You are on page 1of 3

KHUTBAH IDUL FITRI

Jamaah shalat Idul Fitri ingkang dipun rahmati Allah


Sedoyo puji namung kagunganipun Allah ta’ala, ingkang sampun maringi kita
kathah kanugrahan, ngantos mboten saget kita etung peparingan saking Allah
ingkang sampun kita tampi.
Langkung-langkung wonten ing dinten meniko, kito saget makempal sareng-
sareng keluargo, sedherek, ugi umat Muslim kanthi awak ingkang sehat lan ati
kang bungah, sebab dinten meniko kito sami ngrayaake Idul Fitri utawi dinten
riyoyo,
dinten ingkang kebak berkah soho roso bungah. Pramilo, sedoyo nikmat puniko
monggo kito syukuri kelawan lisan, ati, soho tumindhak becik. Mugi-mugi kito
sedoyo kalebet tiyang ingkang syukur dhateng Allah ta’ala. Amin Amin Allohumma
Amin
Wonten ing Dinten Riyoyo puniko, lumrahipun dados dinten kangge makempal,
silaturahim nepung paseduluran. Nepung paseduluran utawi silaturahim puniko
perkawis ingkang sahe, ingkang sampun didhawuhake Kanjeng Nabi
Muhammad :

Artosipun: “Sinten tiyang ingkang remen dijembarke rizkine lan didawake umure,
mongko prayogane podho silaturahim (nepung paseduluran).”

Nepungke paseduluran, ateges mboten namung sedulur kandung utawi tunggal


trah, ananging ugi sedulur ing dalem tunggal agama (ukhuwah Islamiyah), tunggal
bongso (ukhuwah wathoniyah), lan tunggal utawi podho menungsane (ukhuwah
basyariah).
Paseduluran ingkang guyub, akhire ndadosake keluargo rukun, ndadosake warga
rukun, ndadosake umat rukun, lan ndadosake negoro rukun.
Jamaah shalat Idul Fitri rahimakumullah
Idul Fitri menika ugi dados wekdal ingkang sahe kangge kita podho nyuwun
pangapuro. Sak sampune kita ngresiki awak kito saking dosa, kelawan nindhaake
ibadah poso soho amalan-amalan sanese wonten ing Wulan Ramadhan, kito
sampurnaaken kanthi lebure doso kita marang sepodho.

Naliko kito nyuwun ngapuro, mboten ateges kito kalah utawi lemah. Ugi menawi
kito caos ngapuro, mboten ateges kito ingkang langkung sahe.

Mekaten atur khutbah wonten ing kesempatan meniko. Mugi-mugi kito sedoyo
didadosaken Allah ta’ala, kalebet tiyang ingkang bejo dunyo lan akhirot.
Dingapuro sedoyo doso kito. Ditampi sedoyo amal ibadah kito. Lan mugi-mugi kito
dikempalake Allah sareng keluargo, guru-guru kito, lan Kanjeng Nabi Muhammad
saw wonten ing Suwarganipun Allah ta’ala. Amin, allahumma amin.

KHUTBAH 2

You might also like