You are on page 1of 48

KAPANATACARAN

Kaandharaken ing Panataran Dwija PERMADANI


Provinsi Jawa Timur
Ing Sarangan, 9 – 10 Februari 2008

Dening
Tim Penatar Pusat
JATI DHIRI

 Nama : Suyitno Yoga Pamungkas


 Lair : Wonogiri, Juni 1965
 Griya : Margi Pedurungan Kidul IV/45 Semarang
 Telepun : (024) 6700715
 Semah : Mimien
 Anak : Lala lan Pipit
 Ayahan : - Ketua Bidang Pendidikan DP PERMADANI Pusat
- Panglados sawetawis seserepan
 Medamel : - Guru SMA Gita Bahari Semarang
- DLB FPBSID-PBJ IKIP PGRI Semarang

 Sanes-sanes:
 Tim panulis Buku Ajar Bahasa Indonesia SMA Kota Semarang
 Tim panulis Buku Ajar Basa Jawi SMA, MA, lan SMK Kota Smg
 Pangesuh MGMP Basa Jawi SMA Kota Semarang
 Tim pemandu guru MGMP Bahasa Indonesia Kota Semarang
A. TITI KALA LAN PREKAWIS
 Wekdal ingkang sumadya 750 menit (5
pepanggihan)
 Prekawis ingkang karembag:
 Basa, busana, tatakrama, lan wibawaning panatacara
 Sarana makarya
 Papan lan swasana
 Yasa ricikaning ayahan lan mranata paraga
 Ndherekaken bebrayan ing adicara:
 Pakempalan
 Parepatan
 Pasamuan
 Pawiwahan
 Pahargyan
 Kesripahan, lsp.
Peprincening Pepanggihan
PEPANGGIHAN INGKANG KAREMBAG

Pepanggihan I basa, busana, tatakrama, lan wibawa

Pepanggihan II sarana makarya, papan lan swasana, yasa


ricikan ayahan lan mranata paraga
Pepanggihan III paragan lan pamrayogi ngayahi panatacara ing
pakempalan, parepatan, pasamuan, lan supitan,
sarta kesripahan
Pepanggihan IV paragan lan pamrayogi ngayahi panatacara ing
pawiwahan penganten
Pepanggihan V paragan lan pamrayogi ngayahi panatacara ing
pahargyan penganten
B. TEGESING TEMBUNG
Kapanatacaran Ka + panatacara+an
Ka+ … +an = ater-ater + panambang
pandhapuk tembung aran.
Samukawis ingkang magepokan
kaliyan …
Panatacara = pa+tatacara --->
pa = pandhapuk jejer/ aran
Paraga ingkang tinanggenah manata
cara utawi acara/ adicara
Panatacara/Pranatacara?

 Panatacara = paraga ingkang tinang-


genah manata cara utawi acara/ adicara

 Pranatacara = paraga ingkang tinang-


genah mranata cara utawi acara/ adicara

 Kalih-kalihipun leres. Aksara (r) dhapur


kinarya rerenggan (varian)
KAPANATACARAN

 Bab ingkang gegayutan kaliyan priyantun ingkang ngatur ricikaning


pakaryan ingkang lumampah ing pasamuwan, pawiwahan,
pahargyan lan sapiturutipun

 Bab ingkang gegayutan kaliyan pratikeling ngatur pakaryan ingkang


lumampah ing pasamuwan, pawiwahan, pahargyan lan
sapiturutipun.

 Kuwasisan punika kuwawi ngreksa kasugenganing priyantun


ingkang handarbeni. Dene kuwasisan ingkang kadarbe dening
priyantun tansah ngajab pangreksaning priyantun ingkang
kagungan kersa.

 Bab punika tumanduk ugi dhateng priyantun ingkang kagungan


jejibahan mranata acaraning pahargyan pangantenan.
Ayahan Baken Panatacara
 Nglantaraken lampah cak-cakanipun acara
utawi adicara wonten ing pepanggihan,
pasamuawan, utawi tata cara sanesipun
ingkang sampun rinantam.

 Yektosipun, panatacara dhapur caos atur


palapuran (Wld.: Protocol) menggahipun
cak-lampahipun adicara.
Panatacara=Master of Ceremony?
Mingsad-mingsedipun ayahan,
hanjalari panatacara saged
kajajaraken kaliyan MC ugi saged
kajajaraken kaliyan protokol.
Panatacara ugi sinebat pranatacara,
panata adicara, pranata adicara, juru
paniti laksana, protokol, pambiwara,
pambyawara, lsp.
C. BASA, BUSANA, TATAKRAMA LAN WIBAWA
1. Basa
(nut ing jaman kalakone)
Bakenipun basa kacaketi kanthi landhesan:
 Komunikatif-fungsional = basa minangka
sarana lung-tinampen gagasan lan
pangertosan
 Normatif = Nengenaken unggah-
ungguh, tata krama, lan suba sita
 Kontekstual = Jumbuh kaliyan swasana
lan kawontenanipun panggina basa
PERANGANING BASA
Miturut Prof.DR.RM.Ng Poerbatjaraka basa jawi kaperang :
1. Basa Jawi kina utawi Basa Kawi
2. Basa Jawi Madya (tengahan)
3. Basa Jawi Anyar
Pranatacara priyogi ngambah sawarnining basa kasebat supados
besus pangandikanipun ananging kedah :
 Komunikatip, liripun gampil katampi saha dipun mangretosi
suraosing
tembung.
 Basa kawi namung saprelu kangge mrada membating ukara.
Kangge ngrengga membating ukara ngginakaken :
 Tembung andhahan, inggih punika tembung ingkang sampun ewah
saking lingganing tembung (ewah saking asalipun)
 Parikan, paribasan, sanepa, pepindhan lan sapiturutipun.
WUJUDING BASA

a. BASA LESAN
 Ngginakaken unggah-ungguh lan udanegara,
linesanaken kanthi leres lan trep.
 Ingkang kalimrah ngginakaken mudhakrama
arupi campuran basa krama lan krama inggil.
 Klintuning pangetrap saha pangrakitipun basa
badhe ngirangi kawibawaing pranatacara.
 Boten sedaya tembung Jawi ngoko punika
wonten basa kramanipun lan tembung krama
inggilipun.
 Watonanipun: sinten ingkang dipunajak wawan
ginem.
b. BASA SINERAT
 Rericikaning upacara/adicara ingkang sinerat minangka
gondhelan salebetipun nyangkul jejibahan.
 Sampun ngantos klentu nyerat/nyebat asmanipun
priyantun.

c. BASA SASMITA
 Bebrayan Jawi ngudi sanget dhateng lantiping
panggraita/sasmita.
 Pranatacara ngginakaken saha nampi basa sasmita.
 Lantiping panggraita saged gampil nampi karsaning
priyantun.
BASA PRENESAN
 Dados kalidamar ngangkah yuwananing gesang. (pepajar)
 Uwal saking bebandaning pepinginan. (meper hawa nepsu)
 Kongasing ngakathah sarwi cengkah. (WTS)
 Gumiliring mangsa kala peteng dados padhang, suka dados cuwa,
sumandha ing sadhengah titah salumahing jagad.
 Bekti marang kautaman amegat katresnan donya ngungkurake
kaendahan. (pasrah lan ikhlas)
 Wenesing guwaya kekuwunging wadana kawistara lamun limpading
budi, mumpuni ing saniskara.(pangalembana)
 Santosaning budi kiyat ngeker wewadi ngantos wates ingkang
wekasan. (teguh)
 Kumandeling tekad ngestokaken piwulang, lungiding basa, wileding
tembung, setya bekti mituhu ing wuruk.

… lajengipun
Lajengipun..

 Madal dhawuhing guru tartamtu badhe manggih sesiku.


 Sumingkir saka panggawe kang ora bener iku luwih aji tinimbang
kabungahan lan kabegjan.
 Pedhut peteng lelimengan ingkang nglimputi, temah sumilak
padhang kabuncang gatining wulang.
 Eling-eling jer ing dina ngarsa isih jembar tebane kanggo mangun
lelabuhan anyar, minangka panebusing laku luput kang wus kawuri.
 Nyarojani among suka mangun renaning manah.
 Trontonging bagaskara ingkang sumirat ing bang wetan kawogan
miyak gatining sedya.
 Trawaca wiyosing weca, tambuh-tambuh panampinipun ingkang
winedharan.
 Rembulan lan lintang iku dadi pepadhanging wengi, srengenge dadi
pepadhanging jagad, kawruh piwulang iku dadi pepadhanging jagad
tetelu.
2. Busana
 Jumbuh  wekdal, ingkang paring
dhawuh, ayahan, kawontenan
 Trep  cakrik lan wangunipun
 Pantes  boten kesangeten kirang
utawi langkungipun, jumbuh
blegeripun sarira
 Jangkep  sedaya jejangkeping
busana boten wonten ingkang tinilar
 Busana nedahaken jiwaning priyantun ingkang
ngagem.
 Treping busana ingkang dipunagem saged
kasrapat sikeping priyantun ingkang ngagem.
 Nges luwesing ageman damel resep saha
amewahi kawibawaning pribadi
 Leres pangetrapipun, susila pangagemipun sarta
endah nyengsemaken.
 Ajining sarira dumunung ing busana.
3. TATAKRAMI
 Kasuraos manut lampahing gagasan samangke, pikajengipun
unggah-ungguhing ginem sarta tindak-tanduk utawi sikepipun
priyantun.

 Panatacara mbudidaya ngempakaken mapaning pangandikan lan


tindak-tanduk punapadene busana ingkang kaagem ing salebetipun
ngayahi wajib kanthi UTRI :
 Ulat padhang sumeh kasembuh manising netya luruh ngrespateni.
 Ulah boten briga-brigi ngungasaken kawasisanipun.
 Ucap, wicara alus, mardawa runtut ukaranipun, bobot
kasusastranipun kuwawi banda raos lan nyelung pamireng.
 Bakuning tatakrami manjilma wanten ing sikep, tindak-tanduk,
solah-tingkah, muna-muni lumeber dhateng pasanging ulat lan
polataning wadana ingkang kasat mripat.
 Antawisipun basa, busana lan tatakrami punika mulungipun tansah
daya-dinayan ing pribadinipun pranatacara.
Sapta Ma
 Magatra= blegering sarira adi, busana edi
 Malaksana= runtut, luwes, mrabawa, mantep,
boten wigah-wigih
 Mawastha= jumeneng kanthi jejeg lan limrah
 Maraga= anteb, anteng, ebahing raga lan
liringing netra ngemu pasemon jatining wigati
 Malaghawa= cak-cek, trampil, trengginas,
sembada ngentasi karya
 Matanggap= tanggap ing swasana, tanggap
swasana kedah regeng utawi dhuhkita
 Mawwat= tatag, tangguh, tanggon, tanggel
jawab wiwit purwa, madya, ngantos paripurna
4. WIBAWA

 Kekiyatan ingkang kadarbe dening satunggaling


priyantun ingkang kuwawi mikat dhateng jiwaning
priyantun sanesipun, engga priyantun kasebut
kepencut ngetut lampahing gagasanipun.
 Ing basa anyar wibawa saged kasebut: kaluhuran,
kamulyan, kasekten.
 Ing kawruh kajiwan wibawa kapilah :
1. Wibawa asli, inggih punika wibawa ingkang kabekta
wiwit lair.
2. Wibawa sepuh, wibawa awit saking umur.
3. Wibawa pangkat, wibawanipun priyantun ingkang
dipun sepuhaken karana pangkat utawi kuwasisan,
kalebet pranatacara.
 Pranatacra priyogi mbudidaya supados wibawa ingkang
tumemplek tetep langgeng senaosa pakaryan ingkang
sinengkuyung sampun rampung, kanthi cara :
 Ngrembakakaken suwarnining kawruh engga saged
mewahi kekiyataning pribadi ingkang saged damel
penggalihipun priyantun sanes tansah kapiluyu.
 Njagi tatakrami ing salebetipun sambang-srawung ing
sadinten-dintenipun.
 Ngudi kuwasisan panyengkuyung, kadosta : basa,
karawitan, sekar lan gendhing, punapa dene beksan.

 Kanthi cara makaten ing panginten kawibawan ingkang


kasarira punika wau badhe nuwuhaken grenjeting
penggalih priyantun sanes kumedah angaosi.
D. SARANA MAKARYA
 Kasat Netra :
1. Busana
2. Kaset/ pita/ CD
3. Mike, lsp. (manawi kagalih prelu)
 Boten Kasat Netra:
1. Pangertosan kabudayan
2. Kawruh kagunan basa
3. Paramasastra
E. PAPAN LAN SWASANA
 Papan:
mindeng papan ingkang priyogi
kagem ngayahi gati

 Swasana: ninthingi swasana ingkang


mrelokaken eguh pratikel tinamtu,
upaminipun: swasana regeng/sripah;
siyang/dalu; kawontenanipun para tamu;
kasaweganipun paraga sanes; lsp.
F. RICIKAN PAKARYAN
RANTAMAN TATACARA DHAUPIPUN
Rr. INDRI PAMUJIYATI, S.E.
Bapa/ Ibu Broto Kusumayudha, S.H. - Semarang
Kaliyan
Bgs. BAMBANG HARYAWAN, S.H., M.Hum.
Bapa/ Ibu Hardjo Wilogo – Klaten
IJAB

ARI, WANCI TATACARA PARAGA KATRANGAN


SURYA TABUH

11-18
G. NDHEREKAKEN BEBRAYAN
 Pakempalan
 Parepatan
 Pasamuan
 Supitan
 Kesripahan
 Pawiwahan ( Gagrak Solo/ Yogya)
 Pahargyan
 Ngundhuh Mantu, lsp.
PASANG TARUB
 Pamasanging tarub pinangka pangeyuban kangge para tamu.
 Pamasanging tetuwuhan mapan ing gapura.
 Tetuwuhan sanes sesaji, ananging wahana pralambang pangajeng-ajeng
lan panyuwunan arupi rerangken tetembungan :
 “Dak gegadhang muga-muga anakku penganten tansah kinayoman
dening Pangeran, bebrayan kanthi kencenging pikir lan antebing kalbu
mersudi bakuning uripe, luwih sandhang lan pangane, kalisa ing
sambekala aja ana alangan sawiji apa”
 Tetuwuhan ingkang kapajang :
1. Pisang raja sajodho
2. Ron waringin
3. Cengkir gadhing
4. Ron kluwih
5. Pantun sawuli
6. Ron alang-alang
7. Ron apa-apa
SIRAMAN
 Siram mekaten ngemu pamrih ngicali rereged utawi sesukering badan
 Upacara siraman ngemu werdi ngicali reregeding watak lan batosipun
calon penganten ingkang arupi aleman, ugungan, bosenan lan
sapiturutipun. Awit dene sampun akhir diwasa sampun badhe medeg
bawa piyambak, uwal saking tanggel jawabipun bapa/biyung, kedah
mikir lan pados kabetahaning gesangipun tuwin ngrampungi ruwet
rentenging bale wismanipun.
 Ubarampening upacara siraman :
1. Jambangan isi toya setaman, cengkir sajodho
2. Dingklik kalemekan ron dhadhap serep, ron kara, ron waringin, ron apa-
apa, alang-alang, ron kluwih, winungkus klasa bangka, nginggilipun
katutup mori.
3. Kendhi
4. Gayung
5. Bokor
6. Sarat sarana awujud tumpeng robyong, cikal, ayam.
URUT-URUTANIPUN UPACARA SIRAMAN
1. Sungkeman
2. CPi kakanthi dhateng sendahang pasiraman
3. CPi lenggah ing dhingklik
4. Pangintuning toya siraman kagem CPK.
5. Tumindakipun siraman (priyantun cacah ganjil)
6. Sesuci
7. Mecah kendhi
8. Bopongan
9. Pagas tumpeng
10. Pagas rikma
11. Mendhem rikma
12. Sade dhawet
MIDODARENI
 Miturut legenda, tumuruning widodari, Dewi Nawangwulan ing
marcapada saperlu paring berkah dhateng putrinipun nami Dewi
Nawangsih ingkang badhe alakrama.
 Kaleksananipun adicara midodareni samangke arupi tirakatan kanthi
pangajab nyenyuwun dhumateng Gusti mugi pinaringan berkah lan
rahmat tumanduk dhumateng penganten supados salebetipun
nindakaken ijab paningkahipun saged lulus raharja kalis ing rubeda.
 Gelaring adicara racakipun :
1. Pambuka
2. Langkahan tumrap CPi ingkang nglangkahi sedherek sepuhipun
3. Bubak kawah, tumrap ingkang mantu putri pambayun
4. Tumplak punjen, tumrap ingkang mantu putri waruju
5. Sowanipun CPa hunjuk dhiri samekta nindakaken jejibahan
6. Paring unjukan tirta wening dhumateng CPa
7. Pamasrahing peningset/sanggan srah-srahan
8. Tilik nitik kagem brayat CPa ingkang putri
9. Mundhut pamit lan waluyan
10. Paring kancing gelung
11. Paripurna
KEMBAR MAYANG
Peprincenipun kembar mayang :
1. Gunungan, mengku wredi manungsa punika kedah momot. Liripun
kedah mbudidaya sugih ngelmi, pengalaman, saha berbudi
bawalaksana.
2. Keris-kerisan, pralambanging kekiyatan lan kawicaksanan.
3. Pecut-pecutan, pralambang tansah hanggadhahi greget saha
kencenging tekad, boten gampil mupus.
4. Payung-payungan, pralambang hangayomi kulawarga lan sesami.
5. Walang-walangan, pralambang sipat trengginas dhadhag hanga-
dhepi samukawis.
6. Manuk-manukan, pralambang gegayuhan ingkang inggil kanthi
greget lan niyat utami
7. Ron waringin, pralambang suka hangayomi lan tresna asih mring
sapadha-padhaning tumitah.
8. Ron dhadhap serep, pralambang ayem tentreming pikir kadayan
saking uwaling godha pangiridu.
9. Dlingo bengle pralambang tolak-balak.
PANGGIH PENGANTEN GAGRAG SURAKARTA

1. Liru kembar mayang/pamasrahing pisang ayu


2. Balangan gantal
3. Midak wiji dadi
4. Singeb sindur
5. Bobot timbang
6. Wisudan/tandur/tanceban
7. Kacar-kucur
8. Dulangan
9. (Bubak kawah/tumplak punjen)
10. Besan martuwi
11. Sungkeman
12. Pangayubagya
13. Atur lelangen pinangka selingan
14. Kirab kanalendran
15. Lelangen pinangka selingan.
16. Kirab manjing/kasatriyan
17. Ular-ular/ lelangen
18. Bedhol penganten
19. Jawat asta
20. Paripurna
PANGGIH GAGRAG NGAYOGYAKARTA

1. Balangan gantal. Kakung kaping 4 putri kaping 3.


2. Wijik suku
3. Tigan katemplekaken pangarasanipun penganten putri nunten
kabanting dening juru rias.
4. Penganten manjing kanthi gegandhengan jenthik tanpa singeb sindur.
5. Kacar-kucur.
6. Dhahar walimah, ingkang dhahar namung penganten putri.
7. Tilik nitik.
8. Sungkeman
9. Pangayubagya
10. Lelangen pinangka selingan.
11. Kirab gantos busana
12. Lelangen selingan
13. Kirab manjing
14. Ular-ular/lelangen
15. Bedhol penganten
16. Jawat asta
17. Paripurna
UPACARA ADAT PENGANTEN

 Mantu sepisanan ngawontenaken upacara bubak kawah


 Mantu pungkasan ngawontenaken tumplak punjen
 Pikantuk sedherek misan, penganten putri langkung sepuh, penganten
kakung :
 Macul tumpeng
 Nrajang lawe wenang
 Panggih
 Pikantuk sedherek misan, penganten kakung langkung sepuh, penganten
kakung :
 Nrajang lawe wenang
 Panggih
 Jaka pikantuk randha kembang :
Penganten kakung nyiram bugel ing ngajeng kori saderengipun
upacara panggih.
 Prawan pikantuk dudha kembang:
Penganten putri nyiram bugel sangajengipun kori saderengipun panggih.
BAWA NYIDHAMSARI
Dhandhangula
Nalikane wancine wus wengi/ ratri
Lintang luku sumunar ing tawang
Kinarya dadi seksine
Prasetyaning atiku
Mring sliramu wong ayu manis
Tansah katon ing netra
Lam-lamen satuhu
Lamun kedah mider jagad
Siyang ratri tan kendhat ingsun ngupadi
Nyidhamsari asmara
MIJIL
WUS SAMAPTA BINUSANAN ADI
KANG PINDHA SANG KATONG
SIGRA/ SAMPUN MIJIL TUMEDHAKING BALE
BALE ASRI, RINENGGA RINUKTI
O…. O….
SINEBARAN SARI, O…
SARI… SARI …
(AMRIK NGAMBAR ARUM, O… O…., O….)
Makaten ingkang saged kula aturaken,
nyuwun pangapunten tumrap sadaya
kirang jangkeping atur saha muranging
trapsila.

mtu/nuwun\
PANDADARAN

Kawangsulana pitakenan ing


ngadhap punika kanthi nyerat a, b,
c, d, utawi e, jumbuh kaliyan
aksara ingkang kaserat ing
sangajengipun wangsulan ingkang
panjenengan galih leres
1. Basa Jawi makaten priyogi kaladosaken nut ing
jaman kalampahanipun. Mila kedah
komunikatif-fungsional, ingkang tegesipun …

a. basa minangka sarana tata krama, lan suba sita


b. basa minangka sarana lung-tinampen gagasan lan
pangertosan
c. jumbuh kaliyan swasana lan kawontenanipun
panggina basa
d. nengenaken unggah-ungguh, tata krama, lan suba sita
e. jumbuh kaliyan swasana tata krama, lan suba sita
2. Basa Jawi makaten priyogi kaladosaken nut
ing jaman kalampahanipun. Mila kedah
kontekstual, ingkang tegesipun …

a. basa minangka sarana tata krama, lan suba sita


b. basa minangka sarana lung-tinampen gagasan lan
pangertosan
c. jumbuh kaliyan swasana lan kawontenanipun
panggina basa
d. nengenaken unggah-ungguh, tata krama, lan suba sita
e. jumbuh kaliyan swasana tata krama, lan suba sita
3. Basa Jawi makaten priyogi kaladosaken
nut ing jaman kalampahanipun. Mila
kedah normatif, ingkang tegesipun …

a. basa minangka sarana tata krama, lan suba sita


b. basa minangka sarana lung-tinampen gagasan lan
pangertosan
c. jumbuh kaliyan swasana lan kawontenanipun
panggina basa
d. nengenaken unggah-ungguh, tata krama, lan suba sita
e. jumbuh kaliyan swasana tata krama, lan suba sita
4. Tembung panatacara ugi asring
sinebat maneka warni, kajawi …

a. panata adicara
b. pranata adicara
c. Pengacara
d. juru paniti laksana
e. pambiwara
5. Busananipun panatacara prayoginipun
kados kasebat ing ngandhap punika,
kajawi …

a. jumbuh kaliyan wekdal, ingkang paring


dhawuh, ayahan, kawontenan
b. trep cakrik lan wangunipun
c. pantes boten kesangeten kirang utawi
langkungipun, jumbuh blegeripun sarira
d. jangkep peranganipun
e. moncer, awis saha endah
6. Ingkang boten kalebet panjilmaning
tatakrami ingkang baken inggih
punika …

a. rasa-pangrasa
b. sikeping tumindak
c. tindak-tanduk
d. solah-tingkah
e. muna-muni
7. Panatacara kaprayogekaken hawatak
maraga, tegesipun …

a. blegering sarira adi lan busana edi


b. runtut, luwes, mrabawa, mantep, boten wigah-
wigih
c. jumeneng kanthi jejeg lan limrah
d. anteb, anteng, ebahing raga lan liringing netra
ngemu pasemon jatining wigati
e. cak-cek, trampil, trengginas, sembada
ngentasi karya
8. Jumenengipun panatacara ugi prayogi
jejeg lan letipun pada kanan lan kering
limrah. Sikep ingkang makaten sinebat …

a. Magatra
b. Malaksana
c. Mawastha
d. Maraga
e. Matanggap
9. Pratikelipun pambiwara ingkang ninthingi
swasana tinamtu ingkang mrelokaken
eguh pratikel saged winastan …

a. Magatra
b. Malaksana
c. Mawastha
d. Maraga
e. Matanggap
10. Kawibawan ingkang dipungadhahi
dening panatacara makaten miturut ilmu
kajiwan kalebetaken ewonipun …

a. wibawa asli
b. wibawa sepuh
c. wibawa kawitan
d. wibawa pangkat
e. wibawa kuwasisan
JAMBI
Tanah pilih peseka ing Jambi
Ana tuwah becik lan miguna
Gapryak semanak wargane
Hangayom bumi subur
Hayu hayem tentrem ing ati
Bumi kapidak suka
Langit kita junjung
Sang Gusti paring nugraha
Tanah Jambi ayo padha sung bekteni
Pantes linabuhana

You might also like