You are on page 1of 4

PEMERINTAH KABUPATEN BOJONEGORO

SD NEGERI BUNTALAN II KEC.TEMAYANG


PENILAIAN AKHIR TAHUN (PAT)
TAHUN PELAJARAN 2023/2024
TTD Mata Pelajaran : Bahasa Jawa NILAI Paraf Guru
Orang Tua/ Kelas/ Semester : VI / 2
Wali: Hari/ Tanggal : ………………………….
Waktu : ………………………….
Nama/ Nomor : ………………………….
…………. ………….. ………….
I. Wenehana tandha ping (x) aksara a, b, c, utawa d, jawaben kang bener!
Wacan ing ngisor iki wocanen kanthi premati!
Tembang Macapat
Manut sejarahe tembang macapat iku karipta dening para sunan lan para winasis
kraton Surakarta lan Ngayogyakarta, malah ana sing ngarani jaman Majapahit. Tembang
macapat iku carane maca papat-papat (patang wanda) uga nduweni teges minangka filsafat
laku jantrane wong urip wiwit jaman ruh nganti tumekane pati utawa diarani "Sangkan
Paraning Sumadi". Kaya kang diterangake ing ngisor iki.
1. Maskumambang nggambarake manungsa isih awujud ruh kang dititipake ing guwa
garbaning ibu.
2. Mijil tegese lair dadi manungsa ngalami fase bayi wiwitan ngenal donya.
3. Sinom nggambarake tataran masa mudha utawa kanoman, yaiku fase manungsa wiwit
kenal perkara-perkara anyar.
4. Kinanthi ing tataran iki mujudake mangsa goleki jati dhiri, cita-cita, lan maknane urip.
5. Asmaradana ing fase iki manungsa wis mikirake asmara/cinta, golek calon pasangan
uripe.
6. Gambuh, fase wiwit nindakake panguripan anyar, yaiku mbangun kulawarga kanthi
lelambaran suci, giligake visi, misi, lan ancas uripe.
7. Dhandhanggula, fase iki manungsa ngalami masa paling dhuwur, nggambarake pait
getire urip, unggulan kahanan fisik lan materi.
8. Durma ing tataran iki manungsa urip iku ora dhewe, ya kudu mikirake wong liya.
9. Pangkur fase iki manungsa wis ngancik umur, duwe rasa welas asih marang wong kang
gawe uripe tegese wis ora pati mikir kadonyan, nanging tansah mbudidaya anggone
luwih cedhak karo sing gawe urip.
10. Megatruh, tegese mangsa pisahe roh karo jasade (mati) tumuju mring alam keabadhian.
11. Pucung, tegese wis dadi pocongan dibuntel mori putih, nggambarake ya mung amal
kang suci sing dienggo sangu ngadhep Gustine. Surge lan neraka bakal ditampa jumbuh
karo amal tumindhake nalika urip ning donyane.

1. Tembang macapat iku cacahe ana ....


a. sanga b. sepuluh c. sewelas d. rolas
2. Tembang macapat kang dumadi saka 5 gatra yaiku ....
a. Maskumambang lan Pocung c. Durma lan Kinanthi
b. Megatruh lan Gambuh d. Pangkur lan Asmaradana
3. Sing miwiti ngripta tembang macapat, yaiku ....
a. para sunan wali sanga c. Sultan Agung
b. Raja Majapahit d. Paku Buwono
4. Fase iki manungsa wis wayahe ngudi anggone cedhak karo Gusti Allah, nyuda wawa
nyingkur perkara kadonyan. Digambarake ing tembang ....
a. Kinanthi b. Asmaradana c. Pangkur d. Durma
5. Jabang bayi mijil saka guwa garbane ibu, tegese tembung mijil ing ukara kasebut ....
a. metu b. lewat c. mampir d. lair
6. Jupuk lan ngirim dhuwit ore usah antri ing ngarepe petugas bank, cukup nganggo kartu
ATM, wis bisa nindakake jupuk lan ngirim dhuwit kanthi cepet. ATM singkatan ....
a. Alat Tunai Mandiri c. Alat Tarik Mudah
b. Anjungan Tunai Mandiri d. Alat Tukar Menukar
7. Wingi bengi Dargo kecekel lan ditahan ning kantor polisi gara-gara njupuk HP-ne kancane
tanpa taren. Pak Nasib bapake Dargo melu therak-therek ngurusi anake ning kantor polisi.
Kaye ngene iki paribasane ....
a. Anak polah bapa obah. c. Polahe anak padha karo bapak
b. Anak polah bapa kepradhah. d. Anak anung anindhita.
8. Baratayudha ing crita Mahabarata mujudake perang gedhe antarane ....
a. Pandhawa lan Kurawa c. Kurawa Ian Dwuarawati
b. Alengka lan Maswapati d. Sekutu kayo Jepang
9. Atur syukur lan atur pakurmatan iku kalebu .... pidhato.
a. pambuka b. isi utawa surasa c. panutup d. salam panutup
10. Bapak pocung
kedhul-kedhul tekan mendhung
Ngambah jumantara
Asal saka crobong wesi
Yen kalantur bisa dadi tuk bebaya
cangkriman ing dhuwur batangane ....
a. wong ngrokok b. asep pabrik c. kenalpot d. omah kobong

11. Tandha ing ngisor iki sing diarani pada adeg-adeg, yaiku ....

12. Omah iku dibangun tahun 1989.


Tahun 1989 yen ditulis aksara lan angka Jawa ....
13.

Ukara Jawa iki unine ....


a. Ngemarika yujati larang pragane. c. Nglemari kayu jati larang regane
b. Lemari kayu jati marang regane. d. Lemari kayu jati larang regane.
14. Ukara-ukara kasebut sing kalebu purwakanthi swara, yaiku ....
a. Pitik walik saba kebon c. Sega sekepel dirubung tinggi
b. Gemi setiti ngati-ati d. Welinge guru, bocah iku kudu mituhu marang
Bapa Ian Ibu
15. Ukara-ukara ngisor iki sing kalebu parikan yaiku ....
a. Asung bekti, bektine marang Gusti. c. Sapa salah kudu seleh
b. Jemek-jemek gula jawa. aja ngenyek marang kanca. d. Kebo bule cancang
merang.
16. Buku Mahabharata iku nyritakake riwayate ....
a. Prabu Rama lan Shinta c. Prabu Dasamuka lan Anoman
b. Pandhawa lan Kurawa d. Prabu Dasamuka lan Prabu Rama
17. Nakula lan Sadewa iku anake Prabu Pandhu karo ....
a. Dewi Madrim b. Dewi Kunthi c. Dewi Ambika d. Dewi
Gangga
18. Sing diarani satriya panengahe Pandhawa
a. Raden Werkudara b. Raden Janaka c. Raden Nakula d. Raden
Sadewa
19. Pandhawa iku anak turune ....
a. Santanu b. Destarastra c. Pandhu d. Parasara
20. Semar, Gareng, Petruk, Bagong iku sinebut ....
a. Abdi Sekawan b. Karangkedhempel c. Kanca Sekawan d. Punakawan
21. Sing dadi ratune negara Ngamarta iku ....
a. Prabu Puntadewa b. Prabu Duryudana c. Prabu Kresna d. Prabu
Destarastra
22. Ukara-ukara kasebut kalebu cangkriman, kajaba ....
a. pak boletus c. sega sakepel dirubung tinggi
b. pitik walik saba kebon d. sing weweh bakal wuwuh
23. Ukara-ikara kasebut kalebu Saloka, kajobo ....
a. Ora ganja ora unus c. Ngalem legining gula
b. Tuna sathah bathi sanak d. Rukun agawe santoso crah agawe bubrah
24. Sadurunge nulis crita luwih becik gawe….
a. cengkorongan c. ringkesan
b. orek-orekan d. topic
25. Nulis karangan pengalaman pribadi iku adhedhasar…
a. macacrita c. Angen-angen
b. kasunyatan d. Kira-kira

II. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki kanthi wangsulan kang trep !
26. Pidhato kang ditindakake kanthi dadakan utawa spontan uga diarani cara ....
27. Luke lan garu iku pralatan tani tradisional yen traktor pralatan tani sing ....
28. Tanda titik ( . ) ing pungkasaning gatra aksara Jawa diarani pada ....
29. Puji syukur lan tetepungan kalebu bagian .... pidhato.
30. Cacahe wanda ing saben gatra iku diarani guru ....
31. Tembang macapat sing nggambarake uripe wong kang lagi seneng-senenge kerana apa kang
digayuh dapat kasembadan yaiku ….…..
32. Kabupaten Bojonegoro dumadi saka ....kecamatan
33. Sing sopo salah bakale….
34. Raden gathutkaca iku anake ... karo Dewi Arimbi.
35. Aksara jawa ing ngisor iki unine

…….

III. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis !


1. Perangan apa wae sing kanggo panutupe pidhato?
2. Manut wujude ukara cangkriman kaperang dadi papat. Sebutna !
3. Apa tegese “ Becik ketitik ala ketara” iku?
4. Gaweo tuladha purwakanthi guru swara !
5. Tulisen nganggo Aksara jawa !
”Rani nyapu latare ben resik”

You might also like