You are on page 1of 11

PAMBEDA TEKS

P R A NATAC A R A L A N P ID H ATO

KELOMPOK 5

PIDHATO
Assalamualaikum Wr. Wb.
Nuwun Bapak/Ibu Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, tamu
undhangan, Bapak/Ibu Guru saha karyawan ingkang kula hormati,
adhik-adhik kelas tuwin rencang-rencang ingkang kula tresnani.
Puji syukur konjuk wonten ing ngarsanipun Gusti Allah ingkang
Maha Asih, awit ing wekdal menika kita sedaya taksih pinaringan
rahmat saengga ing wekdal menika kita saged makempal kanthi
pinaringan karaharjan
Kula minangka wakil saking siswa kelas IX, ngaturaken agunging
panuwun ingkang tanpa upami dhumateng Bapak Ibu Guru, awit
saking sih katresnan anggenipun nggulawentah dhumateng kula
sekanca, saengga saged ngrampungaken kewajiban anggen kula
sakanca ngangsu kawruh wonten ing pawitan menika.

Kula sakanca naming saged memuji, mugi-mugi sedaya amal lan


kesaenan Bapak Ibu Guru pikantuk pinwales saking Gusti Allah ingkang
Maha Agung, saha tansah pinaringan kasarasan, kawilujengan lan
ketentreman saengga saged nggulawentah dhateng adhik-adhik
sedaya ngantos dumugi paripurna kanthi biji ingkang maremaken.
Mboten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten, awit kula
sakanca asring ndamel Bapak Ibu duka lan kuciwa, awit saking atur
saha solah bawa kula sakanca ingkang mboten mranani penggalih
panjenengan sedaya.
Dhumateng Bapak/Ibu Guru lan adhik-adhik sedaya, sepisan malih kula
ndedonga mugi tansah pinaringan rahmat saha barokahing Gusti Allah,
Amin..
Wasana cekap semanten atur kula, menawi kathah kalepatan atur saha
solah bawa ingkang boten mranani penggalih, kula nyuwun
pengampunten.
Wassalamualaikum Wr. Wb.

PRANATACARA
Assalamualaikum Wr. Wb.
Bapak Kepala Sekolah SMK Ma'arif 1 Wates ingkang kinurmatan.
Bapak / Ibu Guru saha Karyawan / Karyawati ingkang kula urmati.
Lan para kanca-kanca ingkang kula tresnani.
Langkung rumiyin sumangga kita sami ngaturaken puji syukur
dhumateng
Gusti Allah, ingkang sampung kepareng paring
kanugrahan lan kasarasann sehingga kula lan panjenengan sedaya
saget makempal wonten ing wanci menika. Ingkang titiwanci
menika kula dados pranatacara badhe ngaturaken susunan
aducara, inggih menika :
1. Atur pambuka
2. Atur pangandikan saking ketua panita.
3. Pentas Seni Kelas X lan kelas XI

5. Atur pangandikan saking Kepala Sekolah SMK Ma'arif 1 Wates


6. Panutup
Adicara kaping setunggal inggih menika pambuka, monggo kula lan
panjenengan sedaya kanthi maos waosan basmallah sesarengan,
matur suwun.
Adicara kaping kalih inggih menika pangandikan saking ketua panitia.
Dhumateng ketua panitia kula sumanggaaken. Matur suwun.
Adicara ingkang kaping tiga inggih menika pentas seni karawitan
saking kelas X lan kelas XII, kula sumanggaaken. Matur suwun.
Adicara ingkang kaping sekawan inggih menika atur perpisahan
saking wakil kelas XII. Dhumateng wakil kelas XII kula sumanggaaken.
Matur suwun.

Adicara ingkang kaping gangsal inggih menika atur pangandikan


saking Kepala Sekolah SMK Ma'arif 1 Wates. Dhumateng Bapak
Kepala Sekolah, kula sumanggaaken. Matur suwun.
Adicara ingkang kaping enem inggih menika Panutup. Monggo
kita pungkas adicara ing siang menika kanthi waosan hamdallah
sesarengan. Allhamdulillahirabillngalamin. Matur suwun.
Para rawuh ingkang kinurmatan kula minangka pranatacara
ngaturaken agunging samudra pangaksama dhumateng para
rawuh sedaya mbok bilih wonten lepating atur anggen kula
matur . Jenang sela wader kali sesondheran, apuranta menawi
wonten lepat kula. Pungkasaning atur.
Wasssalamualaikum Wr. Wb

PAMBEDA
NO

STRUKTUR

PAMBUKA

PIDHATO

a ULUK
SALAM

Nuwun

b ATUR
PAKURMATA
N

Bapak/Ibu Kepala Sekolah


ingkang kinurmatan, tamu
undhangan, Bapak/Ibu Guru
saha karyawan ingkang kula
hormati, adhik-adhik kelas
tuwin rencang-rencang
ingkang kula tresnani.

c ATUR PAMUJI Puji syukur konjuk wonten ing


ngarsanipun Gusti Allah
ingkang Maha Asih, awit ing
wekdal menika kita sedaya
taksih pinaringan rahmat
saengga ing wekdal menika
kita saged makempal kanthi
pinaringan karaharjan.

PRANATACARA
Bapak Kepala Sekolah SMK Ma'arif 1
Wates ingkang kinurmatan. Bapak /
Ibu Guru saha Karyawan / Karyawati
ingkang kula urmati. Lan para
kanca-kanca ingkang kula tresnani.

Langkung rumiyin sumangga kita


sami ngaturaken puji syukur
dhumateng Gusti Allah, ingkang
sampung kepareng paring
kanugrahan lan kasarasann
sehingga kula lan panjenengan
sedaya saget makempal wonten ing
wanci menika.

NO

STRUKTUR

PIDHATO

PRANATACARA

ISI
a WIGATINANI
NG ATUR

Kula minangka wakil saking


siswa kelas IX, ngaturaken
agunging panuwun ingkang
tanpa upami dhumateng
Bapak Ibu Guru, awit saking
sih katresnan anggenipun
nggulawentah dhumateng
kula sekanca, saengga saged
ngrampungaken kewajiban
anggen kula sakanca ngangsu
kawruh wonten ing pawitan
menika.

b PANGAREPAREP/
DUDUTAN

Dhumateng Bapak/Ibu Guru


lan adhik-adhik sedaya,
sepisan malih kula ndedonga
mugi tansah pinaringan
rahmat saha barokahing Gusti
Allah, Amin.

Adicara ingkang kaping enem inggih


menika Panutup. Monggo kita
pungkas adicara ing siang menika
kanthi waosan hamdallah
sesarengan.
Allhamdulillahirabillngalamin. Matur
suwun.

NO

STRUKTUR

PIDHATO

PRANATACARA

PANUTUP
a ATUR
PANUWUN

Wasana cekap semanten atur


kula, menawi kathah
kalepatan atur saha solah
bawa ingkang boten mranani
penggalih, kula nyuwun
pengampunten.

Para rawuh ingkang kinurmatan kula


minangka pranatacara ngaturaken
agunging samudra pangaksama
dhumateng para rawuh sedaya
mbok bilih wonten lepating atur
anggen kula matur . Jenang sela
wader kali sesondheran, apuranta
menawi wonten lepat kula.
Pungkasaning atur.

b ULUK
SALAM

Wasssalamualaikum Wr. Wb

Wasssalamualaikum Wr. Wb

DUDUTAN
Saka tabel ing nduwur dudutan yaiku :
Pranatacara nduweni salam pambuka , atur pakurmatan, atur pamuji lan
salam penutup kang podo kaya pidato. Pratanacara ora nduweni wegatening
atur, pranatacara nduweni dudutan yen pidato nduwe pangarep-arep.

A N G G G O TA :

MATUR SUWUN

A F I FA H A N A N I

DINAR HANDIKA KUSUMA

L U W E S S E K A R AY U W A R D A N I

VICA AKHIRA FITRA MOERSAHIT

You might also like