You are on page 1of 3

PENILAIAN TENGAH SEMESTER 1

SDN SAMBONGDUKUH 1
KECAMATAN JOMBANG
TAHUN PELAJARAN 2022/2023

Mapel : BAHASA JAWA Nomor :


................................
Kelas : VI (Enam) Nama :
................................
Hari, tanggal : Ttd. Ortu :
................................
Waktu : 90 menit

KD. 3.1. Mengenal, memahami, dan mengidentifikasi teks informasi yang diperoleh dari
berbagai media berbahasa daerah secara lisan/tertulis.
A. Pilihen jawaban sing paling bener!
1. Paugeran (aturan/pedoman) ing tembang macapat ana 3, yaiku kang kasebut ing ngisor
iki, kajaba ....
A. guru gatra C. guru lagu
B. guru wilangan D. guru sastra

Wacan ing ngisor iki wacanen kanggo mangsuli pitakon no. 2 nganti 5

................................................................

“Hutan Indonesia Paru-Paru Dunia” ukara kui ing saben saben dina pengetan
Lingkungan Hidup mesthi dikumandhangake saindenge donya. Alas ing bumi Indonesia pancen
klebu alas tropis sing paling amba sadonya. Alas tropis mujudake prodhusen oksigen sing
paling gedhe sadonya. Mula ora salah yen alas Indonesia diarani paru-parune donya.

Kanyatane saiki alas ing Indonesia meh kabeh wes rusak. Rusake alas ing Indonesia
disebabake saka bencana alam, umpamane: gunung mbledhos, gempa bumi/ lindhu, yen
rusake amarga kobong, banjir bandhang, tanah longsor bisa uga disebabake pokl gawene
menungsa.

Panguripan ing ngendi wae mbutuhake oksigen. Ora mung manungsa, kewan ugo
butuh oksigen supya paru-parune sehat, seng bisa mrodhuksi oksigen seng resik ya tanduran
seng subur. Tanduran bisa subur yen lemahe uga subur. Subure lemah kuwi yen akeh humuse
lan cukup banyune, humuse seng akeh asale saka godhong-godhong sing gogrog nutupi
lemah, banyune akeh yen ana oyod oyode wit gedhe sing bisa nandhon banyu sajroning
lemah. Mulane ayo dilestarekake alase supaya tetep bisa dadi paru parune donya.

2. Irah-irahan kang trep kanggo wacan ing nduwur yen arupa slogan yaiku...
A. Alasku paru-paruku C. Alasku paru-parune donya
B. Alasku sehat, paru-paruku sehat D. Lestari alasku, lestari bumiku
3. Ukara inti ing paragrap 1 wacang ing dhuwur yaiku.....
A. Alase rusak, paru-parune ndonya rusak C. Alas Indonesia kuwi alas tropis
B. Alas Indonesia paru-parune donya D. Alas tropis produsen oksigen
4. Ukara inti ing paragrap 2 wacan ing dhuwur yaiku ….
A. Alase Indonesia rusak kabeh. C. Indonesia bencana gempa bumi.
B. Alase Indonesia dirusak menungsa. D. Lemahe Indonesia longsor kabeh.
5. Ukara ing ngisor iki tuladha teks pawarta wujud andharan ngenani kedadeane …
A. Alas ing bumi Indonesia pancen klebu alas tropis sing paling amba sadonya.
B. Rusake alas ing Indonesia disebabake saka bencana alam lan saka pokal gawene
manungsa.
C. Alas tropis mujudake prodhusen oksigen sing paling gedhe sadonya.
D. Prahara banjir bandhang mau kelakon ing dina Selasa, 16 Agustus 2016 Jam
22.00WIB
6. Ing ngisor iki titikane sesanti utawa slogan sing bener yaiku….
A. Ukarane ngajak-ngajak C. ukarane nyenengake

PTS 1/ Bahasa Jawa/ Kelas 6/ SDN Sambongdukuh 1 Jombang 1


B. ukarane mamerake D. ukarane ngujuk-ujuki
7. Ing ngisor iki titikane pariwara/iklan sing bener yaiku…
A. ukarane ngajak-ajak C. ukarane nyenengake
B. ukarane mamerake D. ukarane ngujuk-ujuki
Wacan ing ngisor iki wacanen, kanggo mangsuli pitakon no 8 nganti 10!

Bocah-bocah dha sekolah,


Wiwit biyen nalika isih cilik,
Sregepa anggolek ilmu,
Wayah esuk lan awan,
Ngrungokake parentahe para guru,
Lan bisa ngerti agama,
Agama ngarsaning Gusti.

8. Tembang ing dhuwur arane tembang .....


A. Pucung B. Asmaradana C. Kinanthi D. Pangkur
9. Guru lagu lan guru wilangane tembang ing dhuwur yaiku ....
A. 8a – 8i – 8u – 8e – 7a – 8i – 8i C. 8h – 11k – 8u – 7n – 12u – 8a – 8i
B. 8a – 11i – 8u – 7a – 12u – 8a – 8i D. 8a – 11i – 10u – 7a – 12u – 8i – 8a
10. Unine swara saben pungkasaning gatra tembang macapat, diarani ….
A. guru lagu B. guru wilangan C. guru swara D. guru gatra
Kanggo soal nomer 11 nganti 13 , gatekna tembang ing ngisor iki!

Bapak pucung, saben dina tansah bingung,


badanira panjang,
tutukira pan pesagi,
saben dina pucung nguntal buntutira.

11. Tembang ing dhuwur jenenge tembang ….


A. Gambuh C. Sinom
B. Pucung D. Mijil
12. Guru wilangan lan guru lagune gatra katelu ing tembang dhuwur yaiku …
A. 7i B. 8i C. 9i D. 10i
13. Tembang ing dhuwur satemene cangkriman. Batangane …
A. Tali C. sabuk
B. kalung D. Ula

Kanggo soal nomer 14 nganti 15 , gatekna tembang ing ngisor iki!


Sekar Pangkur kang winarna
Lelabuhan kang kanggo wong aurip
Ala lan becik punika
Prayoga kawruhana
Adat waton puniku dipun kadulu
Miwah ingkang tata krama
Den kaesthi siyang ratri

14. Tembang ing dhuwur ngemu pitutur supaya wong kuwi padha mangerteni ….
A. ala lan becik C. kamurkan
B. kasenengan D. kasusahan
15. Tembang Pangkur ing dhuwur ana....gatra
A. 5 C. 7
B. 6 D. 8
B. Wacanen tembang ing ngisor iki!
Sagung pra rawuh sedaya,
Mugi pinayungan nugraha yekti,
Asih tresna Alloh satuhu,
Tansaha kasarira,

PTS 1/ Bahasa Jawa/ Kelas 6/ SDN Sambongdukuh 1 Jombang 2


Puja-puji syukur saha sembah sujud,
Konjuk ing ngarsa paduka,
Gusti Alloh maha suci.
Wangsulana pitakon ing ngisor iki!

16. Golekana guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune!


17. Apa isine tembang mau?
18. Apa bedane teks pariwara karo teks sesanti?
19. Kepriye tuladhane teks pariwara?
20. Nani tuku gula
Tulisen nganggo aksara jawa!

PTS 1/ Bahasa Jawa/ Kelas 6/ SDN Sambongdukuh 1 Jombang 3

You might also like