You are on page 1of 8

YAYASAN AL ABIDIN SURAKARTA

SD ISLAM INTERNASIONAL AL ABIDIN SURAKARTA


PANITIA PENILAIAN SUMATIF AKHIR TAHUN TP. 2022-2023
Jl. Adi Sumarmo Gg. Bone Timur 3, Banyuanyar, Banjarsari, Surakarta
Telepon (0271) 735039 Fax. (0271) 727792
Website: www.sdii-alabidin.sch.id

TRYOUT PENILAIAN SUMATIF AKHIR


TAHUN PELAJARAN 2022-2023

Mata pelajaran : Bahasa Jawa Nama : …………………………


Hari, Tanggal :
Kelas : VI (enam) No. Absen : ………………………...
Waktu : 09.30 – 11.00 WIB Kelas : …………………….....
Penyusun : Anita Maharani K, S.S.

I. Pilihen wangsulan a, b, c, utawa d kang dadi jawaban paling bener!


Wacan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon nomer 1 – 4.
Miturut ahli kesehatan, polusi sampah bisa ngakibatke dampak kang ora becik kanggo
kesehatan, yaiku infeksi saluran pencernaan, kolera, tifus, disentri, lan sakpiturute, amarga
laler utawa coro kang bisa nggawa penyakit kuwi mau saka sampah kang numpuk. Buwang
sampah ing kali bisa nyebabake pencemaran banyu kali. Apa maneh yen ana wong kang hajat
ing kali. Apa dheweke ora mikir yen banyu kali iku penting kanggo uripe masyarakat ing
padesaan? Pambuwangan sampah lan limbah ing kali bisa ngganggu proses banyu ngresep
ing lemah. Apa maneh yen ana sampah-sampah plastik kang ora bisa diurai dening
mikroorganisme lemah, bisa ngakibatake numpuke sampah lan limbah. Yen sampah
dibuwang ing kali, sampah bisa numpuk ing dhasar kali lan nyebabake pendangkalan dhasar
kali. Mula ing mangsa rendheng, kali ora bisa nampung banyu, lan bisa nyebabake banjir.
Semana uga dampak saka sampah kang diobong, bisa nyebabake penyakit saluran
pernapasan, amarga kebul kang dikasilke saka ngobong sampah kuwi yen mlebu ing paru-
paru bisa nyebabake sesek, apa maneh yen sampahe awujud plastik bisa nyebabake kanker
paru-paru.
1. Banjir disebabake amarga warga padha buwang sampah ana ... .
A. ratan C. pantai
B. kali D. gunung
2. Pambuwangan sampah lan limbah ing kali bisa ngganggu proses banyu ngresep ing ... .
A. watu C. lemah
B. pasir D. kali
3. Kebul kang dikasilke saka ngobong sampah kuwi yen mlebu ing ... bisa nyebabake sesek.
A. irung C. kuping
B. mata D. paru-paru

TO US/BHS JAWA/2022-2023 1
4. Nalika ana sampah-sampah plastik kang ora bisa diurai dening mikroorganisme lemah,
bisa ngakibatake ... .
A. penyakit C. lelara
B. mambu D. numpuke sampah lan limbah
Crita ing ngisor kanggo soal nomer 5 – 10.
Aku Didukani Pak Kepala Sekolah
Crita iki kedadean nalika aku kelas 5 SD. Nalika semana aku liwat ana ing ngarepe
ruang Kepala Sekolah. Ing kono ana kaca riben warnane ireng. Nalika aku liwat ketok
bayanganku. Aku mandheg terus ngaca. Maune mung nata jambul, suwe-suwe aku terus
nggaya nirokake gayane petinju. Tanganku takkepelake terus tak-acung-acungke. Ngono kuwi
takbolan-baleni. Pas lagi nggaya-nggayane, rumangsaku aku ketok gagah. Ora ngertia, saka
njero ruangan Pak Kepala Sekolah mirsani. Aku kaget ora karuan. Pak Kepala Sekolah duka-
duka. Aku didukani dikira nantang Pak Kepala Sekolah.
5. Panggonan ing crita iku yaiku ... .
A. ngarep kelas C. ngarep ruang Kepala Sekolah
B. ngarep ruang kesehatan D. ngarep ruang perpustakaan
6. Sing dilakoke Aku ing ngarep kaca riben yaiku ... .
A. nggaya nirokake gayane petinju C. nggaya mesam-mesem
B. nggaya nyanyi D. nggaya njoget
7. Ora ngertia, saka njero ruwangan Pak Kepala Sekolah mirsani.
Basa ngoko tembung "mirsani" yaiku ... .
A. maca C. ndelok
B. ngombe D. seneng
8. Aku didukani dikira nantang Pak Kepala Sekolah.
Basa ngoko tembung "didukani" yaiku ... .
A. disenengi C. diguyuni
B. diseneni D. ditresnani
9. Tanganku takkepelake terus tak acung-acungke.
Basa krama tembung "tangan" yaiku ... .
A. grana C. asta
B. paningal D. rikma
10. Crita pengalaman ing ndhuwur iku kalebu crita ... .
A. nyedihake C. tresna
B. lucu D. medeni
Pacelathon ing ngisor kanggo soal nomer 11 – 14.
Sinta : “Mar, kowe lagi ngapa?”
Marni : “Aku lagi nandur kembang.”
Agus : “Kembange maneka warna lan endah. Apa kabeh duwekmu, Mar?”
Marni : “Iya, ibu mundhutake kabeh kembang iki ana pasar kanggo aku.”
Sinta : “Tak ewangi nyirami kembange ya?”

TO US/BHS JAWA/2022-2023 2
Marni : “Wis ora usah, malah dadi ngrepoti.”
Agus : “Ora apa-apa, aku tak njupuk banyu neng kran.”
11. Paraga sing lagi nandur kembang yaiku ... .
A. Marni C. Agus
B. Sinta D. Ibu
12. Isi pacelathon ing ndhuwur yaiku ... .
A. tuku kembang ana pasar C. nandur kembang karo kanca
B. nyirami kembang karo ibu D. ajar gawe kerajinan kembang
13. Bapak : “Nang, kok yahmene durung nyekel buku malah nonton TV?”
Danang : “Sekedap malih kula sinau, Pak.”
Bapak : “Sing sregep ya le, suk yen pinter ya kanggo awakmu dewe.”
Danang : “Nggih, Pak. Maturnuwun.”
Amanat pacelathon ing dhuwur yaiku ... .
A. wajib bekti marang Bapak C. dadi murid kudu setiti
B. kudu tresna marang Bapak D. dadi bocah kudu sregep sinau
14. Anggi : “Wul, Tina ana ngendi?”
Wulan : “Tina ora mlebu dina iki.”
Anggi : “Lho, lha ngapa?”
Wulan : “ ... ”
Anggi : “Muga-muga enggal mari lan bisa mlebu sekolah.”
Ukara kanggo jangkepi pacelathon ing ndhuwur yaiku ... .
A. Lunga karo bapake ning Surabaya. C. Wetenge lara amarga kakehan sambel.
B. Simbahe seda wingi sore . D. Lunga menyang Kudus.
Pacelathon ing ngisor iki kanggo soal nomer 15 lan 16.
Bapak : “Santi, Ibumu mau lunga ning ngendi?”
Santi : “Ibu tindak dhateng peken, Pak?”
Bapak : “Arep ngapa menyang pasar?”
Santi : “...”
15. Ukara kanggo jangkepi pacelathoning ndhuwur yaiku ... .
A. Arep tuku endog lan gula. C. Badhe mundhut endog lan gula.
B. Arep mundhut endog lan gula. D. Badhe mundhut tigan kaliyan gendhis.
16. Santi kandha marang Bapak nganggo basa ... .
A. krama alus C. ngoko alus
B. ngoko D. krama ngoko
Wacanen pethikan geguritan ing ngisor iki kanggo pitakon nomer 17-20!
Uripe Manungsa
Ana uripe manungsa
ingkang rekasa
amarga kakean dosa

TO US/BHS JAWA/2022-2023 3
ora gelem nindake dhawuhe agama
geleme mung nyusahke wong tuwa
ora isoh nyukuri sing diparingi Pencipta
17. Irah-irahan geguritan ing ndhuwur yaiku ... .
A. Manungsa Becik C. Uripe Manungsa
B. Manungsa Kakean Dosa D. Syukuri Urip
18. Geguritan ing dhuwur isine pitutur babagan ....
A. agama C. pendidikan
B. kekancan D. budaya
19. Uripe manungsa rekasa amarga....
A. kakean dosa C. syukur marang Pencipta
B. nindakake dhawuhe agama D. gawene nyenengke wong tuwa
20. Pitutur kang bisa dijupuk saka geguritan ing dhuwur yaiku....
A. uripe manungsa sing rekasa
B. seneng njaluk wong tuwa
C. kudu gelem nindakake dhawuhe agama
D. manungsa ora gelem syukur marang Pencipta
21. Rudi seneng gawe tangis adike.
Tanggepan kanggo ukara ing nduwur yaiku ... .
A. Aku sarujuk amarga adike nakal
B. Aku sarujuk amarga Rudi kudu menang dadi mase
C. Aku ora sarujuk amarga ora gelem njajake adike
D. Aku ora sarujuk amarga karo sedulur kudu rukun
Wacanen kanggo soal nomer 22 lan 23!
jangan kacang jangan kara
kladuk uyah kurang gula
piwelingku mring pra mudha
aja wedi ing rekasa
22. Parikan ing nduwur kang kalebu "isi" yaiku ... .
A. jangan kacang jangan kara
kladuk uyah kurang gula
B. jangan kacang jangan kara
piwelingku mring pra mudha
C. piwelingku mring pra mudha
aja wedi ing rekasa
D. kladuk uyah kurang gula
aja wedi ing rekasa
23. Parikan ing ndhuwur kang kalebu "pambuka/purwaka" yaiku ... .
A. jangan kacang jangan kara
kladuk uyah kurang gula

TO US/BHS JAWA/2022-2023 4
B. jangan kacang jangan kara
piwelingku mring pra mudha
C. piwelingku mring pra mudha
aja wedi ing rekasa
D. kladuk uyah kurang gula
aja wedi ing rekasa
24. Abang-abang ora legi
...
Isi parikan kang bener yaiku ... .
A. Mulang murid dadi pinter C. Kudu sabar dadi manungsa
B. Dadi bocah kudu sregep sinau D. Yen nyabrang dalan kudu ati-ati
25. Bapak tindak kantor sareng kaliyan rencang.
Basa ngoko kanggo ukara ing dhuwur yaiku... .
A. Bapak mangkat kantor sareng karo kanca.
B. Bapak mangkat kantor bareng karo kanca.
C. Bapak tindak kantor bareng karo rencang.
D. Bapak tindak kantor sareng kaliyan kanca.
26. Warga padha buwang sampah ana kali. Banyu kali dadi ora bisa mili utawa mampet.
Kedadeyan kang bakal ana nalika udan yaiku ... .
A. banyu kali asat C. banyu dadi bening
B. banyu kali banjir D. lemahe longsor
27. Ambar lan Ratih mulih sekolah jam 12 awan. Ing pinggir ndalan cedhak sekolahan ana
sing bakulan rujak. Amarga kahanan panas lan rujake katon seger, Ambar lan Ratih
mandeg tuku rujak nganggo lombok cacahe sepuluh.
Kedadeyan sakwise Ambar lan Ratih jajan rujak ing pinggir dalan yaiku ... .
A. Mampir menyang omahe kancane lan nggawakke rujak
B. Cepet-cepet mulih ngomah ngombe es amarga kepedesen.
C. Bali menyang sekolahan njaluk obat amarga sirahe mumet.
D. Tekan ngomah wetenge padha mules amarga rujake pedes banget

28. Latine pasangan yaiku ... .

A. s C. b
B. p D. n

29. Latine pasangan yaiku ... .

TO US/BHS JAWA/2022-2023 5
A. d C. c
B. t D. g
30. Aksara Jawa tembung “sapu latar” yaiku ... .

A. C.

B. D.

31. diwaca ... .

A. ngangkat kayu C. ngombe banyu


B. numpak bis D. bapak sare

32.

Ukara kang jumbuh karo gambar ing sisih kiwa yaiku ... .
A. Rahmat numpak sepedha karo kancane menyang pasar
B. Rahmat numpak sepedha nabrak tong sampah
C. Rahmat mangkat sekolah numpak sepedha
D. Rahmat tangane reged amarga ndandani sepedha

33. Ibu Kepala Sekolah, Bapak Ibu Guru tuwin para tamu sedaya, keparenga kula minangka
wakil saking siswa kelas VI, ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami
dhumateng Bapak Ibu Guru, awit saking sih katresan anggenipun nggulawentah
dhumateng kula sakanca, saengga saged ngrampungaken kewajiban anggen kula
sakanca ngangsu kawruh wonten ing pawitan menika.
Isine pidhato ing dhuwur yaiku ... .
A. sambutan adik kelas kang ngucapake pamit ing acara perpisahan kelas VI
B. sambutan wakil siswa kelas VI kng ngaturaken puji syukur marang Allah Swt.
C. sambutan wakil siswa kelas VI kang ngaturaken panuwun kerawuhan para tamu
D. sambutan wakil siswa kelas VI kang ngaturaken panuwun marang Bapak Ibu Guru

34. Ing ngisor iki kang kalebu tembang dolanan, kajaba ... .
A. Gundul-Gundul Pacul C. Cublak-Cublak Suweng
B. Pocung D. Jaranan
35. Paugeran tembang macapat kang tegese cacahe wanda ing saben gatra/larik yaiku ... .

TO US/BHS JAWA/2022-2023 6
A. guru gatra C. guru wilangan
B. guru lagu D. guru macapat

II. Wangsulana pitakon ing ngisor iki kanthi bener!


36. Gawea patang (4) ukara kang jumbuh karo gambar ing ngisor iki!

37. Bu Palupi : “Irwan, kenapa esuk-esuk kowe kok ngantuk?”


Irwan : “Inggih, Bu, amargi wau dalu mboten saged tilem.”
Bu Palupi : “Yagene ora bisa turu?”
Irwan : Amargi nengga Ibu gerah wonten griya sakit.
Bu Palupi : O, Ibumu gerah? Gerah apa?
Irwan : Inggih, Bu, Ibu gerah tipes.
Tulisna isi pacelathon ing ndhuwur?

38. Masak roti nganggo mentega


...
Jangkepana isi parikan (2 gatra) ing ndhuwur!
39.
Saktenane urip iku
Kudu tinata ing ati
Manawa raga lan alam
Iku mbutuhake suci
Tembung suci ya kawedhar
Resik alam resik raga
Tulisen paugeran tembang macapat Kinanthi ing ngisor iki!
Guru gatra = ...
Guru wilangan = ...
Guru lagu = ...

TO US/BHS JAWA/2022-2023 7
40. a) Tulisen latine aksara Jawa iku!

b) Tulisen nganggo aksara Jawa!


Bapak sare

TO US/BHS JAWA/2022-2023 8

You might also like