You are on page 1of 7

PEMERINTAH KOTA SEMARANG

KORSATPEN KECAMATAN GAJAHMUNGKUR


SEKOLAH DASAR NEGERI BENDAN NGISOR
Alamat : Jl.Lamongan Raya No.60 Semarang telp.024-8317203

PENILAIAN AKHIR SEMESTER 1 TAHUN PELAJARAN 2023/2024


Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Kelas/Semester : VI (Enam) / 1 (Satu)
Hari/Tanggal : Kamis, 30 November 2023
Waktu : 09.30-11.00

KD.3.1
I. Wenehana tandha ping (X) aksara A, B, C utawa D ing wangsulan kang bener !

Wacanen kanthi patitis kanggo mangsuli pitakon no 1-3!


Tedhak Siten
Tedhak Siten punika salah satunggalipun adhat Jawi kagem lare 7 selapan utawi 245 dinten.
Rikala lare wau nembe sepindhah anggenipun sinau mlampah. Selapan punika 35 dinten sepindhah,
kagem tuladha menawi lare lairipun rikala dinten Kemis Legi, mangke ing dinten Legi ngajeng punika
kasebat selapan. Tedhak Siten punika dumadi saking kalih tembung, inggih punika "tedhak" utawi
idak, tegesipun mandhap,lan “siten" saking tembung siti ingkang anggadhahi teges bumi. Dados
Tedhak Siten punika amengku pangertosan "ngidakaken sikil ing lemah/pertiwi”
Tedhak Siten nggambaraken pasinaonipun lare kagem nglampahi pagesangan wonten ing
ngajeng. Upacara Tedhak Siten ugi anggadhahi teges celakipun manungsa kaliyan bumi. Pramila kita
kedah nindakaken pagesangan ingkang sae ing bumi punika kaliyan tansah njagi tuwin ngruwat bumi.
Punika kangge ngemutaken menawi bumi sampun maringaken kathah sanget punapa kemawon
ingkang dibetahaken dening manungsa.

1. Tedhak Siten dumadi saka 2 tembung. Tembung “ siten” tegese yaiku . . . .


A. srengenge
B. seneng
C. kuwat
D. bumi

2. Amanat utawa pesen moral sing di andharake sajrone prastawa budaya kasebut yaiku….
A. nindakake pagesangan ingkang sae ing bumi
B. bumi iki wis tuwa dadi padha jaganen
C. ajar mlaku diwiwiti saka cilik
D. sikil kuwi perangan awak sing kudu disyukuri

3. Tedhak siten kuwi duwi teges celake wong karo . . . .


A. srengenge
B. langit
C. bumi
D. angin

4. ?bnTlBiru.
Pasangan kang digunakake ana ing tetembung iku yaiku ….
A. ta lan pa
B. ta lan ba
C. ta lan ya
D. ta lan nga
II. Isenana ceceg-ceceg ngisor iki nganggo tembung kang trep!

5. Prastawa budaya iki salah siji tradhisi kang dianakake setaun pisan dening masarakat pesisir,
mligine para minantaka. Tradhisi iki dileksanakake minangka rasa syukur konjuk Gusti Kang
Mahakuwasa jalaran menehi asil saka njaring iwak sing segara. Kajaba saka iku prastawa iki uga
minangka sarana kanggo donga supaya anggone kerja ing segara diparingi asil
jaringan iwak sing akeh.
Prastawa budaya iki diarani ….

6. Nembangake macapat kinanthi iku ora gampang kanggonne bocah-bocah saiki.


Kosokbalene tembung kang kacithak kandel yaiku ….

III. Wangsulana pitakon ing ngisor iki kanthi trep !


7. Critakna prastawa budaya iki nganggo basa padinanmu, 3 ukara wae!

KD.3.2
I. Wenehana tandha ping (X) aksara A,B,C utawa D ing wangsulan kang bener !

Gatekna wacan iki kanggo mangsuli pitakon nomer 1-3!


Nalika Perang Baratayuda, Abimanyu gugur dikeroyok para Kurawa ing dina kaping telulas.
Esoke dina kaping patbelas Arjuna mbales sedane Abimanyu kanthi merjaya Jayadrata. Duryudana
duka banget mangerteni Jayadrata tiwas, Jayadrata kapernah adhi ipene. Dheweke meksa Karna
nglurug markas Pandhawa bengi kuwi uga. Karna banjur kapeksa mangkat sanajan kuwi nglanggar
aturan perang.
Krungu para Kurawa nyerang ana tengah wengi, Pandhawa ngirim Gathutkaca kanggo
ngadhang. Gathutkaca sengaja dipilih amarga kotang antrakusuma sing diagem Raden Gathutkaca
bisa cumlorot ing wayah bengi nuwuhake cahya padhang.
Perang bengi kuwi medeni banget. Gathutkaca mateni Kurawa kang aran Lembusa. Ning
dheweke dhewe kelangan pamane sakloron, yaiku Brajalamadan lan Brajawikalpa sing tiwas bareng
mungsuh-mungsuhe yaiku Lembusura lan Lembusana.

1. Abimanyu mati dikeroyok kurawa ing dina ….


A. kaping telulas
B. kaping patbelas
C. kaping limalas
D. kaping nembelas

2. Gathutkaca dipun utus pandhawa supados nyegah kurawa amargi…..


A. Kurawa nyerang pandhawa wonten wekdal enjing
B. Kurawa nyerang pandhawa wonten wekdal siang
C. Kurawa nyerang pandhawa wonten wekdal ndalu
D. Kurawa nyerang pandhawa wonten wekdal esuk

3. Ukara pitakon kang jumbuh karo isine pada ketelu yaiku….


A. Sapa kang mateni Gathutkaca ing peperangan?
B. Sapa kang ngirim Gathutkaca mangkat peperangan?
C. Sapa jenenge pamane Gathutkaca kang mati ing peperangan?
D. Sapa kang ngeroyok Abimanyu ing peperangan?

4. ?teknRtn\
Aksara jawa ing ndhuwur wacane yaiku ….
A. Tekan taman
B. Tekan ndalan
C. Teka awan
D. Tekan ratan

II. Isenana ceceg-ceceg ngisor iki nganggo tembung kang trep!

Wusana Gathutkaca adhep-adhepan karo Karna kang nduweni pusaka Kuntawijaya. Dheweke
banjur nggawe kembaran awake cacah sewu ndadekake Karna rumangsa bingung. Amarga pituduh
bapake, yaiku Bathara Surya, Karna bisa nemokake Gathutkaca sing asli. Dheweke pun cucul pusaka
Kunta menyang arah Gathutkaca.

5. Tembung kang kacithak kandel nduwe teges…lan….


6. Raden Gathotkaca kuwi gambar kang aksara….
A. B. C D

7. Numpak jaran lanang.


Ukara ing ndhuwur owahana dadi tulisan jawa!

III. Wangsulana pitakon ing ngisor iki kanthi trep !

8. Nalika Perang Baratayuda, Abimanyu gugur dikeroyok para Kurawa ing dina kaping telulas. Esoke
dina kaping patbelas Arjuna mbales sedane Abimanyu kanthi merjaya Jayadrata. Duryudana duka
banget mangerteni Jayadrata tiwas, Jayadrata kapernah adhi ipene. Dheweke meksa Karna
nglurug markas Pandhawa bengi kuwi uga. Karna banjur kapeksa mangkat sanajan kuwi
nglanggar aturan perang.

Apa kang njalari Duryudana ngamuk ?

KD 3.3
I. Wenehana tandha ping (X) aksara A,B,C utawa D ing wangsulan kang bener !

Setitekna wacan ing ngisor iki kanggo mangsuli potakon nomer 1-3!
Bungah Rapotan
Ing dina Setu Legi kepungkur aku rapotan. Aku dheg-dhegan banget amarga biyasane ing
dina rapotan Bu Guru nulis rangking 1 nganti 10 ing ngarep kelas. Dumadakan wektu kuwi Bu guru
miwiti nulis ing papan tulis. "Ayuning Tyas Utami" iku kang ditulis sepisan ing nomor siji. Mak serr....
Aku kaget. Aku separo ora sadhar. Sing dakwaca iku mau jenengku. Kancaku, Sarti langsung
ngekep aku saka mburi, lan dheweke banjur kandha, "Selamat- ya Yu..". Weh.. jebule aku rangking siji.
Kaget tenan atiku, lan sawise iku kanca- kancaku liyane, Samino, Budi, lan Dewi uga menehi aku
tembung selamat.
Aku ra bisa ngomong akeh wektu iku, sing dakanti-anti rangking siji jebule dadi tenanan. Aku
sujud sukur banget marang Gusti Kang Murbeng Dumadi, amarga saka kelas 1 nganti kelas 6 iki aku
durung prenah bisa rangking siji.

1. Tembung bungah tegese pada karo ….


A. nangis
B. serem
C. seneng
D. ngelu
2. Ingkang ndamel Ayuning Tyas Utami kaget inggih punika ….
A. pikantuk rangking setunggal
B. pikantuk rangking sedoso
C. pikantuk rangking kalih
D. pikantuk rangking enem

3. Ukara pitakon ngisor iki kang jumbuh karo isine pada (paragraf) kaping 3 yaiku….
A. Sapa kang ngekep Ayuning Tyas Utami saka mburi ?
B. Saka kelas pira Ayuning Tyas Utami durung pernah rangking siji?
C. Sapa kang nulis ana papan tulis?
D. Sapa wae jenenge kancane Ayuning Tyas Utami ?

4. Manuk gagak.
Tulisan jawa sing bener kanggo ukara ing ndhuwur yaiku….
A. ?wi= [afn\.
B. ? [afn\.
C. ?[wo= [afn\.
D. ?mnukGgk\.
II. Isenana ceceg-ceceg ngisor iki nganggo tembung kang trep !

5. Gambar ing ndhuwur mujudake pengalaman kang ….

6. Ana ing dina minggu aku karo bapak lan ibuku menyang bonbin mangkang numpak mobil. Ana
bonbin aku weruh kewan-kewan akeh, ana kewan sing gedhi lan ana sing cilik. Aku numpak jaran
muter-muter bonbin. Wektu wis awan aku ngelih terus aku tuku bakso mangan bareng karo ibu
lan bapakku.

Crita iku mratelakake pengalaman kang….


7. ?tau kuwi as[l sk ….
Ganepana ukara ing ndhuwur nganggo tulisan jawa!

III. Wangsulana pitakon ing ngisor iki kanthi trep !


5. Wong urip kuwi mesthi duwe pengalaman kang nabet. Pengalaman dolan ana pasar malem kui
nyenengke tapi ya kadang ana kang ora nyenengke.
Coba critakna pengalaman nabet kang ora nyenengke!

KD.3.4
I. Wenehana tandha ping (X) aksara A,B,C utawa D ing wangsulan kang bener!

Tembang kinanthi kanggo nomer 1 - 3


Kinanthi
padha gulangen ing kalbu
ing sasmita amrih lantip
aja pijer mangan nendra
kaprawiran den kaesthi
pesunen sariranira
sudanen dhahar lan guling.

1. Guru wilangan tembang kinanthi ing ndhuwur yaiku ….


A. 8, 8, 8, 8, 8, 6
B. 8, 8, 8, 8, 8, 8
C. 9, 8, 8, 8, 9, 6
D. 6, 8, 8, 8, 9, 8

2. Watake tembang kinanthi ing dhuwur yaiku ….


A. Sumadulur, mulang
B. Pengarepan, prihatin
C. mituturi, nuladhani
D. sombong, nesu

3. Isine tembang kinanthi ing nduwur yaiku ....


A. Mangan kang akeh supaya sehat.
B. Turu sing cukup supaya ora ngantuk.
C. Sinaua disambi karo mangan lan ngombe.
D. Padha sinaua ing sajeroning ati supaya dadi pinter.

II. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki nganggo tembung kang trep !
Tembang kinanthi ing ngisor iki kanggo mangsuli nomer 4 lan 5

Kinanthi
dadia lakunireku
cegah dhahar lawan guling
lan aja kasukan-sukan
anganggoa sawatawis
ala watake wong suka
nyuda prayitnaning batin

4. Tegese tembung dhahar, yaiku ....

5. Lan aja kasukan-sukan . Tembung kasukan-sukan tegese padha karo ....

III. Wangsulana pitakon ing ngisor iki kanthi trep !


6. Tembang macapat iku nduweni paugeran-paugeran. Salah sijine paugeran yaiku guru lagu.
Tulisen guru lagune tembang Kinanthi!

7. Ukara ing ngisor iki tulisen nganggo aksara jawa !


Mangan nanas.
̴ o Sugeng Makaryo o ̴

You might also like