You are on page 1of 8

PEMERINTAH KABUPATEN KEBUMEN

DINAS PENDIDIKAN KEPEMUDAAN DAN OLAH RAGA


SEKOLAH DASAR NEGERI KEJAWANG
Alamat ; Kejawang – Sruweng - Kebumen

PENILAIAN AKHIR SEMESTER


TAHUN PELAJARAN 2023 / 2024
MATA PELAJARAN : BAHASA JAWA
KELAS : VI (enam}
HARI / TANGGAL : Selasa, 5 Desember 2023
WAKTU : 09.30 – 11.00

Petunjuk Umum
1.Tulisen jeneng lan nomermu ing sisih tengen dhuwur
2. Wacanen saben soal kanthi patitis
3. Garap luwih dhisik soal ko anggep gampang
4. Teliti maneh garapanmu sadurunge ko aturake bapak / ibu guru
Petunjuk Khusus
5. Pilihan Ganda wenehana tanda ping (x) ing aksara A, B, C, utawa D sangarepe wangsulan kang
paling bener
6. Isian, isinana ceceg-ceceg ing ngisor iki kanthi ukara kang trep
7. Uraian, wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi wangsulan kang trep

KD. 3.1
Wacanen kanthi patitis !
Kesenian Jathilan
Jathilan punika kesenian joged ngetutaken swara gamelan pengiring ingkang dipun lampahaken
ngangge property ngrupa turangga utawi jaran tiron, ingkang kagamel saking nam-naman pring utawi
kepang, mula onten ingkang mastani kesenian jaran kepang. Kesenian punika saged ditemoni wonten ing
dhaerah Jawa. Ing jamane iki kesenian jathilan adat saben dianani nalika pengetan dina kamardikan ,
hajat mantenan, supitan lan sapanunggalane.
Nanging lare-lare saniki kirang anggenipun migatosaken wontenipun kesenian punika, pramila
kedah dipun tepungaken , utaminipun lumantar sekolah-sekolah, lan sanggar budhaya. Kahanan punika
dumados amargi wontenipun kemajuan jaman ing bidhang komunikasi arupa android ingkang saged
damel lare-lare sengkud kalian gadged nganti lirwa marang samubarang, kalebet ugi ing kesenian punika.

1. Kesenian tradhisional jathilan yaiku mujudake kesenian ...


a. Jaran kepang c. Jaran tiron
b. Jaran joged d. Propereti jaran
c. Kesenian jathilan adate dianani dadi tanggapan nalika ...
a. pengetan dina laire bocah c. pengetan dumadine sekolah
b. supitan , mantenan lan dina kamardikan d. dina sekatenan

d. Pokok pikiran kang trep karo paragraph siji yaiku …....


a. kesenian ing tanah jawa c. werdine kesenian jathilan
b. lare-lare lirwa marang kesenian jathilan d. tontonan ing hajatan
e. Tembung sengkud ing ndhuwur nduweni teges …
a. sregep c. sembrana
b. ngati-ngati d. pinter
f. Ukara – ukara ing ngisor iki kang nganggo basa karma inggil yaiku ....
a. Kula badhe mangan mas, napa penjenengan badhe tumut? c. Tabuh sekawan simbah sampun
wungu
b. Panjejengan napa putrane pak Sardiman? d.Bapak bidhal Jakarta numpak
pesawat
6. Teks kang isine nggambarake salah sawijine objek kanthi cetha diarani….
Gatekna pranyatan ing ngisor iki !
(1) Bapak dhahar roti karo ngunjuk wedang
(2) Simbah nembe gerah waja
(3) Adhik ngunjuk susu
(4) Mas Cahyo tindak dhateng Sala
7. Pranyatan ing dhuwur kang mratelake basa krama alus sing bener,yaiku nomer…lan nomer…
8. Tedhak siten ditindakake kanggo bocah umur….
9. Sebutna 3 (telu) wae titikane teks dheskripsi !
10. Salinen ukara ing ngisor iki nganggo basa krama alus !
a. Bapak lungguh sinambi maca koran.
b. Ibu lagi mangan nalika bapak mulih saka kantor.

K.D 3.2
Wacanen kanthi premati!
Gathutkaca Gugur
….…………………………………………………………………………………………
Ing crita Baratayudha, Gathotkaca maju perang lan dadi senopatine Pandhawa sawise Abimanyu
sing mati diranjap prajurit Pandhawa.Nalika Gathotkaca maju perang ,ora ana prajurit Kurawa sing
nandhingi trajange Raden Gathotkaca.Akeh prajurit sing mati amarga kena aji narantaka lan brajamusti.
Nalika Perang Baratayudha kuwi,Adipati Karna dadi senopati perang mbelani Kurawa.Gathotkaca
kelingan wengine Bathara Narada menawa kudu ngati-ati ngadhepi Adipati Karna.Gathotkaca banjur
mabur dhuwur ing angkasa. Pusaka Kunta Wijayandanu kang goleki warangkane sing manjing ana ing
jero pusere Gathotkaca bingung amarga Gathotkaca ndhelik ana ing suwaliking mega mendhung.
Nalika pusaka kunta wijayandanu bingung goleki Gathotkaca,pusaka mau banjur disaut karo Kala
Bendana lan digawa ana ing papane Gathotkaca. Nalika Gathotkaca ngerti lan bisa ketemu
pamane,dheweke seneng banget.Nanging,ketemune karo pamane jebul dadi dalan patine
Gathotkaca.Gathotkaca kang mati ing angkasa banjur nibani kretane Adipati Karna lan ndadekake
Adipati Karna tiba menyang lemah.Kahanan kuwi mau banjur digunakake dening Arjuna kanggo
nguntabake panah marang Adipati Karna.Adipati Karna banjur gugur bareng karo
Gathotkaca.Gathotkaca gugur dadi satiya kusumanung bangsa.
Wacan ing ndhuwur kanggo jawab soal no 11 lan 12
11. Gathotkaca dadi senopati perang ing negara…
a. Kurawa c. Pringgondani
b. Pandhawa d. Werkudara
12. Ana ing Perang Baratayudha mungsuhe Gathotkaca yaiku….
a. Puntadewa c. Adipati Karna
b. Abimanyu d. Werkudara
13. Satriya pinujul,kang aran Raden Gathutkaca iku putrane….

17. W
ay
an
g
in
a b c. d g
ga
14. Pusaka Kunta Wijayandanu manjing ana ing jero pusere Gathotkaca bingung amarga Gathotkaca m
ndelik ana ing suwaliking mega mendhung. ba
Tembung kang kacetak miring tegese…. r
a. ngumpet c.ndeleng nd
b. nyawang d.ninggal u
15. Pitutur luhur kang ana ing crita wayang “Gathotkaca Gugur”yaiku…. w
a. karo kanca kudu basa c.wong pinter mesti bener
ur
b. dadi wong kudu ngati-ati d.wong ngalah dadi salah
ik
u
ks
atr
iy
16. Wayang ing gambar ndhuwur iku ksatriyane ana ing….
an
17. Yen panas ora kepanasan, yen udan ora kudanan amarga Raden Gathutkaca nganggo pusaka…. e
an
18. Dewi arimbi menehi piweling marang Raden Gathutkaca, sanadyan wis sekti mandraguna,
a
anaging kudu tetep …. in
19. Critake piwulang duwur saka lakon Gathutkaca gugur…. g

.
18. Yen panas ora kepanasan, yen udan ora kudanan amarga Raden Gathutkaca nganggo
pusaka….
19. Dewi arimbi menehi piweling marang Raden Gathutkaca, sanadyan wis sekti mandraguna,
anaging kudu tetep….
III. Wangsulana pitakon ing ngisor iki kanthi prastiti!
19. Critake piwulang duwur saka lakon Gathutkaca gugur….
20. Gugure Raden Gathutkaca ngadadekake sungkawa penggalihe Raden Werkudara lan para
kadang Pandawa. Nagging gugure Raden Gathutkaca minagka satria kumaning bangsa
salawase bakal dieling – eling labuh labete marang bangsa lan Negara
Tulisen isi bakune teks ing dhuwr !
20. Gugure Raden Gathutkaca ngadadekake sungkawa penggalihe Raden Werkudara lan para kadang Pandawa.
Nagging gugure Raden Gathutkaca minagka satria kumaning bangsa salawase bakal dieling-eling labuh
labete marang bangsa lan Negara
Tulisen isi bakune teks ing dhuwur !

KD. 3.3 Memahami Teks Cerita Pengalaman Yang Mengesankan


21. Nalika arep nulis crita pengalaman, bab 1, kang kudu digatekake yaiku ....
a Underaning cerita (Tema)* c Wektu kedadeyan
b Papan panggonan d Wong-wong kang ana ing crita
22. Wacanen kanthi permadi!
Plesir Menyang Pantai
Crita pengalamanku iki kedadeyane nalika aku isih SD. Jenengku Hartono. Sawijining dina,aku lan
keluargaku liburan menyang Pantai kang ana ing Kebumen yaiku pantai Petanahan. Aku lunga kanthi
numpak mobil pribadhi. Aku mangkat seka ngomah watara jam 06.30 esuk banjur tekan kana jam
08.00. Dalan sing tak lewati iku udakara siji setengah jam, amarga pas kue dalane macet, merga dina
Minggu.
Ana ing tengah ndalan, aku ndeleng pakebonan jambu, belimbing, gandul sing ronce-ronce seneng
banget. Sangantine tekan kana, aku ndelok akeh wong sing padha dolanan neng pinggiran pantai.Banjur
aku salin klambi. Aku salin klambi ing kamar mandi sing padha disewakake ana ing pinggiran Pantai
Petanahan, sawise rampung, aku banjur metu saka kamar mandhi lan ngenteni bapak ibu sarta kakangku
dhisik. Ora let suwe, bapak ibu lan kakangku metu saka kamar mandhi.

Tokoh-tokoh ana ing crita kasebut yaitu....


a Bapak, ibu, ana c Bapak, ibu kakange, Hartono
b Ibu, Hartono,Kana d Aku, Dina,
23. Nyritakake pengalaman pribadi, urut saka lekas nganti pungkasan paling cocok nganggo paragraf ....
a eksposisi c argumentasi
b narasi d deskripsi
24. Crita pengalaman seneng banget, dadi juara 1 lomba FTBI, iku jenis crita ....
a legenda c fiksi
b mithe d nonfiksi
25. Underaning crita, uga diarani....
a Irah-irahan c alur
b paraga d tema
26. Crita pengalaman, Kemah wisata ing suwuk tendane klebus kabeh, kalebu pengalaman kang….
27. Ibu mangan roti, bapak ngumbe kopi, yen di kramakake inggil dadine....
28. Tuladhane pengalaman pribadhi, yaiku….
29. Babagan apa kang kudu kok gatekake nalika nyritakake crita pengalaman?
30. Jlentrehna apa kuwi crita pengalaman lan apa wae jinise?

KD. 3.4 Memahami tembang Kinanthi


31. Wujud kasusastran Jawa kang pinathok sarta pamacane kudu kanthi cara dilagokake diarani….
a. geguritan c. tembang dolanan
b. tembang macapat d. tembang campursari
32. Nalika nembangake macapat iku ana bab kang kudu dimangerteni,yaiku….
a. cacahe tembang macapat c. tetembungan lan basa kawi
b. sasmitane tembang macapat d. guru gatra tembang macapat
Wacanen tembang macapat ing ngisor iki kanggo nggarap nomer 33-34 !
Dadiya lakunireku,
Cegah dhahar lawan guling,
Anganggoa sawatawis,
Ala watake wong suka,
Nyuda prayitnaning batin.
33. Tembang macapat ing ndhuwur iku ana… gatra.
a. 5 c. 7
b. 6 d. 8
34. Gatra kaping 5 guru wilangane cacahe ana…wanda.
a. 8 c. 6
b. 7 d. 5
35.

Ukara kasebut diwaca….


a. Abu dodolan layangan abang c. Abo dolanan layangan abang.
b. Aku dodolan layangan abang d. Aku dolanan layangan abang

Tembang macapat ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 36-38 !
Pundi ta wajibe ibu
Kang abot ngungkuli bumi
Nenggih wiwit ngandhut putra
Sangang candra dasa ari
Manjing tapa ulah brata
Anggung meleng ing pangesthi
36. Tembang macapat ing ndhuwur klebu jinise tembang….
37. Watake tembang ing ndhuwur yaiku….
38. Guru lagu lan guru wilangan tembang kasebut yaiku….
39.

Ukara iku yen ditulis latin yaiku….


40. Tulisen anggo aksara Jawa !
a. Kuku Pancanaka =…..
b. Andi tuku buku warna biru =….

KD. 3.1
Kunci Jawaban
1. D
2. B
3. C
4. A
5. C
Kunci jawaban :
6. Dheskripsi
7. 2 lan 4
8. 7 ( pitung ) wulan
9. 1. Nggambarake samubarang tartamtu kanthi rinci lan cetha
2. Paragrap ditulis kanthi nyartakake unsur pancadriya
3. Basa sing digunakake yaiku basa sing asring digunakake padinan
4. Nalika diwaca,pamaca kaya-kaya bisa ngrasakake utawa ndeleng kanthi langsung objek sing
digambarake.
10. a. Bapak lenggah sinambi maos koran.
b. Ibu nembe dhahar nalika bapak kondur saking kantor.
Kunci jawaban
KD 3.2
11. C
12. A
13. A
14. A
15. B
16. Pringgodani
17. Caping Basunanda
18. Tumidhak Becik
19. Sapa wae kudu lila legawa kurban apa wae,bandha donya lan nyawa kanggo bela negara.
20. Gugure Raden Gathutkaca minangka satriya kusumaning bangsa salawase bakal dieling eling labuh labete
marang bangsa lan negara.

KD 3.3
21. A 24. D
22. C 25 D
23. B

26. Ngrenesake, nyedhihne.


27. Ibu dhahar roti, ibu ngunjuk kopi
28. Rekreasi menyang Candi Borobudur ( Kawicaksanan guru )

29. Tema, waktu, papan panggonan, wong-wong kang ana ing crita pengalaman, sebab-
sebab pengalaman iku dumadi, lan kepriye pengalaman iku dumadi.
30. Pengalaman iku kagiyatan kang wis kadadeyan utawa wis tau dilakoni. Crita
pengalaman akeh jenise ana kang nengsemake, nyedhihne, utawane ngisinake.
Tuladhane ”Kawicaksanan guru)

Kunci Jawaban 3.4


31. B
32. C
33. B
34. A
35. D
36. Kinanthi
37. Seneng,tresna asih
38. 8u,8i,8a,8i,8a,8i
39. Santi tuku gula pasir
40. a.
b.

Kriteria Penilaian :
1. Pilihan ganda :5x1= 5
2. Isian :3x3= 6
3. Uraian :2x4= 8 +
19
NA = Skor penilaian x 100
Skor Maksimal

You might also like