You are on page 1of 11

Beranda Punakawan Peran Punakawan Tokoh Punakawan Semar Asal usulipun Semar Pagesanganipun Semar Putranipun Semar

NAMI KELOMPOK :
CANDRA CAHANDIKA KHASAN ABDUL G. NIZARETA MELADITZA OKTAVIANO IVAN WIDYA P. UMAR NURLUWINDRA

Punakawan

Punakawan yaiku sebutan kanggo para pengasuh pandawa ana ing dunia wayang.Punakawan biasan metu nalikane wayah goro-goro.Punakawan dadi tokoh kang khas ana ing dunia wayang indonesia. Punakawan duw karakter kang macem-macem.Punakawan biasan metu nalikan wayah goro-goro. Karakter kaya penasihat para ksatria, penghibur, kritisi sosial, badut uga dadi pusat kebenaran lan kebijakan.Ana ing wayang Indonesia punakawan ana Semar, Gareng, Bagong, lan Petruk. Ana ing wayang bali karakter punakawan ana Malen lan Merdah (abdi saka Pandawa) lanan Delem lan Sangut (abdi saka Kurawa).
MEMBER OF VORSONE 2012

Peran Punakawan
Tembung Punakawan asale saka tembung pana kang ateges "paham", lan kawan kang ateges "kanca". Tegese yaiku para punakawan kuwi ora mung dadi tok, nanging uga bisa ngerteni apa kang dialami majikane. Kadang kala punakawan uga dadi penasihat para majikane kuwi. Sing dadi khase saka punakawan yaiku punakawan dadi dagelam ana ing tengah-tengah ing antarane cerita wayang. Tingkah laku lan omongane para punakawan mesti bisa gawe guyu sing nonton.

MEMBER OF VORSONE 2012

Tokoh Punakawan
Semar

Tembung Semar asale saka tembung samara kang tegese ghaib. Kyai Lurah Semar Badranaya yaiku tokoh pewayangan utama ana ing wayang jawa lan sunda. Gareng Gareng duwe teges pujaan utawane aleh saka muja. Nalagareng yaiku wong kang ora pinter omong. Apa kang diomongke kadang kala luput lan luput. Gareng iku lucu lan seneng gawe guyu. Ana ing lakon wayang gareng tau dadi ratu ana ing lakon Gareng Dadi Ratu. Petruk Tembung Petruk asale saka tembung fatruk kang duwe teges kang ninggalke. Petruk putra semar kang pasuryane manis karo eseme kang nyengsemake ati. Petruk uga pinter omong lan lucu. Gareng nyindir karo guyonane kang khas. Bagong Tembung Bagong asale saka tembung Bagho kang ateges seneng mbantah. Bagong iku ateges layangan saka semar. Bagong duwe sifat lancang dln seneng berlagak goblok lan bagong uga lucu.
MEMBER OF VORSONE 2012

Semar
Semar utawi Kyai Semar Badranaya inggih punika salah satunggaling punakawan Pandhawa ingkang asring paring pituduh lan kathah kawicaksanan. Semar punika taksih sadhrk kaliyan Batara Manikmaya lan Antogo. Semar tansah ngabdi dhateng para ksatria ingkang nggadhahi pakarti ingkang luhur. Kosok wangsulipun, Antogo tansah ngabdi dhateng ksatria ingkang pakartinipun awon. Semar, Manikmaya, lan Togog dipunripta Sang Hyang Wisesa saking tigan. Wonten ing satunggaling prastawa adu pepatn, Semar ngeleg gunung sangga wujudipun dados boten karuwan. Sasampunipun menika, Semar dados pangayom utawi pamongipun anak-putunipun Bathara Guru saking sedaya anceman lan serangan angkara murka. kanthi cara premati dipunwedharaken tegesipun Semar miturut tiyang Jawi, Semar punika sumbering cahya, dwa kasuburan, misteri (samar), Sang Hyang Maya, cahya buwana.
MEMBER OF VORSONE 2012

Paraga Semar ing Wayang kulit

MEMBER OF VORSONE 2012

Paraga Semar ing Wayang golek

MEMBER OF VORSONE 2012

Asal-usulipun Semar
Miturut Hazeu, Semar menika satunggaling paraga ingkang asalipun asli saking Indonesia sans saking India malah dados nenek moyang Jawa Asli. Miturut Dr. F. Magnis Suseno, Semar nggadhahi pangaribawa minangka nenek moyang raja-raja Jawa, lan dados pamong lan danyang Pulo Jawa. Wonten maneka warni pamanggih (versi) malih babagan asalusulipun Semar. Ananging sedaya nyebataken bilih Semar menika panjilmaan dwa. Naskah Serat Kanda nyariyosaken, panguwaos kahyangan ingkang asma Sanghyang Nurrasa kagungan kalih putra ingkang namanipun Sanghyang Tunggal lan Sanghyang Wenang. Saking Sanghyang Wenang salajengipun dipunwarisaken dhateng putranipun ingkang asma Bathara Guru. Sanghyang Tunggal lajeng ngrumat para ksatria trahipun Bathara Guru, kanthi asma Semar (Sanghyang Tunggal gantos asma dados Semar).
MEMBER OF VORSONE 2012

Pagesanganipun Semar
Sanajan Semar dados pamong (pamomong ingkang wicaksana), dereng kathah ingkang mangertos bilih Semar menika taksih sadhrk kandhung Bathara Guru (rajanipun para dewa). Semar kagungan garwa ingkang asmanipun Dwi Kanistri. Garwanipun dipuntilar amargi Semar ngabdi dhateng para ksatriya ingkang mbela kabecikan. Garwanipun menika wicaksana sipatipun pramila paring idin dhumateng Semar. Pagesanganipun Semar menika prasaja sanget. Panjenenganipun boten mentingaken lahiriyah, ananging ingkang dipunwigatosaken menika pengalaman batin lan kawasisanipun. Babagan menika ingkang dadosaken Semar tansah kagungan pikiran sa (positive thinking), tansah mendhet pamundhutan kanthi tetimbangan ingkang mateng.
MEMBER OF VORSONE 2012

Ing pewayangan gagrag Jawa Tengah lan sawetara Jawa Wetan, Semar menika kagungan putra: Garng Petruk Bagong Ing Cirebon lan Kuningan, Jawa Kulon, Semar kagungan putra: Udawala Garng Bawor Bitarota Ceblok Cungkring Bagalbuntung Curis Ing saprangan Jawa Wtan, putranipun Semar menika Besut. Ing gagrag Banyumasan, putranipun Semar inggih menika: Bawor Garng Petruk Semar menika titisanipun Sanghyang Ismaya. Ing sarasilah Parisawuli karangan Rangga Warsita, Semar utawi Smara menika keturunan Sanghyang Ismaya. Janggan (penulis) Smara iku dhaup klawan Dewi Kanistri, putri Bathara Hira. MEMBER OF VORSONE 2012

Matur nuwun dhumateng kawigatosanipun

MEMBER OF VORSONE 2012

You might also like