You are on page 1of 11

ANOMAN

DUTA /
ANOMAN
OBONG

Anoman Obong
Dewi Shinta wis kelakon didhusta dening
Prabu Rahwana/Dasamuka menyang kraton
Alengkadiraja. Dewi Shinta dipapanake ing taman
Kaputren. Ing taman, Dewi Shinta ora doyan
mangan lan ora doyan ngombe. Awake kuru
aking, rambute dawa nggimbal ora digelung
amarga wis suwe ora adus. Kabeh mau
ditindakake supaya Rahwana wegah nyedhaki
dheweke. Kanggo njaga keslametane, menyang
ngendi wae Dewi Shinta tansah nggawa
cudrik/keris
cilik.
Samangsa-mangsa
Prabu
Rahwana teka arep ngrudapeksa, dheweke banjur
ngancam arep nganyut tuwuh utawa bunuh diri.

Ing taman amung Dewi Trijatha sing


bisa ngarih-arih lan mbujuk Dewi Shinta
supaya gelem mangan. Dewi Trijatha
kuwi anake Gunawan Wibisana adhine
Prabu Dasamuka dadi isih ponakane
Prabu Dasamuka. Dewi Trijatha kuwi
rupane ayu lan polah tingkahe ora
kasar kaya buta Alengka. Polah
tingkahe lan solah bawane ora beda
karo putri keraton liyane. Upama ora
ana Trijatha, Dewi Shinta mesthi wis
mati suduk sarira, Trijatha kasil ngariharih Dewi Shinta supaya ora lampus

Ora kacarita nelangsane Dewi


Shinta ing tangane mungsuh. Dene Sri
Ramawijaya kasil dadi ratu angratoni
bangsane kethek saka kraton Guwa
Kiskenda
andhahane
Sugriwa.
Sawijining dina Sri Ramawijaya kirim
utusan kethek putih aran Anoman.
Anoman dinuta Sri Ramawijaya supaya
nggolek sisik melik ing ngendi lan
kepriye kahanane Dewi Shinta.

Tekan keraton Alengka, Anoman njujug


taman keputren. Ing kono dheweke kelakon
nemoni Dewi Shinta lan Trijatha. Anoman
banjur ngaturake ali-aline Sri Rama marang
Dewi Shinta. Sawise mangerteni kaanane
Dewi Shinta lan entuk sisik melik bab
kaanane kraton lan prajurit Alengkadiraja,
Anoman banjur pamit bali. Emane nalika
arep bali, Anoman konangan lan kecekel
prajurit Alengkadiraja. Anoman dirangket
disowanake Prabu Rahwana. Dening Prabu
Dasamuka Anoman diukum obong. Anoman
diukum obong ing laun-alun Alengka.

Nanging Anoman kuwi kethek sekti


mandraguna, ora tedhas diobong.
Nalika diobong Anoman mberot banjur
pencolotan sandhuwure wewangunan
kraton lan omah. Wewangunan lan witwitan sing diencoke Anoman kabeh
kobong. Kraton Alengkadiraja sing
maune apik lan endah saiki dadi segara
geni sing mbulat-mbulat amarga pokale
Anoman. Prabu Dasamuka nesu lan
mrentahake prajurit Alengka supaya
nyekel Anoman. Nanging Anoman wis
kasil lolos lan bali atur palapuran

Mangerteni isening wacan Anoman Duta /


Obong
1.

Prabu Dasamuka iku putrane Resi Wisrawa lan Dewi Sukesi,


panjenengane dadi raja ing kraton Alengkadiraja, nanging sang
Prabu kadunungan watek dur angkara murka

2.

Anoman iku satriya kang awujud rewanda seta, sekti


mandraguna, bisa tata jalma lan pratingkahe ngugemi tata
carane manungsa, Anoman putrane Bathara Guru lan Dewi
Anjani.

3.

Prabu Dasamuka tresna marang Dewi Shinta banjur mbudidaya


supaya bisa mboyong Dewi Shinta menyang negara Alengka.

4.

Amarga ora kersa dhahar lan ngunjuk.

5.

Jalaran kewanen mlebu ing taman kaputren kraton


Alengkadiraja.

6.

Jalaran ora tedhas diobong lan nduweni kasekten werna rupa.

7.

Tegese nglalu (bunuh diri).

8.

Kraton Alengkadiraja.

9.

Ing alun-alun negara Alengka.

10 Jalaran Anoman mberot banjur pencolotan ing sandhuwuring

Ngrembug lan negesake tetembungan kang lungid :

N
O

TEMBUNG

TEGESE

N
O

1.

DIdhusta

Digawa mlayu

11 Wewangunan
.

Bangunan

2.

Kaputren

Panggonane
garwa / putri
raja

12 Suduk sarira
.

Nyubles
awak
nganggo
gaman
landhep

3.

Kuru aking

Gering banget

13 Andhahane
.

Prajurite

4.

Nggimbal

Bundhet /
ngruwel

14 Utusan
.

Duta,
kongkona
n

5.

Cundrik

Keris cilik

15 Sisik melik
.

Katrangan

6.

Ngrudapeksa Meksa

16 Dirangket
.

Dicekel

7.

Nganyut

17 Disowanake

Diadhepn

Nekad

TEMBUNG

TEGESE

Takon lan mangsuli pitakonan :


N
O

PITAKONAN / WANGSULAN

1.

Kenangapa Dewi Shinta tansah nggawa gegaman cundrik ?


Supados Prabu Dasamuka mboten wantun ngrudapeksa lan
kangge njagi kawilujenganipun Dewi Shinta piyambak.

2.

Sapa sejatine Dewi Trijatha kuwi ?


Dewi Trijatha menika putranipun Raden Gunawan wibisana
keponakanipun Prabu Dasamuka.

3.

Apa tujuwane Anoman lunga menyang negara Alengka ?


Mados sisik melik ing pundi lan kepripun kawontenanipun Dewi
Shinta.

Apa tujuwane Anoman ngaturake ali-ali marang Dewi Shinta?


Kangge tandha tresnanipun Prabu Ramawijaya lan mbuktekaken
sepinten kasetyanipun Dewi Shinta.

5.

Kepriye kahanane kraton Alengka nalika diobong dening


Anoman?
Griya ageng geseng dados areng, Prabu Dasamuka namung
saged gereng-gereng.

Piwulang luhur ing crita Anoman


duta :
1) Anoman senajan awujud kethek putih
nanging bisa tata jalma lan
pratingkahe uga tansah ngugemi tata
carane manungsa.
2) Nduweni sipat gung binathara katitik
saka sandhangane.
3) Anoman kuwi duwe watek kendel,
sopan, ngugemi ajining dhiri, setya,
wegig olah kanuragan, waspada,
pinter nembang, lembah manah lan

?kuptSinirmSnTenMenwiXptVuwunZpunTen\,

You might also like