You are on page 1of 9

KELOMPOK 3

A D I N D A K A D W I L . P. (01)
ALFIN BAHRUZZAMAN (05)
FAT H I N A FAU Z I A H A . (14)
FAT M A K U M A L A C . (15)
HAIDAR HANIF (18)
RANGGA ADHIT YA W. (29)
SIRAMAN
SIRAMAN

Siraman iku salah siwijine rantaman


ing upacara pengantenan. Acara siraman iku
upacara pralambang kanggo ngresikake jiwa
calon penganten. Upacara iki dianakake
sedina sadurunge ijab kabul ing omahe
calon manten. Padatan mapan ing bageyan
omah sing rada kabuka kaya ing plataran
mburi omah utawa ing taman ngarep omah.
Sing nyiram sepisanan biasane wong tuwa
calon manten, banjur diterusake dening para
sedulur ingkang sepuh nganti ping pitu.
UBA RAMPE

Tumpeng Kendhi Wadhah banyu lan Kembang


RANTAMAN ING SIRAMAN

1. Masang Bleketepe
Masang Bleketepe lan Tuwuhan nduweni ancas
minangka kanggo ngeyupi papan kanggo mantu. Sing
masang bleketepe yaiku wong tuwa saka penganten
putri kanggo pralambang gotong royong wong tuwa
kekalih kang dadi pangayom ing kulawarga. Dene
tetuwuhan sing dipasang, yaiku: cengkir gadhing,
gedhang raja sawite, tebu wulung, ronalang-alang, ron
kluwih, ron apa-apa, wulen pantun, lan ron waringin.
Tetuwuhan iku kanggo pralambang pengarepan
supaya penganten kekalih enggal entuk momongan.
2. Ngirim Toya Perwitasari menyang Calon Penganten Pria
yaiku sawise toya 7 sumber dicampur karo kembang
setaman, dijupuk sethithik banjur dikirim menyang
omahe calon penganten pria. Sing ngirimake yaiku
wakil sakakulawarga sing diarani duta saraya.
3. Sungkeman
Sungkeman Sadurunge siraman, calon penganten
sungkem marang wong tuwa kanggo njaluk pangapura
lan pangestu anggone arep mbangun abalewisma.
4. Dedonga
5. Siraman
Siraman Sing nyiram sepisanan ya iku bapak
calon penganten banjur ibu penganten lan diterusake
para pinisepuh uga kalebu juru paes. Sawise iku, banjur
calon penganten wudlu nganggo banyu sing
dipancurake saka kendhi dening bapak calon
penganten.
6. Pagas Rikma
Pagas Rikma Sawise siraman banjur diterusake
upacara pagas rikma utawa potong rambut. Potongan
rikma saka penganten kekalih banjur didadekake siji
banjur ditanem ing upacara tanem rikma.
7. Dodol Dhawet
Dodol Dhawet Tatacara ing siraman iku nganggo dodol dhawet. Iki
nduweni pralambang lan pangajab supaya ing upacara dhaupe penganten
suasanane bisa rengeng. Sing dodol dhawet Ibune penganten putri, dene
bapake mayungi ibuke, karo nyeyuwun ing ngarsane Gusti Kang Maha Agung,
muga-muga uripe calon penganten bisa sesrawungan karo liya lan seneng
dedana/weweh. Sing nukoni dhawet ya iku para tamu lan dhuwit kanggo tuku
nganggo dhuwit kreweng/wingko (pecahan gendheng). Werdine (tujuane)
dodolan dhawet ya iku: wong omah-omah iku lanang wadon nggayuh jejege
bale wisma (bale omah), minangka tandha padha-padha marem ing ati (ayem,
tentrem). Werdine/tegese dhawet iku arum lan enak rasane, lan bisa ngresiki
ganda sawise dhahar, mula tatacara ngombe dhawet iku tiba tatacara kang
keri dhewe. Kamangka, werdine dhuwit kreweng iku saka lemah, amarga
manungsa iku asale ya saka lemah kang lantaran bapa biyunge, asale saka
Gusti Allah.
8. Potong Tumpeng
Potong Tumpeng Kamulyan Bapak saka
penganten putri motong tumpeng kamulyan banjur
diwenehake ibu banjur didulangake penganten putri.
9. Dulangan Penganten putri lenggah kaapit bapak ibu
banjur didulang.
10. Kembul Bujana Andrawina Para tamu dhahar
sesarengan.

You might also like