You are on page 1of 21

PIWULANG BASA JAWA

TEKS PROFIL
TOKOH

SMP
KELAS VII /GANEP
PIWULANG BASA
JAWA
TEKS PROFIL TOKOH
STRUKTUR TEKS LAN UNSUR KABSAN TEKS PROFIL TOKOH

Identitas panyusun

APRILIA HENDRIANI, S.Pd

NIP 19900410 201902 2 003


SMP Negeri 54 Surabaya
PIWULANGAN BASA JAWA

DAFTAR ISI
IDENTITAS BAHAN AJAR

01
PANDOM PASINAON

Pandom pasinaon
Pandom kagem Guru
Pandom pasinaon siswa

02
PASINAON 1 STRUKTUR TEKS

Struktur teks profil tokoh


Gladhen 1

PASINAON 2 UNSUR KABASAN TEKS PROFIL TOKOH

03
Tembung Lingga
tembung Andhahan
Gladhen 2

04
Lembar kerja peserta didik
Pambiji
Tanggepan
Ringkesan materi
daftar Pustaka
Pandom Pasinaon
Kagem Guru

Bapak/Ibu guru ingkang kinurmatan,


bahan ajar menika dipunsusun mawi
dasar orientasi teks. Modul dipundamel
kagem setunggal utawi langkung
materi pembelajaran ingkang wonten
ing lebetipun capaian pembelajaran.
Sejatosipun, saben siswa sampun
dipunarahaken supados saged
nyinaoni bahan ajar punika mawi
piyambakan. Sinaosa mekaten, guru
ugi saged nyerat sambatan/masalah
para siswa nalika sinau bahan ajar
menika. Lajeng, guru ngrembag
masalah-masalah punika nalika
pepanggihan wonten ing kelas. Ing
lebetipun bahan ajar ugi sampun
wonten pitedah pambiji ingkang
awujud simbol
Pandom Pasinaon
Kanggo siswa

Sadurunge siswa sinau bahan ajar iki, para siswa prelu


maca pandom pasinaon kaya ing ngisor iki: 1) Wiwitana
dedonga dhisik supaya lancar anggone sinau materi sing
ana ing bahan ajar iki. 2) Sadurunge mancik ing pasinaon,
panyusunan materi kasusun adhedhasar pendhekatan teks
yaiku pamangunan konteks, pamodelan teks, pambentukan
teks bareng-bareng, pambuatan teks kanthi mandiri. 3)
Pahami saben materi ing bahan ajar supaya bisa lanjut ing
bab liyane 4) Jangkepi saben bagean Latian lan Gladhen
sing ana ing bahan ajar iki mawa semangat lan seneng.
Yen rada ngalami kangelan, para siswa bisa pirembugan
karo kanca, nyuwun pirsa marang bapak/ibune dhewe,
utawa bisa uga nyuwun pirsa marang bapak/ibu guru
nalika jam pelajaran. 5) Pahami saben bagean rangkuman
ing jero bahan ajar iki, supaya cetha garis besare materi
ing bahan ajar iki. 6) Garapen Tes Formatif yen materi-
materi uwis bar disinaoni kabeh. 7) Para siswa bisa
nggunakake kamus kecik lan Bausastra Online sing wis
disiapake ing jero bahan ajar iki, supaya bisa luwih ngerti
arti tembungtembung sing angel lan nambah kaweruhan
kosa kata.
Tujuan Pembelajaran
Peserta didik mampu
mengidentifikasi struktur teks dan
menyimpulkan isi teks profil tokoh
yang dibaca.
Peserta didik mampu
mengidentifikasi tembung lingga lan
tembung adhahan isi teks profil
tokoh
PETA KONSEP

PROFIL TOKOH

STRUKTUR UNSUR
TEKS KABASAN

PASINAON BASA JAWA VII


MANGUN KONTEKS

1.Apa wis nate maca


teks profil tokoh?

2. Piye struktur teks


profil tokoh?
PASINAON 1

Teks profil tokoh uga diarani teks biografi. Teks


kasebut klebu jinise teks naratif. Teks profil tokoh
utawa teks biografi nggambarake tokoh lan prastawa
apa wae sing tau dialami dening tokoh kasebut. Kanggo
nggampangake mangerteni isine teks profil tokoh
utawa biografi ana bab-bab sing kudu dijingglengi,
yaiku
(1) irah-irahan/ judhul,
(2) babagan sing narik kawigaten sing tau dialami
dening tokoh,
(3) tindak-tanduk, gagasan sing bisa dituladha.Struktur
teks profil tokoh utawa biografi kaya kaandharake ing
ngisor iki:
LEMBAR KERJAPESERTA DIDIK
GLADHEN 1
A. Petunjuk Belajar
1. Gawea kelompok kang dumadi saka 2 siswa (berpasangan)!
2. Wacanen teks profil tokoh “R.A.Kartini” ing LKPD 1 iki kanthi titi!
3. Adhedhasar materi kang wis koksinaoni, udharen teks profil
tokoh “R.A.Kartini” kasebut miturut tata rakite (struktur) kang trep!
4. Wacanen garapanmu kanthi cetha, banjur kanca liyane aweh
panyaruwe adhedhasar garapan kasebut!

B. Tujuan Pembelajaran
Peserta didik mampu memahami struktur teks profil tokoh yang
dibaca.

C. Soal
Wacanen teks profil tokoh iki kanthi titi!
R.A. KARTINI
Raden Ajeng Kartini miyos tanggal 21 April
1879 ing Jepara, Jawa Tengah. Panjenengane
isih klebu golongan kaum bangsawan,
jalaran Raden Ajeng Kartini putrane bupati
Jepara kang asma Raden Mas Adipati Ario
Sosrodiningrat lan ibune asma M.A Ngasirah.
Raden Ajeng Kartini kuwi putra pambarep,
kagungan adhi loro yaiku Raden Ajeng
Kardinah lan Raden Ajeng Rukmini.
Raden Ajeng Kartini sekolah ana ing ELS (Europese Lagere School). Ing
pasinaon piyambake klebu murid sing sregep. Sasuwene sinau ing ELS
uga nyinaoni basa Walanda, mula Raden Ajeng Kartini bisa nguwasani
basa Walanda kanthi becik. Nanging emane, sawise umur 12 taun
Kartini kudu ninggalake pamulangan, jalaran kudu dipingit. Raden
Ajeng Kartini nelangsa banget. Arep nulak ora wani, piyambake wedi
diarani ora ngerti adat.

Kabeh mau dilakoni kanthi susahing ati. Kanggo nglipur ati, Kartini
nglumpukake buku-buku pelajaran lan buku pengetahuan umum
kanggo wacan nalika dina-dinane krasa sepi. Saben dina pegaweane
maca lan maca kanthi dikancani abdi kinasihe.
Maca malih dadi hobi. Ora mung buku wae sing diwaca, nanging
surat kabar uga diwaca. Menawa ana bab-bab sing ora dingerteni
Kartini nyuwun pirsa marang Ramane. Amarga sregep maca
wawasane tambah akeh. Kartini ngerti yen para wanita Eropa kuwi wis
maju, pikirane maju, lan wawasane jembar. Raden Ajeng Kartini
nduweni pepinginan amrih wanita Indonesia uga maju, ora mung dadi
kanca wingking wae. Raden Ajeng Kartini nglumpukake kanca-kancane
kanggo diwulang nulis lan maca. Ing sela-selane wektu kuwi Kartini
asring nulis layang kanggo kanca-kancane sing ana ing negara
Walanda. Panjenengane uga nulis surat kagem Mr.J.H Abendanon
supaya diparingi beasiswa kanggo sekolah menyang Walanda.
Raden Ajeng Kartini klakon oleh beasiswa, nanging emane ora
dilakoni, jalaran ing wektu iku uga Kartini kudu manut wong tuwane
dinikahake karo Bupati Rembang kang sesilih Raden Adipati
Joyodiningrat. Sawise krama Panjenengane kudu ndherek kakunge
menyang Rembang. Ing Rembang Raden Ajeng Kartini ngedegake
sekolah wanita kang disengkuyung dening garwane.
Tanggal 13 September 1904 Raden Ajeng Kartini mbabarake putra
kakung sing diparingi jeneng Soesalit Djoyoadiningrat. Tanggal 17
September 1904 Raden Ajeng Kartini seda ing yuswa 25 taun. Ndeleng
semangate Raden Ajeng Kartini, taun 1912 ing Semarang didegake
Sekolah Wanita dening Yayasan Kartini sing dipimpin dening
kulawarga Van Deventer. Banjur kasusul ing Surabaya, Madiun,
Cirebon lan daerah-daerah liyane. Sasedane Raden Ajeng Kartini, Mr.
J.H. Abendanon nglumpukake surat-surat sing tau dikirimake RA
Kartini marang kancakancane sing ana ing Eropa lan didadekake
buku. Buku kasebut diwenehi irahirahan ”Door Duisternis Tot Light”
sing tegese ”Habis Gelap Terbitlah Terang”.
Para wanita Indonesia wis padha maju, pendhidhikane akeh sing
dhuwur, pegaweane bisa sajajar karo para priya. Kabeh mau ora liya
amarga kena daya semangate Raden Ajeng Kartini. Ide-ide ,
gegayuhan, lan semangate Raden Ajeng Kartini didadekake inspirasi,
dituladha dening para wanita Indonesia supaya dadi wong pinter,
pinunjul, nanging ora ninggalake kodrat kadidene wanita.
(Sumber: www.kolom.biografi.blogspot.com/16 okt 2014 kanthi
sawetara owah-owahan)
Adhedhasar teks profil tokoh “R.A.Kartini” kasebut, udharen miturut
tata rakite (struktur) kanthi ngisi tabel iki!

Perangan Katrangan

Identifikasi

Klasifikasi/Definisi

Deskripsi Bagian
PASINAON 2
Nyemak Unsur Basa Teks Profil Tokoh
Manut wujude tembung kaperang dadi loro, yaiku
tembung lingga lan tembung andhahan.
a.Tembung Lingga lan tembung Andhahan
1) Tembung Lingga (Kata Dasar)
Tembung lingga yaiku tembung sing durung owah
saka asale.

Tuladha: omah, anak, putra, panas, dawa, sugih, lunga,


tuku, klambi, anyar, apik, sapu, banyu, lan
sapanunggalane

2) Tembung Andhahan (Kata Berimbuhan)


Tembung andhahan yaiku tembung sing wis owah saka
asale.
Tuladha: diparingi, nulis, nyapu, gumuyu, anake,
nggambarake, nambani, digawa, nyapu, ngombe,
nyawang, nyolong, lan sapanunggalane.

Pangrimbage/Pandhapuke Tembung Andhahan:


Tembung lingga bisa owah dadi tembung andhahan
kanthi cara diwenehi wuwuhan (imbuhan), dirangkep, lan
dicambor.
a) Wuwuhan
Wuwuhan kaperang dadi telu, yaiku:
(1) Ater-ater (Awalan)
Ater-ater yaiku wuwuhan sing manggone ana ing
sangarepe tembung.
(2) Seselan ( Sisipan )
Seselan yaiku wuwuhan sing manggon ing tengahe
tembung.
Tuladha:
(3) Panambang (Akhiran)
Panambang yaiku wuwuhan sing manggon ana ing
mburine tembung.
Tuladha:
GLADHEN 2

A. Petunjuk Belajar
1. Wacanen teks profil tokoh “R.A.Kartini”
2. Adhedhasar materi kang wis koksinaoni, temokna tembung lingga lan
tembung andhahan apa wae sing kok olehi saka teks kasebut!

B. Teks

R.A. KARTINI

Raden Ajeng Kartini miyos tanggal 21 April 1879 ing Jepara, Jawa Tengah.
Panjenengane isih klebu golongan kaum bangsawan, jalaran Raden Ajeng
Kartini putrane bupati Jepara kang asma Raden Mas Adipati Ario Sosrodiningrat
lan ibune asma M.A Ngasirah. Raden Ajeng Kartini kuwi putra pambarep,
kagungan adhi loro yaiku Raden Ajeng Kardinah lan Raden Ajeng Rukmini.
Raden Ajeng Kartini sekolah ana ing ELS (Europese Lagere School). Ing pasinaon
piyambake klebu murid sing sregep. Sasuwene sinau ing ELS uga nyinaoni basa
Walanda, mula Raden Ajeng Kartini bisa nguwasani basa Walanda kanthi becik.
Nanging emane, sawise umur 12 taun Kartini kudu ninggalake pamulangan,
jalaran kudu dipingit. Raden Ajeng Kartini nelangsa banget. Arep nulak ora wani,
piyambake wedi diarani ora ngerti adat. Kabeh mau dilakoni kanthi susahing ati.
Kanggo nglipur ati, Kartini nglumpukake buku-buku pelajaran lan buku
pengetahuan umum kanggo wacan nalika dina-dinane krasa sepi. Saben dina
pegaweane maca lan maca kanthi dikancani abdi kinasihe.
Maca malih dadi hobi. Ora mung buku wae sing diwaca, nanging surat kabar uga
diwaca. Menawa ana bab-bab sing ora dingerteni Kartini nyuwun pirsa marang
Ramane. Amarga sregep maca wawasane tambah akeh. Kartini ngerti yen para
wanita Eropa kuwi wis maju, pikirane maju, lan wawasane jembar. Raden Ajeng
Kartini nduweni pepinginan amrih wanita Indonesia uga maju, ora mung dadi
kanca wingking wae. Raden Ajeng Kartini nglumpukake kanca-kancane kanggo
diwulang nulis lan maca. Ing sela-selane wektu kuwi Kartini asring nulis layang
kanggo kanca-kancane sing ana ing negara Walanda. Panjenengane uga nulis
surat kagem Mr.J.H Abendanon supaya diparingi beasiswa kanggo sekolah
menyang Walanda.
Raden Ajeng Kartini klakon oleh beasiswa, nanging emane ora dilakoni, jalaran
ing wektu iku uga Kartini kudu manut wong tuwane dinikahake karo Bupati
Rembang kang sesilih Raden Adipati Joyodiningrat. Sawise krama Panjenengane
kudu ndherek kakunge menyang Rembang. Ing Rembang Raden Ajeng Kartini
ngedegake sekolah wanita kang disengkuyung dening garwane.
Tanggal 13 September 1904 Raden Ajeng Kartini mbabarake putra kakung sing diparingi
jeneng Soesalit Djoyoadiningrat. Tanggal 17 September 1904 Raden Ajeng Kartini seda ing
yuswa 25 taun. Ndeleng semangate Raden Ajeng Kartini, taun 1912 ing Semarang didegake
Sekolah Wanita dening Yayasan Kartini sing dipimpin dening kulawarga Van Deventer. Banjur
kasusul ing Surabaya, Madiun, Cirebon lan daerah-daerah liyane. Sasedane Raden Ajeng
Kartini, Mr. J.H. Abendanon nglumpukake surat-surat sing tau dikirimake RA Kartini marang
kancakancane sing ana ing Eropa lan didadekake buku. Buku kasebut diwenehi irahirahan
”Door Duisternis Tot Light” sing tegese ”Habis Gelap Terbitlah Terang”.
Para wanita Indonesia wis padha maju, pendhidhikane akeh sing dhuwur, pegaweane bisa
sajajar karo para priya. Kabeh mau ora liya amarga kena daya semangate Raden Ajeng Kartini.
Ide-ide , gegayuhan, lan semangate Raden Ajeng Kartini didadekake inspirasi, dituladha
dening para wanita Indonesia supaya dadi wong pinter, pinunjul, nanging ora ninggalake
kodrat kadidene wanita.
Tintingana pethikan teks ing ndhuwur, sabanjure golekana tuladhane tembung
lingga lan tembung andhahane!
RANGKUMAN

Gatekna lan Jingglengana!

Teks profil tokoh uga diarani teks biografi.


Struktur teks profil tokoh utawa biografi kaya
kaandharake ing ngisor iki:

a. Orientasi yaiku yaiku bagean teks sing isine


ngenalake tokoh, umume
ngandharake jeneng, papan kelairan, lan
kulawargane.
b. Prastawa yaiku bagean sing ngandharake
kahanan, prastawa, masalah
sing tau dialami nanging sing menjila lan duwe
kesan mirunggan kang
bisa didadekake tepa-tuladha.
c. Reorientasi yaiku bagean panutup lan
ngandharake pandhangan lan
pamawase panulis marang tokoh sing dicritakake.
Daftar Pustaka

Hadi,Samsul,dkk. 2015.Buku Paket Kirtya Basa VII.


Surabaya. Dinas pendidikan Provinsi Jawa Timur

Youtube profil tokoh RA Kartini link


https://www.youtube.com/watch?v=C7J-PoLkemU

You might also like