You are on page 1of 21

 Busana temanten Ngayogyakarta

kaperang dadi 5.
 Yaiku: Busana Penganten Paes
Ageng,Busana Penganten Paes Ageng
Jangan Menir, Busana Penganten
Ngayogyakarta Putri, Busana Penganten
Kasatriyan Ageng, Busana Penganten
Kasatriyan.
 Diagem nalika upacara panggih penganten
ingkang dikaetaken marang adicara andrawina
utawa resepsi.
 Busana ingkang diagem yaiku, dodot utawa
kampuh komplit kalian pasren ingkang pantes.
 Paes cemeng migunakake sisi keemasan ing
bathuk, rambut sanggul bokor migunakake gajah
ngolig kang dawa lan katon indah, serta sumping
lan aksesoris kanggo temanten putri.
 Kanggo temanten kakung, migunakake kuluk
kanggo ngeas kepala, ukel ngore ,dijangkepi
migunakake sisir lan cundhuk mentul cilik.
 Diginakaken kagem upacara boyongan
penganten putri nalika badhe marak
wonten papan penggenanipin manten
kakung.
 Busana ingkang diagem inggih menika
rasukan blenggen utawa bordhiran ,
satemah boten ngagem kampuh utawa
dodot.
 Diagem nalika ngundhuh mantu
ingkang dilaksanakaken nalika
sepasaran(gangsal dinten sakwetawis
akad nikah) utawa kawastanan
ngunduh sepasaran busana ingkang
diagem yaiku, rasukan sikepanmawi
bordhiran, pradan lan selop bordhiran.
 Mboten ngagem roncen tiba dhadha.
 Busana menika ugi dipunagem nalika
ngundhuh sepasaran.
 Busana kang diagem yaiku, rasukan
dawa bahanipun sutra kembang-
kembang utawa polos, lan selop
cemeng tanpa bordhiran.
 Diagem kangge busana penganten
kang prasaja sanget ingkang dumados
saking kebaya dawa lan selop polos.
 Dene busana gagrag Surakarta wonten
werni sekawan, inggih menika:
a. Busana Penganten Paes
Ageng/basahan
b. Busana Sikepan Ageng / Busana Solo
Basahan Keprabon
c. Busana Penganten Solo Putri
 Busana Solo Basahan menika dodot utawi
kampuh kalian pola batik warni cemeng kanthi
motif alas-alasan (binatang) lan wit-witan.
 Maknanipun busana basahan inggih menika
simbolisasi pasrah kalian Gusti ingkang maha
Ageng kalian urip salajengipun . Busana
basahan temanten putri inggih menika
kemben kangge tutup dhadha, kain dodot
utawi kampuh, sampur utawi selendang cinde,
sekar abrit lan kain jarit warni sami, kalian
buntal kadamel saking roncen godhong
pandan lan kembang.
 Temanten kakung ngagem kain dodot
kalian rasukan Takwa yaiku sejenis
rasukan beskap ingkang rumiyin diagem
ingkang Sinuhun kemawon. Kagem
temanten putri ngagem kain kampuh
utawi dodot kalian bolero potongan
cekak lengen dawa bahan beludru
kangge tutup pundhak lan dhadha.
 Busana penganten Solo Putri, penganten kakung
ngagem beskap langenharjan kalian blangkon lan
batik wiron corak Sidoasih prada. Penganten putri
ngagem kebaya dawa kina saking bahan bludru
warni cemeng ngagem sulaman benang emas
corak kembang manggar lan ngandhapipun kain
corak batik Sidoasih prada.
 Penganten putri Solo Putri kados putri raja, paes
cemeng ing palarapan. Rikma ngagem ukel ageng
kados bokor mengkureh (bokor tengkurep), ngagem
ronce melati tibo dodo, dipunendah perhiasan
cundhuk sisir lan cundhuk mentul ing nginggil konde.

You might also like