You are on page 1of 11

LATIHAN SUMATIF AKHIR JENJANG SEKOLAH DASAR

SATKORDIK KECAMATAN MAYONG


TAHUN PELAJARAN 2023/2024

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Hari/Tanggal : ………………………………….


Kelas : 6 (Enam) Waktu : ………………………………….

I. Berilah tanda silang (x) pada huruf A, B, C atau D yang merupakan jawaban paling benar pada
lembar jawab yang telah disediakan!

PILIHAN GANDA
Ngendeg Kamurkan, Ngudi Kamakmuran
Ngelingi kahanan bangsa lan nagara sing tambah mawut, awit tumindake para manungsa singsaya suwe
tambah murka sing ndadekake kasangsarane kawula. Mula Ratu Ayu (Ray) MegaArum Dewi Sri
Suparwi, salah sijine spiritualis lan pemangku adat Padhepokan Kyai Langsur,Sukoharjo, Jawa Tengah
banjur nggelar ruwatan Ageng Tutup Sura, kanthi karep mligi amrih parapejabat sing duwe sifat jahat
enggal eling lanngendeg tumindak murka, satemah gelem ngudi kamakmuran rakyat.Prosesi ruwatan
Ageng Tutup Sura iki digelar ing Umbul Tirta Mulya. Jumat Wage 21 Nopember2014 bengi. Upacara
iki dipandhegani Ratu Ayu Mega Arum Dewi Sri Saparwi. Upacara iki uga ngajak wong Surakarta cacah
29 wong. Yaiku wong sing tansah apes uripe. Wong-wong iku diwajibake nggawa sesaji arupa woh
naga,gedhang raja, apel diwadhahi tampah, tengahe diwenehi lilin lan dhuwit salilane. Lilin banjur di
sumet Bu Dewi, pratandha oleh pepadhange urip. Prosesi dibacutake kirab tolak balak.Tumeka
sapinggire umbul, para penari njoged Bedhaya Dewi Mega Awan, pralambang Gusti Maha inkang paring
berkah.Panutuping atur Bu Dewi ngelingake unine Pujangga Ranggawarsita, "Yen ora ngedan
orakeduman, becik ketitik ala ketara. Sabegja-begjane kang lali isih begja kang eling lan waspada."

1. Upacara Ruwatan Ageng Tutup Suradi pandhegani dening Bu Dewi.Tembung dipandhegani tegese ....
A. dipimpin C. diragati
B. ditekani D. dikancani
2. Topik kang trep karo wacan ing dhuwur yaiku ....

A. ngendeg kamurkan, ngudi kamakmuran C. ngudi kemakmuran


B. ngudi kemakmuran, ngendeg kamurkan D. ngadeg kamurkaan
3. Upacara ruwatan tujuane kanggo ....
A. golek dana C. seneng-seneng
B. narik wisatawan D. nyuwun keslametan
Wacanen kanthi patitis!
Sekaten
Sekaten inggih menika upacara pengetan Maulid Nabi ingkang kaleksanan pitung dinten, awit surya
kaping 5 wulan Mulud ngantos dumugi 12 Mulud. Prosesi ingkang sepisanan inggih menika mboyong 2
gamelan pusaka saking kraton dhateng Masjid Agung Solo. Kekalih gamelan kalawau nggadhahi asma
piyambak-piyambak. Ingkang sepisan inggih menika gamelan Kyai Guntur Madu, ingkang
dipunpanggenaken wonten sisih kidul Masjid Agung Solo. Dene ingkang satunggalipun, inggih menika
gamelan Kyai Guntur Sari ingkang dipunpanggenaken wonten sisih ler. Gamelan menika dipuntabuh
gantosan awit enjang ngantos dumugi tengah dalu. Para abdi dalem ingkang putri sami ndhahar kinang
ingkang dipunwadhahi conthong. Jajanan khas Sekaten inggih menika cabuk rambak, wedang rondhe,
ndhog asin, lan sekul liwet.
Sasampunipun pengetan Sekaten kaleksanan pitung dinten, ing surya kaping 12 Mulud
dipunwontenaken adicara Grebeg Mulud. Wonten mrika wonten upacara slametan lan arak-arakan
gunungan saking kraton dumugi Masjid Agung. Gunungan menika karonce dening kacang-kacangan, woh-
wohan, sayuran, lan sanes-sanesipun. Nalikanipun gunungan sampun dumugi Masjid Agung, gunungan
menika dados rebutan sedaya masyarakat ingkang mirsani adicara menika. Pangajabipun mugi angsal
berkah lan rejeki ingkang lancar. Adicara Sekatenan menika dipunpungkasi mangsulaken gamelan pusaka
dhateng Kraton.
4. Upacara pengetan Maulid Nabi ingkang kaleksanan pitung dinten, awit surya kaping 5 wulan Mulud ngantos
dumugi 12 Mulud diarani opo?
A. Sekaten C. Tedhak siten
B. Maulid D. Mitoni
Wacanen pratelan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 5-9!
Gathutkaca Gugur
Raden Gathutkaca satriya ing pringgondani tiniban sampur dadi senopatining perang saka trah pandhawa.
Sak durunge manjing ing palagan, Raden Gathutkaca ngadep marang ibune kang aran Dewi Arimbi. Dewi
Arimbi rumangsa seneng amarga putrane dadi senopatine Pandhawa. Para prajurit Pandhawa miwiti nyerang
barisan wadyabala Kurawa.Swara pedang, panah, candrasa, lan swarane prajurit kang padha tiwas ndadekake
Tegal Kurusetra pinda babadan pacing wadya bala kurawa akeh kang padha nemahi pralaya. tegal Kurusetra
prasasat banjir ludira. Adipati Karno kang dadi senopatine kurawa, age-age menthang langkap jemparinge.
Mangewu-ewu panah mlesat banter tumuju ing prajurit pandhawa. Sak nalika prajurit pandhawa padha
salang tunjang.
5. Tembung pralaya ana ing wacan Gathutkaca Gugur tegese .…
A. semaput B. sekti C. mati D. lara
6. Raden Gathutkaca satriya ing ....
Jawaban kang trep kanggo Pitakon kang ing ndhuwur yaiku
A. Jodhipati C. Plangkawati
B. Pringgodani D. Puntadewa

7. Kang nduweni pengapesan bakal nemahi pralaya bilih kataman senjata Kunta yaiku ….
A. Pandhawa C. Adipati Karna
B. Prabu Kresna D. Raden Gathutkaca
8. Pokok isi teks wonten wacan kasebut inggih menika ….
A. adipati karna lantip ing panggraita
B. gathutkaca nemahi pralastra
C. ikhlas nampi takdiring manungsa
D. adipati karna kataman aji narantaka
9. Satriya kang nggawa sanjata Kunta lan ratu saka Awangga yaiku ….
A. Adipati Karna C. Werkudara
B. Gathutkaca D. Sadewa
10. Rem Blong

Ing dina Minggu aku, Adam, Riyan, Robert, lan Veno numpak sepedhah menyang pemancar televise
Ndemuk. Dalane munggah lan menggak-menggok, nganti ambeganku krenggosan. Bareng tekan pemancar,
aku sakanca padha wedi tibake ngarepe pemancar ana kuburane, mula banjur budhal mulih. Mulihe dalane
mudhun, sepedane direm supaya ora banter. Sepedhane Adam lan Robet direm ananging kok panggah
banter wae, pranyata rime blong. Krosaaaaaak……byuuuuuurrrr..... bocah loro kecemplung kali.
Tegese tembung panggah yaiku ….

A. ananging B. ajeg C. sawis D. banjur


11. Wacanen pratelan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 11-12!
Kula inggih punika setunggaling tiyang siswa SD kelas 6 ingkang gadhah gegayuhan dados dokter.
Kula tansah semangat sinau lan usaha kangge angsal nilai ingkang sae. Nanging, ing wanci ujian
nasional, kula ngalami sande. Kula mboten saged ngerjakaken soal-soal ujian kanti sae lan kula mboten
lulus ujian nasional. Kula rumaos kecewa sanget lan putus asa. kula rumaos menawi cita-citanipun kula
kangge dados dokter sampun pupus.
Nanging, kula mboten nyerah kados puniku mawon. Kula gadhah tekad kangge mengulang ujian
nasional warsa salajengipun. Kula sinau kanthi langkung giat lan tlatos. Kula ugi numuti les tambahan
kangge nglebeti materi wucalan. Ing ujian nasional warsa salajengipun, kula kasil lulus kanti nilai
ingkang maremaken. Kula dipuntampi ing salah setunggal universitas ternama ing Indonesia kangge
jurusan kedokteran.
Isi cerita pengalaman ing duwur yaiku ….

A kesed sinau supados pinter


B sinten ingkang purun usaha langkung, mesti kasil
C sedih lan putus asa amarga mboten saget ngerjakaken soal-soal
D gagal ujian nasional

12. Pokok-pokok isi teks cerita ing duwur yaiku ….

A. seneng banget amarga lulus ujian nasional


B. seneng banget amarga lulus dadi dokter
C. kecewa lan putus asa amarga mboten lulus ujian nasional
D. semangat ngraih cita-cita

13. Rikala preinan sekolah Rudi sakulawarga menyang Kebon Binatang Gembiraloka Yogyakarta. Amarga
dalane rada macet, tekan panggonane udakara jam sedoso. Ing kana, Rudi lan keluwarga delok maneka
warna kewan. Atine Rudi bungah banget bisa dolan karo kulawargane. Iki kalebu pengalaman kang ora
bisa dilalekke.
Atine Rudi rikala dolan menyang Gembiraloka yaiku …..
A. Seneng B. trenyuh C. Sedih D. bingung
14. Gatekno tembang kinanthi ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 14-17!
Kinanthi
Padha gulangen ing kalbu
Ing sasmita amrih lantip
Aja pijer mangan nendra
Kaprawiran den kaesthi
Pasunen sarira nira
Cegah dhahar lawan guling
Kaprawiran den kaesthi. Tembung Den Kaesthi tegese …..
A. pitutur C. kepinteran
B. pituduh D. pitulung
15. Guru lagu lan guru wilangane tembang ing duwur yaiku…
a. 8a, 8i, 8e, 8a, 7a, 8u, 8a c. 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
b. 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i d. 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a
16. Tembang kinanthi duweni watak ….
A. galak, nesu, muntab C. seneng, tresna, asih, sih-sihan
B. nelangsa, keranta-ranta, kelara-lara D. grapyak, sumanak, renyah
17. Kaprawiran den kaesthi. Tembung Den Kaesthi tegese …..
A. pitutur C. kepinteran
B. pituduh D. pitulung
18. Bapak tindak kantor
Ukara ing dhuwur yen ditulis nganggo aksara jawa yaiku ....
A.
B.
C.
D.
Satuhunipun kulo lan sak konco awrat sanget badhe nilaraken pawiyatan menika amargi sedoyo
ingkang wonten dateng mriki sampun kados sederek lan kaluargo. Namung amargi kulo lan rencang -
rencang kedah nglanjutaken ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan ingkang luwih inggil, kulo lan
rencang rencang kedah saget dening ikhlas nilaraken pawiyatan menika.
Kadosipun sampun cekap anggenipun kulo matur. Bilih menawi wonten kalepatan kulo nyuwun
agenging pangapunten.
Tembung nilaraken nduweni teges ....
A. nularke C. nyerahke
B. ninggalke D. nglalekake
19. Wacanen pratelan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 20-21!
Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh
Salam kabecikan tumrap kita sedaya.
Para rawuh ingkang kinurmat. Ingkang kapisan, sumangga sesarengan kula panjenengan konjukaken
raos syukur dhumateng Gusti Ingkang Kuwaos, amargi namung saking kanugrahan saking gusti Allah
kulo panjenengan sedaya saged kempal ing papan punika kanthi mboten wonten kekirangan setunggal
punapa. Salajengipun, kula aturaken matur nuwun dhumateng Bapak kades ingkang kersa rawuh dhateng
adicara “Seminar Pangenalan Ndamel Pupuk Kompos” ing Desa Kalipucang punika.
Para rawuh ingkang kinurmat, menawi kula panjenengan waspada sesarengan. Kula panjenengan sedaya
asring manggihi tumpukan larahan ing pundi-pundi. Menawi larahan menika mboten dipunproses kanthi
leres tembe wingkinge saged dados sumber perkawis ingkang mutawatiri. Tuladhanipun dumadose banjir
lan sumber dumadose penyakit ingkang mbebayani kados demam berdarah, muntaber, lan
sapanunggalane.
Sejatosipun wonten maneka cara kagem ngawekani perkawis ingkang disebabaken larahan punika.
Salah satunggale inggih menika ngowahi larahan dados kompos. Ngenani tata caranipun inggih punika :
Nyiapaken jogangan.
Milih larahan ingkang gampang bosok.
Salajenge larahan ingkang gampang bosok lajeng dipendhem.
Ditengga antawis setunggal wulan ngantos larahan dados lemah.
Menawi sampun dados lemah, kompos sampun saged digunakaken.
Cekap semanten atur kula. Menawi wonten kekirangan kula nyuwun agunge pangaksami.
Wassalamualaikum warrahmatullahi wabarrakatuh.
Babagan apa kang digagas ing adicara punika?
A. carane mbuang larahan C. carane ndamel pupuk kandhang
B. carane nguri kebersihan lingkungan D. carane ndamel pupuk kompos saka larahan
21. Pitakon ingkang jawabane ora ana ing pidhato yaiku …..
A. apa kang digagas ing pidhato punika? C. ing adicara apa pidhato ditindaake?
B. apa kang diaturake marang warga? D. kapan adicara diaadake?
22. Wacanen kanthi patitis!
Para sedherek sedaya, makaten sekedhik andharan ingkang kula aturaken ing acara pengetan Dinten
Pahlawan menika. Kulo ngrumaosi taksih kathah kalepatan ingkang kula tindakaken nalika ngandharaken
menika. Pramila, kula tansah nyuwun agunging samodra pangaksami.
Kutipan pidhato iku nuduhake bagian ….
A. salam pidhato C. isi pidhato
B. panutup pidhato D. cengkorongan pidhato
23. Wacanen kanthi patitis!

Puji syukur katuraken in ngarsanipun Gusti Allah SWT ingkang Maha Asih awit ing wekdal meika kita
taksih pinaringan kaharjan saengga ing wekdal menika kita saged makempal.
Kula Arini wakil saking kelas 6 ngaturaken agunging panuwun dhumateng Bapak Ibu Guru, awit saking
sih katresan anggenipun nggulawentah dhumateng kula lan rencang-rencang, saengga kita saged
ngrampungaken kewajiban ngangsu kawruh wonten ing pawitan SD Banyuripan.
Kula lan rencang-rencang naming saged ngaturaken pandonga mugi-mugi amal lan kasaenan Bapak Ibu
Guru pikantuk pinwales saking Allah SWT, tansah pinaringan kawilujengan, kasarasan, lan karentreman,
saengga kita saged nggulawenthah dhateng para murid ngantos paripurna kanthi biji ingkang sae.
Topik kang trep kanggo pidhato/ sesorah ing dhuwur yaiku ….

A. pendidikan C. lingkungan
B. perpisahan D. kesehatan
24. Katon Cetha. Ukara iki menawa ditulis ngango aksara jawa dadi…

A.

B.

C.

D.

Wacanen kanthi patitis pacelahon ing ngisor iki kanggo soal nomor 25-26 !

Dina Minggu esuk Bagas, Ajeng, Bapak, lan Ibu padha preinan sekolah. Mula padha bareng-bareng
reresik omah.
Bapak : “ Gas, mrenea! Rewangana Bapak ngresiki plapon kuwi!”
Bagas : “ Nggih, Pak! Kula mendhet sapu panjang rumiyin.”
Bapak :“ Gas, sisan njupukna andha kanggo ngranggeh panggonan sing reged dhuwur kae!”
Bagas : “ Nggih, Pak…, menika andhanipun.”
Bapak : “ Kene…kene, galo regede kaya ngana.”
Bagas : “ Nggih-nggih, Pak! Saenipun se-minggu sepisan kedah dipun resiki kok Pak!”
Bapak : “Pancen kudune ngono Gas, mula suk Minggu kerja bakti meneh.”
Bagas : “Nggih Pak, benjing kula rencangi!”
Ibu : “Sing ngati-ati lho Gas!”
Bagas : “Nggih, Bu!”
Ibu : “Yen wis rampung, Ibu direwangi nandur kembang kene karo adimu Ajeng ya!”
Ajeng : ‘”Kembang menapa Bu? Punapa Ibu mundhut?
Ibu : “Ora, iki kembang olehku nyuwun saka daleme bu RT.”
Bagas : “Nggih Bu, mangke kula rencangi.”
25. “Kembang menapa Bu?,Punapa Ibu mundhut?”

Tembung “mundhut” tegese yaiku ….

A. njaluk B. diwenehi C. nyuwun D. tumbas

26. Pacelathon ing dhuwur ngrembug bab ....

A. kerja bakti desa B. reresik omah C. nyaponi plapon D. nandur jangkrik

27. Gathekno Pacelathon ing ngisor iki!


Ibu : “Deb, klambimu kumbahen dhisik, banjur agemane Bapak uga!”
Debi : “Dhawuh Mbak Rus kemawon Bu, kula ajeng dolan kalian kanca-kanca.”
Saka Pecelathon ing dhuwur watake Debi yaiku?
A. sregep B. kemaki C. keset D. nakal
28. Gathekno Pacelathon ing ngisor iki!
Arif : “Hallo, sugeng ndalu.”
Atik : “Sugeng dalu.”
Arif : “Menika sinten nggih?”
Atik : “Kula Atik. Saged matur kaliyan Arif?”
“Rif, aku sesuk ora bisa melu sinau.Bareng ing omahe Doni Amarga .Mbahku lagi gerah.
Aku sesuk arep tilik mbahku.Ngaputene ya Rif,”
Arif : “iya ora apa-apa, Tik.”
Kang nindakake pacelathon ing dhuwur yaiku …
A. Arif lan Doni C. Atik lan Simbah
B. Atik lan Doni D. Arif lan Atik
29. Ing pacelathon, Atik ora bisa sinau bareng amerga simbahe gerah.
Tembung “gerah”duweni teges …
A. lara B. sehat C. sumuk D. katisen
30. Omong-omongan karo wong tuwo becike nggunakake basa …
A. ngko lugu C. krama lugu
B. ngko alus D. krama alus
ISIAN

Wacanen kanthi patitis!

Tedhak Sinten

Tedhak siten utawa tedhak siti yaiku salah sawijine upacara adat kanggo bocah umur pitung wulan
utawa enem lapan. Tradisi adat iki asring ditindaake ing tlatah Jawa. Tedhak siten iku asale saka tembung
tedhak kang nduweni teges “idhak utawa mudhun” lan siti ( saka tembung siti) utawa lemah (bumi).
Upacara dianaake amarga kapitayan ing masyarakat menawa lemah iku nduweni makna gaib lan dijaga
dening Bathara Kala. Kanggo nolak kedadeyan kang ora becik, mula dianakake upacara ngenalake putra
lan putrine marang Bathara Kala minangka kang njaga lemah. Anggone nglakoni upacara iki luwih becik
menawa miturut weton.

31.Topik kang trep karo wacan ing dhuwur yaiku … .

32. Ibu lungo pasar tuku lawuh.

Ukara ing dhuwur menawa dikramaake dadi, Ibu tindak peken ... ulam.
Wacanen kanthi patitis!

Gathutkaca Gugur
Raden Gathutkaca satriya ing pringgondani tiniban sampur dadi senopatining perang saka trah
pandhawa.Sak durunge manjing ing palagan,Raden Gathutkaca ngadep marang ibune kang aran Dewi
Arimbi.Dewi Arimbi rumangsa seneng amarga putrane dadi senopatine Pandhawa.Para prajurit
Pandhawa miwiti nyerang barisan wadyabala Kurawa.Swara pedang,panah,candrasa,lan swarane prajurit
kang padha tiwas ndadekake Tegal Kurusetra pinda babadan pacing.wadya bala kurawa akeh kang padha
nemahi pralaya.tegal Kurusetra prasasat banjir ludira.Adipati Karno kang dadi senopatine kurawa,age-
age menthang langkap jemparinge.Mangewu-ewu panah mlesat banter tumuju ing prajurit pandhawa.Sak
nalika prajurit pandhawa padha salang tunjang
33. Nilai moral ingkang saget kita petik saking cerito kasebut yaiku ... .

Wacanen kanthi patitis!

Minggu wingi aku ulang tahun umur 10 tahun, ibukku duweni rencana gawe acara ulang tahun nek
omah lan ngundang kabeh konco-koncoku sing jumlahe ono 15.Aku seneng banget pas diaturi ibuk ulang
tahunku bakal dirayakno.Sebelum dino kang ditunggu-tunggu, aku diajak ibuk lan bapak tumbas klambi
anyar gae acara kasebut.Ruang tamu omahku juga bakal di hias gawe balon-balon lan pita sing katon apik
lan meriah.Ora ketinggalan ibukku juga pesen roti ulang tahun bentuk minion sesuai karo sing tak senengi.
Dulur-dulur sekitaran omah ugo moro lan mbantu ibukku ngewangi masak gae acara kasebut.Konco-
koncoku podo teko lan gowo hadiah, enek sing menehi kado buku, pensi, tas, lepak lan sepatu.Acara kasebut
berjalan dengan meriah, momen iku ora bakal iso tak lalekne.

34. Ukara pitakon kang trep kalian cerito ing dhuwur yaiku ... .

Wacanen kanthi patitis!


Mudik Menyang Solo

Jenengku Tirta. Ing tahun 2022 iki, aku mudik menyang Solo. Aku lan keluargaku kabeh mangkat
saka Semarang sedina sakdurunge Idulfitri. Jarak Semarang menyang Solo cedak, mung 60 km kira-kira.
Aku lan keluargaku lewat tol. Biasane waktu perjalanan ditempuh mung sekitar rong jam

Nanging, amarga macet banget, perjalanan ditempuh watara limang jam. Ing perjalanan arep
menyang Solo, aku lan keluargaku sempet mampir rest area lan pom bensin ping telu. Pas kui isih poso,
dadi awake dewe ora mampir maem. Awake dewe mung mampir leren lan isi bensin. Wes limang jam
menempuh perjalanan, akhire aku lan keluargaku tekan ing dalemipun eyang putri ing Solo. Aku wis
kangen banget eyang putri lan sedulur-sedulurku kabeh.

Dina iku uwis sore, dadi aku lan bapak ibu langsung resik-resi awak uga persiapan takbiran ing
kampung. Aku seneng banget akhire iso melu takbiran keliling maneh ing Solo. Sakwise takbiran aku
langsung bali omah eyang lan turu risik ben sesuk isuk iso tangi salat Idulfitri. Aku lan keluargaku salat
Idulfitri ing lapangan cedak dalemipun eyang. Bar kui, awake dewe kabeh langsung nyuwun ngapura,
urut saka sing tuwa ning sing luwih enom. Bar salam-salaman banjur maem opor, rendang, lan sambel
goreng ati gaweyan eyang, ibu, lan bulikku. Nah, salah sawijining momen sing tak nanti akhire
kedadean, yaiku silaturahmi kalian tonggo. Para tonggo podo moro ing omahe eyang kanggo
silaturahmi. Aku bisa ketemu kanca-kanca cilikku
35. Watak paraga kang jengen Tirta yaiku ... .
Tembang Kinanthi
Padha gulangen ing kalbu

ing sasmita amrip lantip

aja pijer mangan nendra

ing kaprawiran den kaesthi

pesunen sarinira

sudanen dhahar lan guling

36. Tembung kang nduweni teges pinter yaiku ... .

37. ꦤꦸꦭꦶꦱ꧀ꦲꦶꦁꦧꦸꦏꦸ

Aksara jawa ing dhuwur manawa ditulis nganggo aksara latin unine ... .
38. Mangga kita sedaya ngaturaken puji sukur dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung ingkang sampun
paring nikmat saha kewarasan dhumateng kita sedaya dumugi sakmenika kita sedaya saged kempal wonten
ing adicara perpisahan sakmenika. Kula minangka wakil saking kanca-kanca kelas 6 ngaturaken panuwun
sanget kagem bapak ibu guru ingkang sampun nggulawenthah kula sakanca ing pawiyatan menika ingkang
dangunipun enem warsa.
Kesimpulan kang trep kanggo bacaan ing duwur yaiku ... .
39. “Monggo kita sedaya ngaturaken puji syukur dumateng Gusti ingkang maha Agung ingkang sampun
maringaken sedaya nikmat lan kewarasan dateng kita sedaya dumugi sakmeniko kita sedaya saged
kempal wonten ing acara punika.”
Penggalan pidato kasebut termasuk bagian … .
40. “Tuku gulo” yen diubah ngganggo aksara jawa yaiku …. .

URAIAN
41. Kutha Gresik kelebu kutha sing ora tau turu. Kegiyatan sasuwene patlikur jam kaya-kaya
ora tau sepi. Mulo ya ora gumun yen akeh wong dodolan sing bukak dagangane wiwit esuk nganti
pendhak esuk maneh. Kayata warung panganan, warung kopi, lan liyo-liyane.. sing mestine dudu
pedhagang gedhe nanging para PKL “Pedagang Kaki Lima”.
Tulisen ide pokok paragraph ing duwur!

42. Owahana ukara ing ngisor iki dadi aksara latin!

43. Owahana ukara ing ngisor iki dadi aksara jawa!

Mala tuku sego siji.

44. Wacanen kanthi patitis !


Pas bali sekolah, aku karo kanca-kancaku mangkat niliki Andi sing wis ra mlebu sekolah seminggu.
Krungu-krungu, Andi ki loro tipes. Aku mbek konco-konco inisiatif urunan gawakne roti lan buah sing
disenengi Andi. Aku lan koncoku numpak onthel bareng sisan bali. Ndilalahe pas nek tengah dalan ora
sengojo ban othelku kecubles paku.

Tulisen kalimat utama/ ukara pokok ing paragraph iki!

45. Owahana pacelathon ngisor iki dadi wacan narasi!

Ratna : “Wah, elok banget ya, Candi Borobudur iki !”


Dinda : “ Ya jelas Na. Lha wong kalebu keajaiban dunyo.”
Galuh : “ Aku tak mlaku mrana dhisik ya, Na? “
Ratna : “Luh, ati-ati aja misah saka kelompok, bisa ilang lho ! “
Galuh : ( mlaku ngadoh). “ ora-orane yen ilang, wong ngerti tulis kok. Ya takon-takon ta.”
Bu Guru : “ Bocah-bocah, sapa sing durung munggah bis?.”
Agus : “ Galuh, Bu !”
Bu Guru : “ lha Galuh kelompoke sapa ? “
Ratna : ( Ana ngacung ) “ kula, Dinda kalih Agus, Bu ! “
Dinda : “ Kala wau Galuh pamit minggah candi piyambak, Bu.”
Kunci Jawaban
Pilihan Ganda

1 a 11 b 21 D
2 a 12 c 22 B
3 d 13 a 23 b
4 a 14 a 24 C
5 c 15 b 25 D
6 b 16 c 26 B
7 c 17 a 27 C
8 a 18 d 28 D
9 a 19 b 29 A
10 b 20 d 30 C

Isian
31. Tedhak Sinten
32. Tumbas
33. Dadi wong kudu wani bela kang bener
34. Sopo sing ulah tahun ?
35. Sabar, sregep lan patuh kalih wong tua (Protagonis)
36. Lanthip
37. Nulis ing buku
38. Ngaturaken panuwun dhumateng bpak/ibu guru
39. Pambuka pidato (Purwaka basa).
40.

Uraian
41. Pedhagang Kaki Lima
42. Sugeng rawuh para sedulur
43.

44. Pas bali sekolah, aku karo kanca-kancaku mangkat niliki Andi sing wis ra mlebu sekolah seminggu.
45. Ratna, Dinda, Galuh, lungo plesiran ing candhi Borobudur, banjur Galuh misah saka kelompok, akhire
keri munggah bis.

You might also like