You are on page 1of 5

PENILAIAN AKHIR SEMESTER I SEKOLAH DASAR

TAHUN PELAJARAN 2022/2023

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa

Kelas : IV(empat)

Wacanen kang patitis banjur kanggo njawab pitakonan nomer 1 – 5 !

Kemajuan Teknologi

Jaman saiki beda banget karo jaman mbiyen.Jaman biyen pagaweyan ora bisa cepet
kaya jaman saiki.Contone ing babagan pertanian.Mbiyen among tani nganggo sapi utawa
kebo kanggo ngluku lan nggaru sawah.Jaman saiki wis akeh sing nganggo traktor.Wektu
ngluku lan nggaru nganggo traktor bisa luwih cepet tinimbang nganggo tenaga sapi utawa
kebo.Jaman biyen,pari sing wis dipanen,banjur diiles utawa digepyok.Jaman saiki wis akeh
sing nganggo mesin perontok.

Ning ngomah uga wis akeh teknologi sing nggawe gampang pagawean.Ibu-ibu ora
perlu nganggo kayu utawa areng,amarga wis ana kompor gas.Arep umbah-umbah yo luwih
gampang amarga ana mesin cuci.Jaman biyen,nek ngliwet nganggo ketel lan soblok.Saiki iso
nganggo pemasak nasi (rice cooker/magic com).Le ngliwet ora perlu ditunggoni.

Kemajuane teknologi liyane ing babagan teknologi informasi.Handphone sing


ditemokake Martin Cooper nggawa perubahan sing gedhe.Saiki ngirim kabar marang wong
sing adoh iso cepet banget,nganggo SMS utawa WA.Ing mangsa pandemi,nalika wong ora
entuk ketemu langsung,rapat iso dilaksanakke nganggo Google meeting utawa Zoom.Anane
internet marai donya katon ciut,nganti ana sing ngarani ,”Jagad Sagodhong Kelor”.Awake
dewe iso ndelok kabar saka negara liya kanti gampang nganggo handphone.

Awake dewe kudu iso manfaatake teknologi kanti pinter lan bener.Amarga

teknologi,kususe gadget (telepon pinter) iso nggawa pengaruh apik lan pengaruh
elek.Conto pengaruh apike : kanggo golek ilmu utawa berita saka internet,sinau lewat
jaringan (online).Conto pengaruh elek saka gadget : iso marai radiasi yen kesuwen le
ngedep gadget,telpon piter iso marai bocah keset sinau merga asyik ngegame.Supaya ora
keseret pengaruh elek saka gadget (telpon pinter),awake dewe uga kudu nambah
kandeling iman marang Gusti Sing Paring Urip

1
KD 3.1

I. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki,miturut wacan ing dhuwur!


1. .Apa irah-irahan wacan ing dhuwur?
2. Kewan apa sing dinggo ngluku lan nggaru ing jaman biyen?
3. Genea saiki yen ngliwet luwih kepenak?
4. Genea ana sing ngarani “Jagad Sagodhong Kelor?”
5. Kepriye carane ben ora kena pengaruh elek saka gadget?
II. Wenehana tanda ping (X) ing aksara a,b,c,utawa d sangarepe pratelan
sing bener!
6. Alat ing ngisor iki jenenge.…

a. Traktor
b. huller
c. graji mesin
d. mesin perontok pari

7. Kafa wis ora perlu tuku paketan kanggo melu belajar online, merga ibune wis
masang . . . ing omahe. Ukara sing cocok kanggo ngisi ceceg-ceceg ning ndhuwur
kuwi yaiku...
a. Laptop c. wifi
b. telepon d. parabola

8. Apa gunane AC?


a. kanggo ngatur suhu c. kanggo ndelok film
b. kanggo ngirim berita d. kanggo hiasan

9. Salah sijining dampak positif teknologi yaiku...


a. pagawean dadi angel
b. pagawean dadi suwe
c. bocah-bocah isa ngegame terus
d. bisa ndelok rupane sedulur sing adoh.

10. Conto dampak negatif teknologi yaiku...


a. komunikasi luwih gampang c. kabar luwih cepet tekan
b. bocah dadi wegah sinau d. perjalanan luwih cepet

2
KD 3.2

11. Sing udu jeneng tembang macapat yaiku...


a. Gambuh c. Jurudemung
b. Pucong d. Kinanti

12. Watak tembang Gambuh ing ngisor iki sing ora bener yaiku....
a. ngandut rasa susah c. ngandut rasa seneng
b. sumadulur d. Semanak

13. Cacahe larik ing saben tembang diarani.....


a. guru gatra c. guru lagu
b. guru wilangan d. Purwakanthi

14. Gatekna larik tembang iki :

Yen mberung andelarung

Ana pirang wanda larik tembang ing nduwur?

a. 6 b. 7 c. 8 d. 9

15. Ana ing sesebutan Basa Indonesia,geguritan kui diarani....


a. pantun c. puisi
b. gurindam d. syair

Gatekna tembang ing ngisor iki,kanggo njawab pitakonan nomer 16 tekan 20!

Ana pocapanipun

adiguna,adigang,adigung

pan adigang kidang,adigung pan esthi

adiguna ula iku

telu pisan mati sampyoh

III. Isenana ceceg-ceceg ing ingisor iki nganggo tembung sing bener!
16. Larik ke -3 ana ... wanda.
17. Guru wilangan lan guru lagu larik ke - 5 yaiku ...
18. Apa tegese tembung “pocapanipun?”

3
19. Apa tegese tembung “esthi?”
20. Apa tegese “adigang?”

KD 3.3

I. Wenehana tandha ping ( X ) ing aksara a, b, c, utawa d sangarepe pratelan


sing paling bener!
21. Sing dudu putrane Prabu Kresnadipayana yaiku...
a. Dhestarastra c. Yama Widura
b. Pandhu d. Abiyasa

22. Ing ngisor iki wong tuane Pandhawa Lima,kajaba....


a. Dhestarastra c. Dewi Kunthitalibrata
b. Pandhu d. Dewi Madrim

23. Sing disebut panengahe Pandhawa yaiku....


a. Yudhistira c. Arjuna
b. Bratasena d. Sadewa

24. Pandhawa Lima duwe sifat ...


a. seneng ngapusi c. licik
b. seneng tetulung d. ora sabaran

25. Dasanamane Bratasena yaiku...


a. Bima c. Yudhistira
b. Arjuna d. Nakula

26. Ibune si kembar saka Pandhawa Lima yaiku....


a. Dewi Madrim c. Dewi Dursilawati
b. Dewi Sinta d. Dewi Kunti

27. Nakula lan Sadewa duwe kepinteran ing babagan...


a. perdagangan c. tetanen
b. perhitungan d. transportasi
28. Asal-usule Pandhawa lima saka negara...
a. Ngastina c. Ngalengka
b. Ngamarta d. Ngawangga

4
29. Paraga wayang ing ngisor iki,asamane...

30. Paraga wayang ing ngisor iki,duwe asma…

a. Arjuna
b. Bima
c. Nakula
d. Sadewa

KD 3.4

31. Basa krama kudune digunakake kanggo pacelatonne...


a. bocah karo kancane c. bendara marang rewange
b. murid karo gurune d. simbah karo putune

32. Ibu sampun menyang peken.

Tembung sing digaris ngisor,kudune....

a. tindak c. kesah
b. dolan d. menyang

II. Isenana ceceg-ceceg ing ingisor iki nganggo tembung sing bener!
33. Genepana ukara ngisor iki nganggo tembung sing cocok!

Aku wis bali saka sekolah, menawi bapak sampun... saking kantor.

34. Gantinen nganggo basa krama!

Simbah mara ning ngomahku.

35. Jono : ....................................

Bapak : “Piro butuhmu kanggo tuku buku?”

Gawekna tembung sing kudu diucapke Jono ing guneman ing nduwur kae!

You might also like