tuwa supaya nglakoni 3 B: bermain, belajar, bicara. “Para putra
digatekake, dijak dolanan, sinau, lan omong-omongan supaya ora mung ndeleng gadget
wae,” ngendikane Pak Fadeli.
Supaya gerakan 1821 dicakake tenan, Pemkab Lamongan kerep ngadani patemon karo
para wali murid sakabupaten Lamongan, liwat gerakan pramuka, nyebar poster, pamflet lan
sapanunggalane.
Sumber: Jayabaya No. 24 Minggu II Pebruari 2018 kaca 50

2
Pranyatan sing ora jumbuh karo isine pawarta ing dhuwur yaiku ....
A. Sawijining program yaiku gerakan 1821 minangka cara kang becik kanggo para
pelajar sregep sinau.
B. Televisi, handphone, laptop, lan gadget liyane kabeh digunakake supaya biyantu
kegiyatangu bocah-bocah.
C. Gerakan 1821 iki lagi sepisan ana ing Jawa Timur. Wiwit jam 18 nganti 21.
D. Para putra digatekake, dijak dolanan, sinau, lan omong-omongan supaya ora mung
ndeleng gadget wae.
E. Supaya gerakan 1821 dicakeke tenan, Pemkab Lamongan kerep ngadani patemon
karo para wali murid saka kabupaten Lamongan, liwat gerakan pramuka, nyebar
poster, pamflet lan sapanunggalane.

5. Wacanen dhenah omah ing ngisor iki kanthi premati !


Nitik saka gambar dhenah omah Joglo ing ngisor. Perangane dalem ageng mapan ing
nomer ….

Perangane dalem ageng mapan ing nomer ….


A. setunggal
B. kalih
C. tiga
D. sekawan
E. telu lan papat

6. Cobi kapiji ukara ing ngandhap menika, ingkang kaserat mawi sandhangan mandaswara!
A. ?turuwawnDisik\lgia=grpugsM|.
B. ?blia[r[n,me[kodkTe/r[kmulih.
C. ?g[wajen=kLpk=gurih.
D. ?zjiak[roadimuai=l=g/.
E. ?z=suaai=sumu/[rsimBh.

7. Gatosaken sekar Sinom ing ngandhap punika!


Nulada laku utama Tumrape wong
tanah Jawi Wong agung ing

3
Ngeksiganda Panembahan Senapati
Kapati amarsudi
Sudaning hawa lan nepsu Pinesu
tapa brata Tanapi ing siyang ratri
Amamangun karyenak tyasing sasama
Werdinipun tembung Nulada laku utama, inggih punika….
A. Tansah prihatin
B. Nulada tumindak ingkang sae
C. Tansah damel remenipun tiyang sanes
D. Kedah saged meper hawa napsu
E. Kalampahanipun panggayuh punika wonten remen tapa brata

4
8. Wacanen pethilan crita wayang ing ngisor kanthi premati!
Bima Bungkus

Ing pertapan Wukir Retawu Bagawan Abiyasa kasowanan Raden Permadi kang
kaderekaken repat punakawan.
“Kanjeng Eyang, kadi pundi nasibipun Kakang Bungkus, sampun sawetawis warsa
mboten wonten suraos ingkang sae, bab menika Eyang, andadosaken duhkitaning
Kanjeng Ibu Kunti…”
Tartamtu Sang Winasis kang pancen luber ing pambudi sampun pirsa apa kang dadi
lakon.
“Putuku nggeeer, Permadi, mangertiya jer kakangmu nembe nglakoni karmane, ing
tembe kakangmu Si Bungkus bakal dadi satriya utama, lan bakal oleh apa kang sinebut
wahyu jati…”
Ing Suralaya, Batara Guru nimbali Gajahsena, putra sang batara kang awujud gajah,
kinen mecah si bungkus saengga dadi sejatining manungsa. Sang Guru ugi angutus Dewi
Umayi kinen nggladhi kawruh babagan kautaman marang si bungkus.
(kapethik saka: http:// wayang.wordpress.com/2018/2/2/bima-bungkus)

Nalika Dewi Kunthi nglairake putrane sing nomer loro kang awujud bungkus. Sapa kang
kasil mecah bungkuse Bima...
A. Dhandhaka
B. Krendhawahana
C. Indrakila
D. Gajahsena
E. Kurusetra

9. Wacanen pethikan teks panatacara ing ngisor iki kanthi premati !

Para tamu kakung putri ingkang satuhu bagya mulya, sumangga adicara wonten ing
wekdal menika dipun buka sesarengan, mliginipun dhumateng ingkang ngrasuk agami
Islam kasuwun sesarengan maos Al Fatihah kaping sepisan, dhumateng ingkang ngrasuk
agami sanes saget njumbuhaken miturut gegebengan saha kapitadosan sowang-sowang.
Sumangga (maos al-fatihah)........mekaten para tamu adicara sampun binuka, mugi-mugi
kanthi pandunga panjenengan sedaya kalawau adicara samangke saged lulus raharja
gancar rancag tan ana rubeda Aamiiin

(kapethik saka: https://contohtekspranatacaraterbaru.blogspot.co.id/2016/08/contoh-


teks-pranatacara-terbaru.html)

Miturut pethikan sesorah ing dhuwur, ukara “gancar rancag tan ana rubeda” nduweni
teges sing bener yaiku ....
A. dibuka bebarengan kawiwitan pandonga para tama

5
B. digancarake supaya enggal rampung tanpa ana alangan
C. dijumbuhake miturut keyakinan lan kapercayane para tamu
D. adicara dibuka kanthi pandonga miturut kapercayan para tamu
E. digancanrake supaya cepet rampung miturut tatacara kang ana

10. Wacanen pethilan teks ing ngisor iki!


Menawa disetitekake kanthi temenan panganan wujud kerucut iki kepara dadi telung
trap. Ngisor dhewe, tenggah, lan pucuk. Kabeh ngandhut piwulang, perangan paling
ngisor dhewe kang dipasangi gudangan lan jajanan iku dadi gegambaran ing donyane
manungsa. Trap kaloro dadi sarana meneping rasa, dene pucuk dhewe dadi simbol
pangajabe manungsa mring Gusti kanggo nggayuh kabagyan sejati
Panganan kang dikarepe saka wacan ing nduwur yaiku ....
A. Tempe
B. Selat
C. Tumpeng
D. Tumpeng
E. Pecel

11. Waosan kangge soal nomer 11

?kiaj/[fwnTr.
?kiaj/[fwnTrmi[yosH=z[yogk/t,;2;[mai;1889;[sfai=z[yogk/
t,26;ap]il\;1959;,knQiyusW;69;taunÑ|wiswijini=pe[lo[p/
openQidiknK=[gokaumP]ibumiI[nDo[nsiyhjmnPvJjhanWlnF.
?mi[yosKnQinmr[fnWsSuw/disu/yni=rt\kiaj/[fwnTrzfgknP/guruwnTmnSisW.

Miturut waosan kasebut Ki Hajar Dewantara seda wonten pundi, tanggal lan yuswa
pinten …?
A. Surakarta, 25 April 1985 kanthi yuswa 65
B. Yogyakarta, 26 April 1859 kanthi yuswa 69
C. Surakarta, 26 Agustus 1959 kanthi yuswa 65
D. Yogyakarta, 26 April 1959 kanthi yuswa 69
E. Surakarta, 25 Agustus 1895 kanthi yuswa 69

12. Serat Wedhatama pupuh Pocung


1.
Ngelmu iku,
Kalakone kanthi laku,
Lekase lawan kas,
Tegese kas nyantosani,
Setya budya pangekese dur angkara

2.
Angkara gung,
Neng angga anggung gumulung,
Gegolonganira,

6
Triloka lekere kongsi,
Yen den umbar ambabar dadi rubeda

3.
Beda lamun
Kang wus sengsem reh ngasamun
Semune ngaksama
Sesamane bangsa sisip
Sarwa sareh saking mardi martotama

4.
Taman limut,
Durgameng tyas kang weh limput
Kereming karamat
Karana karoban ing sih
Sihing sukma ngrebda sahardi gengira

5.
Yeku patut
Tinulad tulad tinurut
Sapituduhira
Aja kaya jaman mangkin
Keh pra mudha mundhi dhiri rapal makna

Pitutur luhur ingkang nedahaken kedah meper hawa nafsu kados kaserat ing pada …
A. 1
B. 2
C. 3
D. 4
E. 5

13. Wacanen pethikan novel ing ngisor iki kanthi premati !

Kahananipun kutha Probolinggo sangsaya kisruh. Pemudha-pemudha wonten dusunipun


Wimbadi mboten amung ngratapi kedadeyan sedaya menika. Nalika ndalu padha
ngawontenaken serangan bebarengan. Ingkang dados kepala regu Mas Adi Waluya, wakil
regu Ananta, Dul Genuk, Wimbadi, Basuki, Dasiyun, Dulmanan, Martimbang lan
Martimbul, Kusman. Ananging wonten serangan menika Dul Genuk kena peluru lan
sekarat. Para pemudha inggih menika bingung amargi Dul Genuk ketembak tentara
walanda. Lajeng Dul Genuk dibekta wonten dusun malih, wonten ing dusun menika para
pemudha bingung amarga peluru menika kedah dipundhut supados Dul Genuk mboten ke
lara lara, kahanan inggih mboten saged dipun paksa, ketua regu lajeng damel undian
kangge sinten tiyang ingkang kedah nembak mati Dul Genuk, supados Dul Genuk
mboten ke lara-lara.

( Kadurakan ing Kidul Dringu, Suparta Brata : 66)

7
Pitutur luhur saka pethikan teks novel ing dhuwur yaiku....
A. Manungsa kudu tansah ngupaya urip seneng
B. Aja gampang nglokro ngadepi pacoban
C. Manungsa kudu ngupaya ngangsu kawruh kang dhuwur
D. Menawa sesrawungan kudu milih wong sing kendel
E. Aja wedi mbelani bangsa nagara sanadyan nyawa taruhane

14. Wacanen pethilan sesorah ing ngisor iki!


Bapak saha ibu, para kulawarga, lan para tamu sedaya ingkang dhahat
kinumatan. Keparengna kula sumela matur minangka sesulihipun Bapak Widodo
kekalih. Kula kadhawuhan masrahaken calon penganten kakung katur dhumateng
Bapak Amirudin sekalihan. Wondene lelampahipun mekaten. Kalawau wanci jam 9
calon penganten kakung kula pendhet saking dalem kanthi kairing para sepuh,
kulawarga, sanak kadang, mitra tetepangan, sawetawis kula bekta sowan dumugi ing
dalem ngriki, kanthi gangsar saha gancar.

Sesorah ing dhuwur minangka perangan tatacara ….


A. ijab qobul
B. pasrah penganten putri
C. pasrah sanggan saha kalpika
D. panampi penganten kakung
E. pasrah penganten kakung
15. Gatosaken sekar Gambuh Serat Wedhatama
Sekar Gambuh ping catur
Kang cinatur polah kang kalantur
Tanpa tutur katulatula katali
Kadaluarsa ...
Kapatuh pan dadi awon
Sekar Gambuh ing nginggil taksih kirang. Tetembungan ingkang trep kangge
njangkepi sekar Gambuh punika inggih ...
A. kapatuh
B. karuntuh
C. kapasuh
D. katutuh
E. kalungguh
16. Wacanen pethilan sesorah ing ngisor iki!
Kacar Kucur
Salajengipun tatacara upacara kacar kucur, penganten putri mendhet mori ingkang
sampun dipuncawisken lajeng kabikak ing pangkonipun. Penganten kakung jumeneng
lan mendhet guna kaya lajeng dipunsuntakaken sekedhik mbaka sekedhik ing mori
ingkang wonten ing pangkon penganten putri. Boten kenging wonten arta krincing
ingkang mawut amargi menika lambang saking ekonomi. Bilih guna kayanipun mawut

8
kawontenan ekonomi mangke badhe boros. Lajeng penganten putri naleni mori ingkang
isinipun guna kaya kalawau lajeng dipuntitipaken dhumateng ibu.
Piwulang kang bisa kajupuk saka pethilan teks eksposisi ing dhuwur yaiku...
A. Bekti marang wong tuwa
B. Tanggung jawabe wong lanang marang wong wadon
C. Tanggung jawab marang wong tuwane
D. Enggal nurunake wiji kang utama
E. Wong tuwa bisa nampa kanthi iklas penganten kakung

17. Gatekna gambar ing ngisor iki !


I.

II.

III.

9
IV.

V.

Saka gambar ing dhuwur, gambar sing endi kang nuduhake upacara balangan
gantal yaiku ….
A. I
B. II
C. III
D. IV
E. V
18. Gatekna gambar ing ngisor iki !

10
Miturut gambar ing dhuwur, wong wadon kudu tansah nengenake watak gemi lan setiti.
Tatacara iku diarani ...
A. sungkeman
B. kacar-kucur
C. sinduran
D. timbangan
E. balangan gantal

19. ?put][nbuj+jr;2;,p+timhvmB|tG[wai=pb]ikG|l[f[nj/[koaisihse[kolh.

Ukara kasebat manawi kaserat mawi aksara Latin inggih punika.....


A. Putrane bu Zahra 2, Patimah nyambut gawe ing pabrik gula dene Jarko isih
sekolah
B. Putrane bu Zahra 3, Patimah nyambut gawe ing pabrik gula dene Jarko isih
sekolah
C. Putrane bu Zahra 2, Fatimah nyambut gawe ing pabrik gula dene Jarko isih
sekolah
D. Putrane bu Jahra 3, Fatimah nyambut gawe ing pabrik gula dene Jarko isih sekolah
E. Putrane bu Jahra 2, Fatimah nyambut gawe ing pabrik gula dene Jarko isih sekolah

20. Semaken crita rakyat ing ngisor iki !


Si Lancang wis wiwit bosen karo panguripan kang sarwa kekurangan. Dheweke
nggresula, katon riweng. Wis bola bali ibune menehi wewaler marang si Lancang
supaya putrane setiti nyambut gawe. “ Sabara, Nak! Aja sliramu nggresula terus!
Awake dhewe pancen kudu sengkut nyambut gawe kanggo nyukupi kabutuhan urip
saben dianane. Aja riweng lan aja gampang nyerah.” Mangkono ibu si Lancang menehi
wejangan marang lputrane.
Pitutur luhur kang bisa kajupuk saka pethilan crita rakyat kasebut yaiku ....
A. nikmatana urip iki kanthi hura hura
B. urip kui kudu kerep nggresula
C. bosen iku sipat kang lumrah
D. aja gampang riweng lan gampang nyerah

11
E. panguripan iku kang ngatur Gusti kang Maka Kuasa

21. Gatosaken pupuh Gambuh Serat Wedhatama


Sekar gambuh ping catur. Tembung catur ing gatra tembang kasebut tegesipun inggih
menika....
A. kapatuh
B. karuntuh
C. kapasuh
D. katutuh
E. kalungguh

22. Wacanen pethilan crita rakyat ing ngisor iki!

Ora beda mbok Randha Dhadhapan, pawongan wadon tuwa sing lola tanpa dulur, kanggo
nyambung uripe saben dinane dheweke luru krowodan ing alas kewan. Kewan kali kang
nyisa ing sawedhing mbebegan. Kahanan kaya mangkono dheweke ora nggresula. Malah
samsaya nyaketake marang Gusti kanthi dedonga kanggo panguripan dheweke lan wong
desa supaya bisa luwih becik.

Saka pethilan crita rakyat ing dhuwur, bisa kapethik pitutur luhur yaiku...
A. Dadi wong kudu tansah waspada
B. Wong kang sabar iku tansah mulya
C. Karo wong tuwa kudu tansah ngurmati
D. Dadi wong kudu tansah sregep makarya
E. Sanadyan lagi nandang susah, aja nganti lali marang Gusti

23. Setitekna pethilan teks rekaman pariwara ngisor iki!


O2 : “Halah, dadi salah ngomong aku. Arep neng Pandhawa Tailor kok Le,
dandakne jas nggo ngijabne mbakyumu kae lho, Le!
O1 : “ Pandhawa Taylor Pasar Nguter , Dhe?”
O2 : “ Masalahe ki neg dandakne jas neng Pandhawa kuwi ya Le ya, dinggo ki yo
iso peni, penak, rasane ki mantep tenan ngono lho, Le!
Ancase pacelathon antarane O1 lan O2 ing pethilan teks rekaman pariwara kasebut
yaiku ....
A. menehi ngerti bab penjahit jas
B. menehi informasi marang konsumen bab panggawean jas kanggo ijab
C. ngaruhi konsumen supaya tuku jas ing pandhawa taylor
D. menehi informasi marang pamiyarsa ngenani keunggulane pandhawa taylor
E. mbujuk para pamiyarsa supaya nggunakake jas ing Pandhawa Taylor

24. Wacanen kanthi premati!


Swara Gendhing ”Sarung Jagung” muni mangungkung, swara wiwit muni saya lirih
banjur ana swara pariwara :
Para kadang tani, ora sah bingung yen arep nenandur ”Jagung Hibrida Unggul”.
Gampang golek-golekane, penak nandure, murah regane. Pak Tani dakaturi mundhut
12
winih Jagung Hibrida ing Toko ”Tani Makmur”. Toko ”Tani Makmur” dedunung ing
ratan Ceplok Piring, Tonggalan, Klaten. Telepon (0272) 233252. Sepisan malih mangga
para pamyarsa kula aturi tindak ing Toko ”Tani Makmur” mundhut wiji jagung unggul
para tani mesthi makmur.
Adhedhasar katrangan ing dhuwur, naskah pariwara kasebut nawakake ....
A. toko “Tani Makmur”
B. jasa nandur jagung
C. winih jagung unggul
D. gendhing sarung jagung
E. jasa ngeterake jagung

25. Gatekna ukara-ukara acak ing ngisor iki!


1. Wewaler yaiku sawenehing bab utawa pakaryan kang kudu diadohi utawa ora antuk
ditindakake sawijining pawongan.
2. Wewaler uga bisa diarani bab kang ora dibenerake utawa “larangan.”
3. Masarakat Jawa nggatekake banget tembung wewaler mau
4. Mula iku sakabehing tindak-tanduke ditata kanthi ati-ati supaya ora salah lan
nuwuhake kedadeyan kang ora becik ing tembene.
Manawa kaurutake dadi paragraph sing bener yaiku ....
A. 4-3-2-1
B. 3-2-1-4
C. 1-2-3-4
D. 2-3-4-2
E. 3-1-4-2

26. Gatekna dialog pentas seni ing ngisor iki kanthi tliti!
Roro Jonggrang (RJ) mrentah supaya rakyate ngunekake lesung kanggo ngalangi
budidayane Bandung Bondowoso (BB) gawe candhi sing cacahe 1000 iku.

BB: “Jonggrang wong ayu wong manis calon garwaku, apa kang dadi panyuwunmu
wis tak turuti wong ayu... ayo ndang mara nggone penghulu, tak dadekne
bojoku”.
RJ : “Seksek kangmas. Apa wis tenan panyuwunku wis kok rampungne, wis kok
wujudake ?
BB: “Ya mestine uwis wong ayu candhi 1000 panjalukmu wong ayu.”
RJ : “Napa sampun leres kang mas yen wis enek 1000 candhi ?”
BB: “Ya mesti uwis to wong ayu”.
RJ : “Oooo ora isa, iki kok kurang siji ?”
BB: “Jane aku wis paham yen sliramu sing nglang-ngalangi, mula kuwi kowe kudu
dadi garwaku”.
RJ : “Emooohh Bandung aku ogaahh...!”
BB: “Yen mangkana kowe sing dadi gantine Jonggrang, awakmu dadi candhi sing
kaping 1000”
RJ : “Emmoooooooooooohhhh !!!!”

13
Ing dialog dhuwur iku ana tembung garwa. Dasanama utawi sinonimipun inggih
punika ...
A. Bapak
B. Ibu
C. Anak
D. Putra
E. Semah

27. Emi diutus Ibu mundhut glepung ing pasar legi.


Ukara ing dhuwur yen ditulis nganggo aksara jawa yaiku ....
A. ?UmifiautusHibumunF|t\gLepu=ai=ps/Xgi.
B. ?OmifiautusHibumunF|t\gLepu=ai=ps/Xgi.
C. ?EmifiautusHibumunF|t\gLepu=ai=ps/legi.
D. ?EmifiautusHibumunF|t\gLepu=ai=ps/Xgi.
E. ?EmifiautusHibumunD|t\gLepu=ai=ps/Xgi.
28. Gatekna cakepan tembang ing ngisor iki!

Mangka kanthining tumuwuh,


Salami mung awas eling,
Eling lukitaning alam,
Dadi weryaning dumadi,
Supadi nir ing sangsaya,
Yeku pangreksaning urip.

Adhedhasar cakepan sekar ing nginggil, guru wilangan lan guru lagunipun
ingkang leres inggih punika ….
A. 8u, 8i, 8u, 8i, 8a, 8i
B. 8u, 8i, 8a, 8a, 8i, 8i
C. 8u, 8a, 8i, 8i, 8a, 8i
D. 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i
E. 8u, 8a, 8i, 8a, 8i, 8a

29. Gatekna tembang ing ngisor iki!


Sirnakna semanging kalbu
Den waspada ing pangeksi
Yeku dalaning kasidan
Sinuda saking sathithik
Pamothahing napsu hawa
Linalantih mamrih titih
Tegese tembung kang cinithak kandel yaiku...
A. Ati
B. Sirah
C. Mustaka
D. Mungsuh
E. Nepsu

14
30. Semaken tembang iki!
Mangka kanthining tumuwuh,
Salami mung awas eling,
Eling lukitaning alam,
Dadi wiryaning dumadi,
Supadi nir ing sangsaya,
Yeku pangreksaning urip.
Tembang ing nduwur ngandharake babagan apa .…
A. Kelingan tumrape gambaran alam
B. Supaya ilang sengsarane
C. Kepriye rekasane urip iku
D. Supaya tansah eling lan waspada
E. Nuwuhake rasa tresna dhumateng alam

Kanggo mangsuli pitakon nomer 27 gatekna geguritan ing ngisor iki!

“Tresna”
Tresna kuwi sepele
Tresna kuwi ya kowe karo aku
Tresnamu kaya surya
Nanging ya kaya samudra
Tresnamu bisa nekakake mega
Nanging saiki tresnamu kaya dahana
Awit aku mbok tinggalna
Langit data peteng
Ora ana candra apa maneh kartika
Atiku kaya bawana sing lemahe nela-nela
Maruta, kandhakna yen aku isih tresna
Dening:Erlita Fajrani
(Sumber: geguritan.com)
31. Tembung maruta ing geguritan ing dhuwur duwe teges ....
A. angin
B. rembulan
C. mega
D. srengenge
E. lintang

Kanggo mangsuli pitakon nomer 28 gatekna geguritan ing ngisor iki!


Sun Nggegurit :
Kaanan jaman saiki
sipat pemudha-pemudhi
srawunge saya ndadi
raket wewekane sepi

15
tan kadi duk jaman nguni
srawung sarwa ngati-ati.

Yen manut wasiteng kuna


priya srawung lan wanita
gampang ketaman panggodha
nerak ing laku susila
temah darbe jeneng ala
wasana tibeng papa.

32. Tema geguritan ing dhuwur sing bener yaiku ....


A. kasusilan
B. kamanungsan
C. kabudayan
D. ekonomi
E. politik

33. Semaken geguritan iki


Bu putramu isih kelingan
Pitutur luhur kang tulus saka atimu
Bu putra isih kelingan
Nalika ibu medhar sabda
Kairing tetesing waspa
Ngger gempalane sukmaku
Mangertiya ngger dalan kang bakal mbok liwati
Kebak carang lan eri
Nanging aja samar
Selagi kembang mawar ambune isih ngambar-ambar
Aja cilik ati
Selagi kembang mlati gandane isik amrik wangi
Tembung Ngger gempalane sukmaku, ngemu teges pitutur wong tua marang....
A. Adi lanang
B. Putu
C. Adi wadok
D. Anak
E. Ponakan
34. Miturut sujarahipun, KGPAA Mangkunagara IV ingkang anglenggahi Pura
Mangkunagaran kondur saking negari Walandi, lajeng yasa ageman utawi busana
ingkang ngemperi busana kilenan. Busana menika arupi Jas bikak warni cemeng, ing sisih
wingking dipun krowok, ngagem rangkepan rompi pethak sarta dasi kupu-kupu,
pangagemipun mawi nyamping sarta dhestar. Kanthi ageman kalawau KGPAA
Mangkunagara IV sowan dhateng ISKS Paku Buwana IX ing dhusun Klareyan
satunggaling Pasanggrahan Dalem ing tlatah Surakarta.

16
Ageman miturut katrangan ing dhuwur diarani ….
A. busana beskap
B. busana Langenharjan
C. busana Sikepan
D. busana Atellah
E. ageman Taqwa

35. Piranti busana ing ngisor iki diarani ....

A. stagen
B. epek timang
C. selop
D. jarik
E. sabuk
36. Ajining sarira ana ing ... ajining dhiri dumunung ing ...
Tembung sing trep kanggo nggenepi unen-unen ing dhuwur yaiku ....
A. rupa lan bandha
B. tata susila lan tata krama
C. busana lan dhiri
D. dhiri lan busana
E. bandha lan rupa

37.

Ricikan gamelan ing ngisor iki cara nggunakake kanthi ....


A. ditabuh
B. disebul
C. dipetik
D. digesek
E. dithuthuk

38. Bangsa Indhonesia sampun samesthinipun bombong amargi gadhah warisan budhaya
ingkang maneka warni. Warisan leluhur kasebat ing antawisipun inggih menika gamelan.
Wonten ing Jawi Tengah, gamelan sampun sami dipun mangertosi dening pabrayan wiwit

17
jaman paprentahan kraton, lan ing wekdal samenika saya ngrembaka. Ingkang damel
mongkog kanyatan gamelan Jawi boten namung kawentar ing Nuswantara ananging ugi
dumugi ing mancanagari.
Pethikan teks ing ndhuwur bisa klebu tuladha teks....
A. Narasi
B. Deskrepsi
C. Argumentasi
D. Persuasi
E. Eksposisi
39. Raden Indrajit ing Ngalengka diraja, menawi kaserat aksara Jawa:
F. ?r[dn\InF`jitHi=zX=kfirj.
G. ?rfen\InF`jitHi=zl_kfirj.
H. ?r[fn\InF`jitHi=zX=kfirj.
I. ?r[fn\InF`jitHi=zl_kfirj.
J. ?redn\InF`jitHi=zX=kfirj.
40. Umar lagi sinau basa Jawa.
Ukara ing dhuwur manawa diowahi dadi aksara Jawa sing bener yaiku ....

F. ?Um/lgisinaubsjw.
G. ?Im/lgisinaubsjw.
H. ?Om/lgisinaubsjw.
I. ?Em/lgisinaubsjw.
J. ?Um/lgisinaujw.
41. ?IwnSee[kolh[n=Amerik.
Ukara ing dhuwur manawa diowahi dadi latin sing bener yaiku ....
A. Indra sekolah neng Amerika.
B. Iwan sekolah neng Eropa..
C. Indra sekolah neng Eropa.
D. Iwan sekolah neng Amerika.
E. Endah sekolah neng Inggris.

42. Semaken tembang ing ngisor iki!


Yogyanira kang para prajurit,// Lamun bisa sira anuladha,//Kadya nguni
caritane,//Andelira sang prabu,//Sasrabahu ing Maespati,//Aran Patih
Suwanda,//Lelabuhanipun, //Kang ginelung triprakara,//Guna kaya purun-e kang den
antepi,//Nuhoni trah utama
Piwulang kang bisa kapethik ing tembang mau yaiku paugeran (prinsip) guna, kaya, lan
purun kang dienggo dening Patih Suwanda supaya nggayuh sukses.
Tegese tembung purun sing bener yaiku ....
A. Darbe kapinteran utawa kawasisan kanggo ngayahi karya
B. Darbe kanca kang becik ing pasrawungan
C. Sugih pawitan kanggo mujudake kamenangan
D. Duwe greget (semangat) kanggo ngudi gegayuhan
E. Duwe warisan kang akeh saka wong tuwa

18
43.

Pengagem ingkang dipun agem kagem nutupi mustaka dipun wastani....


A. Blangkon
B. Kudhung
C. Epek timang
D. Kopyah
E. Kupluk
44. Wonten malih tuladhan prayogi,// Satriya gung nagari Ngalengka,// Sang Kumbakarna
namane,// Tur iku warna diyu,// Suprandene nggayuh utami,// Duk awit prang Nglengka,//
Denya darbe atur,// Mring raka amrih raharja,// Dasamuka tan kengguh ing atur yekti,//
De mung mungsuh wanara.
Piwulang kang ora ana sambung-rapete (hubungan) karo tembang mau yaiku …
A. Kumbakarna kuwi darbe watak patriotisme
B. Ala rupane nanging darbe jiwa satriya
C. Ora duwe sedulur Rahwana ratu kang deksura
D. Maju perang mbelani Nagara Alengka
E. Mati dadi kusumaning bangsa

Kanggo mangsuli pitakon nomer 40 wacananen pethilan teks ing ngisor iki!
Nalika dolan menyang daleme simbahe ing Wonogiri, Faiz Ramadhan seneng
banget. Dheweke bisa ngrasakake swasana alam kang asri, seger, lan endah. Ing desa
mau isih akeh tetanduran kang ijo royo-royo. Mula nganti wektu preinen sekolah entek,
Faiz tetep betah ana daleme simbah.
Kadadeyan kang ora dilalekake Faiz, nalika eyange menehi wejangan. Wong urip
kudu seneng gawe becik marang liyan, lan aja gawe ala. Becik ketitik ala ketara. Kudu
sregep sinau supaya gegayuhane kasembadan. Darbe tata krama ing pasrawungan.
Kayata, ora antuk lungguh bantal, tangi awan, lan mbantah marang ngendikane wong
tuwa.
45. Saking teks nginggil kalawau ingkang kalebet “wewaler” inggih menika?
A. Bocah enom ora antuk tangi awan
B. Aja mbantah karo wong tuwa
C. Becik ketitik ala ketara
D. Seneng gawe becik marang liyan
E. Aja lungguh bantal

19
Kanggo mangsuli pitakon nomer 41 gatekna pethilan teks ing ngisor iki!
Wektu iku Raden Tumenggung Rahutama isih bisa ngendika. Mula sadurunge seda isih
bisa paring wewaler marang putra wayah, sarta menging utusan supaya aja padha paido-
paidonan, amarga kabeh ora salah lan kabeh ngemban dhawuhe Gusti. Raden Tumenggung
Rahutama uga paring wewaler marang putra wayah yakuwi kabeh anak putuku tedah
Banyumas poma dipoma aja nganti lelungan dina Setu Pahing, ora kena gawe omah awujud
bale malang, ora kena dhahar iwak banyak, ora kena nunggang jaran dhawuk pancal
panggung lan ora kena nganggo jarit parang rusak barong. Sapa sing nerak wewaler kasebut
bakal nemoni apes. Bareng wis rampung paring piweling banjur seda. Mayite digawa bali
menyang Wirasaba lan disarekake ana ing pasaraeyan Gunalem. Utusan loro mau banjur
mulih. Dene Raden Rara Sukartinah banjur sida dadi garwane sinuwun. Lan paweling iku
nganti saiki isih dipercaya karo masyarakat kono.

46. Wewaler saka Tumenggung Rahutama marang masyarakat Banyumas kayata ing ngisor
iki, kajaba ....
A. ora kena mangan iwak jaran
B. ora kena lelungan dina Setu Pahing
C. ora kena mangan iwak banyak
D. ora kena nunggang jaran dhawuk pancal
E. ora kena nganggo jarik parang rusak barong

47. Ibu: “Ndhuk, aja lungguh neng ngarep lawang!”


Siti : “Kenging napa, Bu?”
Ibu : Jarene wong tuwa biyen, menawa arep ana wong nglamar bakal ora sida.”
Siti : “Oh ngaten ta Bu.”
Wewaler sajrone pacelathon ing dhuwur menawa dinalar nduweni teges sing bener yaiku
....
A. lungguh ngarep lawang njalari bisa ngganggu wong turu
B. lungguh ngarep lawang njalari mundhak digondhol wewe
C. lungguh ngarep lawang njalari mundhak adoh rejekine
D. lungguh ngarep lawang njalari mundhak oleh kang ora setya
E. lungguh ngarep lawang njalari ngedhangi dalan wong arep liwat

48. Ingkang nedahaken aksara mandaswara, ing ngisor iki tembung...


?@=j_$u$uaunn²@u*uwnai=$ur@/tafi!i=z]t\,
A. @=je+
B. tafi!i=z]t\,
C. $u$uaunn
D. ²@u*uw
E. $ur@/t
49. Ibnu lan Farhan tuku klambi ana Sala.
Ukara latin ing dhuwur manawa diowahi dadi aksara Jawa sing bener yaiku ....
A. ?aibNuln\p+/anTukukLmBian$l.

20
B. ?IbNuln\p+/anTukukLmBian$l.
C. ?IbNuln\p+/anTukukLmBiansl.
D. ?IbNuln\p+/anTukukLmBin$l.
E. ?IbNuln\p+/anTukukLmBianl.
50. Raden Ajeng Kartini punika seda tanggal 17 September 1904.
Ukara latin ing dhuwur manawa diowahi dadi aksara Jawa sing bener yaiku ....
A. ?r[fnHj_@/tinipunik[sft=gl\;17;[![pTmBe/;190 4;.
B. ?r[fnHj_@/tinipunik[sft=gl\;17;[![pTmBe/;1912 ;.
C. ?r[fnHj_@/tinipunik[sft=gl\;17;[![pTmBe/;19;.
D. ?r[fnHj_@/tinipunik[sft=gl\;17;[![pTmBe/;1956;.
E. ?r[fnHj_@/tinipunik[sft=gl\;17;[![pTmBe/;199 8;.

21

You might also like