You are on page 1of 17

OMAH JOGLO JAWA

INDONESIA

Dening
Abdul rachman,S.Pdi
. OMAH ADAT JAWA TENGAH
 Pambuka Assalamu ‘alaikum Jawa tengah iku provinsi ingkang
sampun misuwur sanget ing nagari indonesia malah uga dumugi ing
mancanegara. mulai saka dhaharanipun kayata gudeg, sate, sega
megana, lan sapanunggalanipun. Ugi kabudayan-kabudayan ingkang
wonten ing Jawa Tengah, tuladhanipun Tari Bondan, sekar macapat
lan gamelan. Salah satunggaling kabudayan yaiku omah adat. Ing Jawa
Tengah omah adat ingkang khas dipunsebat Omah Joglo.
JOGLO KHAS JEPARA
 Joglo Jepara nggadahi atap genteng ingkang dipunsebat
"Wuwungan", kaliyan bangunan ingkang dipundominasi seni ukiran
(4D) khas kabupaten Jepara ingkang campuran saka budaya Hindu-
Jawa, Islam-Arab, tionghoa-china lan eropa-portugis. Joglo Jepara
sami kaliyan Joglo Kudus ananging wonten satunggaling prabedan
ingkang katingal sanget yaiku ing babagan lawangipun, Joglo Jepara
ngadahi 3 lawang utama wondene joglo kudus namung 1 lawang.
 Bab ingkang sae saka Joglo Jepara boten namung saking asrinipun arsitektur lan
ukiranipun, nanging ugi saking filosofinipun. yakuwi : a.Madhep segara kanthi ancas
supados mulur nalaripun, b.Mbureni gunung kanthi ancas supados boten anggung
gumunggung, c.Atap awujud pegunungan kanthi ancas religius yaiku Gusti tansah
ing inggil lan Maha Kuwaos dumatheng sadayanipun, d.Tiga wuwungan kang boten
tugel ananging nglengkung ingkang nggadahi maksud urip ingkang luwes, e.Tiga
lawang ing ngajeng ingkang mujudaken bayan antaranipun : manungsa kaliyan Gusti,
manungsa kaliyan manungsa lan manungsa kaliyan alam.
OMAH JOGLO KUDUS
 Omah Joglo Kudus nggadhahi atap genteng ingkang dipunsebat “Atep
Pencu”, ingkang dipundominasi seni ukir sekawan dimensi (4D) khas
kabupaten Kudus kang campuran saka budaya Jawa ( Hindu ), Persia (
Islam ), Cina ( Tionghoa ) lan Eropa ( Belanda ). Joglo menika kirang
luwih dibangun ing taun 1500-an Masehi kanthi 95% kajeng jati asli. Joglo
Kudus sami kaliyan Joglo Jepara ananging bentenipun wonten ing
lawangipun, Joglo Kudus namung nggadahi setunggal lawanglan Joglo
jepara nggadahi kalih lawang.
 • ruang tamunipun nggadhahi saka setunggal minangka 8 simbol Gusti iku Maha
Siji • gedhongan lan senthong ingkang kawontenen sekawan saka guru. sekawan
saka kalawau minangka simbol ingkang menehi pitutur dhateng ingkang nggadahi
dalem supados saged nyangga gesangipun kanthi ngeker saka sekawan wataking
manungsa : amarah, lawwamah, shofiyah lan mutmainnah • Pakiwan minangka
simbol supados manungsa tansah nyuceni lair lan batosipun • tetanduran watara
pakiwan, antawisipun : wit blimbing simbol lima rukun Islam, pandan wangi simbol
rejeki ingkang halal ugi sae, sekar mlati simbol andhap asor ingkang sae lan kasucen
JOGLO KHAS PATI
 Joglo Pati nggadahi atep gendeng ingkang wujudipun khas,
campuran budaya saking Jawa lan Tiongkok. Joglo menika kinten-
kinten dipunbangun ing taun 1700-an Masehi kanthi 90% kajeng jati
asli. Joglo Pati sami kaliyan Joglo Kudus ananging bentenipun
kawontenan ing wujud lawang lan atepipun.
BAGIAN ING OMAH JOGLO

 PENDHAPA

 PRINGGITAN

 OMAH DALEM
PENDHAPA

 Pendhapa wonten ing sisih ngajeng, boten gadhah tembok, simbol


filosofi tiyang jawi ingkang gemah ripah lan boten pilah-pilih tamu.
Umumipun, pendhapa boten dipunsukani meja utawa kursi, namung
dipunsukani tikar mainangka wonten tamu ingkang rawuh, saingga
tamu lan ingkang kagungan dalem nggadahi sapadan lan nalika micara
saged guyub rukun -- Rukun agawe Santosa
PRINGGITAN

 Pringgitan iku bagéyan ruangan ing umah Joglo sing dunungé ana
ing antara pendhapa lan dalem utama (Dalem Ageng). Pringgitan
nduwèni kagunan kanggo nampa tamu, lan papan kanggo pagelaran
wayang nalika ana gawé utawa hajatan. Ruang pringgitan iki uga bisa
kanggo lenggahan ngénggar-énggar penggalih wayah soré.
OMAH DALEM

 yaiku ruang pribadhi inkang nggadahi dalem. ing griya dalem


wonten bageyan-bageyanipun yaiku ruang kulawargi lan senthong
utawa kamar. sadurunge, senthong mung digawe telung kamar . kamar
sapisan damel sare, kamar kaping kalih suwung ananging kebak dipan
kaliyan spre, ingkang kaping telu kangge ngaso wanita
PANUTUP

 Tanah jawa nggadahi kabudayan ingkang kathahipun mangewu-


ewu. awit saking menika kita kedah nguri-nguri kabudayan kita
supados saged wilujeng kangge buyut canggah kita.
NGATURI ATUR PANUWUN

Mbok bilih anggenipun kitha micara kathah salah lan kaprah, kitha
nyuwun agunging sih pangaksama. Nuwun Wassalamu’alaikum

You might also like