You are on page 1of 10

ANOMAN KRIDHA

Anastasia sylvianka dwi jayanti


VIII A
6

Saderengipun wangsul
Anoman sumedya nodhi
kakiyatanipun bala
Alengka. Anoman Kridha ,
taman dipunowat-awut,
barang-barang saha
rerengganing kraton
dipunrisak. Wadya raseksa
ngebyuk nyerang Anoman.
Kathah ingkang
dhawah,kabentus,klenger,
tuwin pejah katrajang
pangamukin
Rewandaseta . Wadya
danawa dipunkeriaken,
gumaredeg mbujeng
ngrabasa Anoman.
Anoman kacepeng ,
kakrecek, saha kalarak
ngadhep ing ngrasa nata.
Anoman badhe kapidana
pejah.

tep

Nanging lajeng
mratelakaken bilih
piyambakipun punika
satunggaling utusan
nagari. Adhedhasar
anggering bawana
utusaning nagari
punika boten kenging
kaprajaya,saha
kedah dipunurmati.
Saestu Anoman
saged wilujeng.
Nanging tetep
kapatrapan
paukuman.
Buntutipun
dipunblebet badhe
dipuncelup lisah
patra nunten
kabesmi.

Shinta mireng
pawartos bab
kedadosan punika.
Piyambakipun
ndedonga dhumateng
Dewa latu murih
Anoman boten
kabesmi. Buntutipun
Anoman dados
obormakantarkantar. Kapiseta
nunten mlumpat
nylangkring ing
sanginggiling payon,
kaliyan ngobatabitaken buntuipun.
Boten dangu
payoning kraton
kobar. Lajeng
mremen dhateng
wewagunanwewagunan,kraton
dalah isen-isenipun
sami kawelagar.

Latu ngalad-alad
nyandhak griya
nelasaken barangbarang sanesipun.
Kraton Alengka
dados karang abrit,
dados seganten latu.
Dene Anoman waraswiris seger buger
boten kebasmi,
ndedel ing angkasa
tumunten kumleyang
mangandhap njegur
pinggiraning
seganten. Para
wanara rame surak
gumuruh ambata
rubuh mapag
wangsulipun
Palwagaseta.

Nunten sesarengan
wangsul dhateng
kiskendha manggihi
Rama. Rama matur
nuwun dhateng
Anoman. Lajeng
kados pundi
samangke? Kados
pundi anggenipun
badhe mbidhalaken
wadya bala nempuh
Alengka? Papanipun
kepalang seganten
wiyar. Sugriwa
ngedalaken
pamanggih damel
bendungan.
Bendungan
kabangun ing
seganten tumuju
Nagari Alengka

Anoman sarujuk. Bala


wanara sami sagah.
Sedaya ageng ing
manah badhe saged
njebol beteng
Alengka. Atusan,
ewon, bala rewanda
dipunkerigaken
tumandang damel
tambak. Rama
minangka senopati
perang. Kridhaning
tantra wanara
dipunmangertosi
dening mengsah.
Rahwana
ngempalaken para
pangaggeng dalah
para ingkang pinunjul
ing perang. Golonging
rembag badhe mbela
raja nanggulangi
kurdaning mengsah.

Sadaya nayogyani,
namung wonten
satunggal ingkan boten,
inggih punika Wibisana,
adhinipun Rahwana.
Wibisana punika satriya
luhur ing budi,
piyambakipun boten
nayogyani wontenipun
perang. Perang temtu
damel kurban,
ndhatengaken bencana,
murugaken para kawula
nandhang papa
cintraka. Perang punika
ngrisak katentreman
dalah karaharjaning
sesami. Punapa malih
nyata menawi Alengka
punika cidra, mbela
dursila angkara murka.
Rahwana punika dursila
angkara murka nyahak
hakipun tiyang sanes.

Shinta punika hakipun


Rama. Mila, kedah
kewangsulaken dhateng
Rama. Punika satuhu
adil saha leres. Mireng
pratelanipun adhinipun,
Dasamuka duka,
nguman-uman rayinipun.
Wibisana dipunanggep
meri, ugi kepengin
nanging mboten
kuwagang. Boten
wonten margi sanesipun
kajawi milih ingkang adil
saha leres, punika
dipunantebi dening
Wibisana. Piyambakipun
boten nyodhongi
tumindakipun
kangmasipun. Semparet,
kangmasipun katilar,
Nagari Alengka katilar,
esthinipun manggih saha
njurungi Rama. Wibisana
ngadhemi ingkang adil,
mbelani ingkang leres.

MATUR
NUWUN

You might also like