You are on page 1of 6

PANEMBAH REBO AWU

Rebo, 14 Pebruari 2024


Stola: UNGU

GKJW PASAMUWAN TUMPUK


Jl. Neyama No. 12 Besuki - Tulungagung
I. Pacawisan:
a. Warga pasamuwan lumebet dalem pamujan, dedonga lan latihan
ngidung dipun pandhegani SL.
b. MP mbagi tugas ing Konsistori, dedonga, masang Stola lan ngidungaken
KPJ 59: 1.
c. Lonceng 3x……..
d. P1 lumebet dalem pamujan, dene pelados sanesipun lan anggota MP
cawis ing ngajeng kori utami dalem pamujan.

II. Tata Tumindaking Pangabekti:


1. Pambuka lan Timbalan Bekti,
P1 : Ngaturaken salam..!
Ngajak pasamuwan jumeneng, kalajeng ngaturaken Timbalan
Bekti ‘Ing dinten punika (Rebo, 14 Pebruari 2024) kita miwiti mangsa
Paskah 2024 Masehi (40 dinten - mboten kaetang dinten Minggu-
nipun - saderengipun Paskah/prastawa panebusing dosa dening
ALLAH ing ndalem YESUS Kristus). Wiwitaning mangsa Paskah
punika badhe kita tengeri kalayan Pangabekti Rebo Awu, inggih
punika pangabekti ingkang mbukti anggen kita sami ngakeni
karingkihan saha kamomotan awit saking panguwaosing dosa.
Wonten ing ngriku temahan kita ngraosaken ngorong nanggepi
pakaryanipun Gusti ALLAH ing Sang Pamarta YESUS ingkang nebus
saha nucekaken kita saking panguwaosing dosa. Kalayan Rah
Korbanipun Sang Kristus YESUS, kita kawangsulaken pinangka
gambar lan rupinipun Gusti ALLAH Maha Suci ingkang kagungan
gesang. Mila rahajeng kita ingkang ing wekdal punika mireng
timbalan pangabekti Rebo Awu punika, lan sedya nindakaken kalayan
gumolonging manah.' Amin
P1 : Ngajak nyambeti kalayan ngidungaken KPJ 59: 1-3
(MP dalah pelados bekti sanesipun lumebet dalem pamujan kalayan
tata urutan: Imam, pelados ingkang ngasta awu ing wadhah, pelados
ingkang ngasta ‘tujuh kaki dian’, pelados bekti sanesipun, MP lan
ingkang pungkasan P)
2. Pangaken lan Salam,
P : Ngajak tumungkul lan ngaturaken Pangaken ‘Pitulungan kita punika
pinangkanipun saking Sang Yehuwah ALLAH ingkang sampun
nitahaken langit kaliyan bumi, lan ingkang mboten nate nilar
pakaryaning Astane, malah ingkang langgeng kasetyane ing Sang
Pamarta YESUS lan patunggilaning ROH Suci.’ Amin
P : Ngajak njangkepi kalayan ngidungaken KPJ 99: 1, 5
P : Ngandharaken Salam Berkah, 'Ojo padha sumelang bab uripmu, lan
ditanpa gingsir saka ing kapercayanmu. Sih rahmat saha tentrem
rahayu kang saka Gusti ALLAH Rama lan Gusti YESUS Pamarta,
tansah kacadhang tumrah mring kita kanggo ing selawase.' Amin
(Pasamuwan kaaturan Lenggah)
3. Jejering Pangabekti,
P : Ndhawuhaken Jejering/Tema Pangabekti ‘Ketaatan kepada ALLAH
Membuahkan Perdamaian dan Keadilan Sosial’ Amin
P : Ngajak nanggepi kalayan ngidungaken KPJ 125: 1, 3
4. Pandonga Pangaken Dosa,
P : Ngajak matur ing Pandonga Pangaken Dosa, awit wonten seratan
ing kitab 1 Yokanan 1: 8+10 ‘……………………’ Amin
Ngajak mujudaken Pandonga kalayan maos sacara sesautan, kitab
Jabur Mazmur 51: 3-15 ‘………………………..’ Amin
P : Ngajak njangkepi kalayan ngidungaken KPJ 61: 1, 4, 5
5. Pawartos Rahayu,
P : Ngaturi pasamuwan jumeneng, lan medhar Pawartos Rahajeng
kalayan maos 2 Korintus 5: 21 ‘………………………..’ Amin
P2 : Ngaturi pasamuwan lenggah, lan ngajak nyambeti Pawartos
Rahajeng saking Gusti punika kalayan atur pisungsung binarung
ngidungaken KPJ 78: 1 -
6. Peladosan Sabda,
P : Ngajak dedonga syukur lan peladosan Sabda ‘………………..’ Amin
P3 : Ngajak maos Injil Mateus 6: 1-6 + 16-21 ‘…………………’ Amin
Ngajak nyambeti kalayan ngidungaken KPJ 197
P : Ngandharaken khotbah ' Ketaatan kepada ALLAH Membuahkan
Perdamaian dan Keadilan Sosial’ Amin
P : Ngajak mundhut swasana sidhem, (…. dipun iringi instrument organ
ngidungaken KPJ 178a: - …) ….!! Amin
P : Ngajak njangkepi kalayan ngidungaken KPJ 178a: 1-2
7. Ngenggalaken Sahadat,
P4 : Ngaturi pasamuwan jumeneng, lan ngajak ngenggalaken ‘Sahadat
Kalih Welas’ inggih punika pangaken pitados rasuli ‘…………….’ Amin
(pasamuwan kaaturan lenggah)
8. Peladosan Pralambang Awu,
P : Awu pralambang karingkihan, winates lan mboten langgengipun
manungsa. Gusti ALLAH sampun nitahaken manungsa saking
awuning bumi ingkang kayasa kalayan Astanipun lan ingkang ing
grananipun dipun sebuli nafasing gesang temah dados manungsa
ingkang gesang. Nanging emanipun, manungsa ingkang
pinangkanipun saking ALLAH (malah mirip gambaring ALLAH)
dhumawah ing dosa lan nebih saking ALLAH temah tansah nerak
angger-anggering ALLAH nuju dhateng karisakan saha pepejah.
Syukur dene Gusti ALLAH mboten nate negakaken, saengga ing Sang
Pamarta YESUS dipun wontenaken panebusing dosa. Mila peladosan
awu (miwiti pengetan Paskahipun Sang Kristus YESUS) punika
kaangkah dados pepenget bab gumantunging manungsa dhumateng
Kekiyatan saha Sih Palimirmanipun ALLAH, ingkang tansah
kacawisaken kangge manungsa lan ingkang mboten nate ewah
gingsir wiwit saking wiwitan mila. Amin
P : Ngajak nyambeti kalayan ngidungaken KPJ 307: 1, 5
(P mandhap saking mimbar kadherekaken 2 pelados ing kiwa tengenipun,
lajeng ngobong ron palem aking kadamel awu)
P : (Sasampunipun meh rampung anggenipun ngobong ron palem)
Ngajak pasamuwan jumeneng, lan ngaturaken ‘Litany Awu’:
P : Ron palem sampun kaobong dados awu. Kita punika awu..!
Dhuh Gusti ALLAH ingkang Mahaasih, kawula ngakeni bilih kawula
ringkih.
Ps. : Dhuh Gusti, mugi Paduka ngapunten kawula..!
P : Dhuh Gusti ALLAH Mahaasih, kawula ngakeni bilih kawula taksih
mboten setya.
Ps. : Dhuh Gusti, mugi Paduka ngapunten kawula..!
P : Dhuh Gusti ALLAH Mahaasih, kawula ngakeni bilih kawula asring
mitenah sesami kawula.
Ps. : Dhuh Gusti, mugi Paduka ngapunten kawula..!
P : Dhuh Gusti ALLAH Mahaasih, kawula ngakeni bilih kawula asring
menggalih awon dhateng sesami kawula.
Ps. : Dhuh Gusti, mugi Paduka ngapunten kawula..!
P : Dhuh Gusti ALLAH Mahaasih, kawula ngakeni bilih kawula asring
ngendhem serik dhateng sesami kawula.
Ps. : Dhuh Gusti, mugi Paduka ngapunten kawula..!
P : Dhuh Gusti ALLAH Mahaasih, kawula ngakeni bilih kawula asring
nganggep asor sesami kawula.
Ps. : Dhuh Gusti, mugi Paduka ngapunten kawula..!
P : Dhuh Gusti ALLAH Mahaasih, kawula ngakeni bilih kawula taksih
asring nyenyamah dhateng sesami kawula.
Ps. : Dhuh Gusti, mugi Paduka ngapunten kawula..!
P : Dhuh Gusti ALLAH, Paduka saestu pirsa kawontenan kawula, awit
Paduka ingkang yasa jiwa, raga, lan roh kawula. Paduka ugi saestu
Mahaasih dhateng kawula. Lah mekaten pangaken kawula, dhuh
Gusti. Amin
Ps. : Nyahut kalayan ngidungaken KPJ 59: 1
P : Sapunika kita lumebet mangsa Pra Paskah kanthi anteping manah,
kita lampahi tumindak ingkang miturut karsanipun Gusti ALLAH.
Kanthi andhapasoring manah, kita lampahi 40 dinten punika srana
mawas dhiri, maos Kitab Suci, siyam, dedonga, dedana lan nyirik
tumindak ala. Amin
P : Ngangkat wadhah awu, lan nyawuraken awu ing wadhahipun
sesarengan dhawuh, ‘Sumangga kita sami marek ing ngarsanipun
Gusti nampeni piweleh bilih kita punika namung lebu lan awu. Sami
mratobat lan pitadosa dhumateng Sang Kristus..!’ Amin
P : Ngajak ngolesaken awu ing palarapanipun piyambak-piyambak
kalayan andhapasoring manah lan dhawuh ‘Mratobata lan pitadosa
dhumateng Sang Kristus..!’
(pasamuwan kaaturan lenggah)
Miwiti ngolesaken awu ing palarapanipun piyambak, dipun
lajengaken Penatua-Diakening pasamuwan lan warga ingkang
rawuh (…. kairing instrument ngidungaken KPJ 230: 1 - …..).
9. Pandongan lan Safaat,
P : (Sasampunipun sedaya rampung ngoles awu) Ngajak atur pandonga
lan safaat (kangge: nyuwun panganthining Gusti ALLAH ing
salebeting gesang sadinten-dinten - mliginipun ing mangsa Pra
Paskah; bangsa, negara lan pemerintah; Greja lan Para Pelados;
Brayat, pandamelan lan masa depanipun anak-anak; dipun
sampurnakaken ‘Donga Rama Kawula’ kalayan kakidungaken)
10. Pengutusan lan Berkah,
P : Ngajak pasamuwan jumeneng, lan ngandharaken Sabda
Pengutusan Matius 6: 16-18 ‘………………………….’ Amin
P1 : Ngajak nyambeti kalayan ngidungaken KPJ 109: 1, 2
P : Ngaturaken Pambage Berkah ‘Padha dituwuh ing pracaya, pengarep-
arep lan katresnan marang Gusti ALLAH lan sapepadha. Sih rahmat
lan tentrem rahayu katrumrahake mbarengi laku kita ing sadina-
dina, wiwit dina iki nganti ing salawa-lawase. Ing ndalem Gusti
ALLAH Rama, Gusti YESUS Pamarta lan Sang ROH Suci.’ Amin
P1: Ngajak ngaminaken kalayan ngidungaken KPJ 460
(MP dalah pelados bekti sanesipun medal saking dalem pamujan, jejer ing
ngajeng kori utami, nampi jabat astanipun warga lan mbagi kupat kothong)

III. Panutup:
P : Ngaturi pasamuwan lenggah, mundhut swasana sidhem lan
ndedonga sacara pribadi..! (…. dipun iringi instrument organ….)

‘Ngaturaken sugeng dalu, sugeng lumebet mangsa Pra Paskah’

You might also like