You are on page 1of 19

PENDALAMAN MATERI

SEMANTIK
Dra. Dyah Padmaningsih, M.Hum.
MATERI II : Jinis Makna
Widya makna ngegayutan karo tegesing tembung. Saben tembung
duweni teges kang beda, gumantung konteks sosial, lan pengetrapane
ana ing ukara. Sanadyan tembunge pada, nanging ana ing ukara beda,
tegese tembung sok beda. Adhedhasar tegese tembung gumantung
konteks sosial, jenis semantik, rasa basa, ketepatan tegese, lan ana ing
ukara, tembung duweni teges mawarno-warno,
Teges utawa arti basa sifate misteri utawa ora bisa dicekel. Maksude
teges iku ana nanging ora bisa dicekel lan diungkapke utawa
diomongake, teges sifate rumit (Richards & Ogden, 1923: Subroto,
2011).
Pendekatan makna kanggo pasinaon ana lima yaiku:
1. Teges utawa arti gegayutan karo kang diacu (meaning as reference), teori kang
ngandarake menawa basa iku ana kanggo nglambangake barang (benda) kang nyata
utawa ora nyoto (abstrak), pikiran, gagasan, rasa, karep, tumintak, kedadeyan,
kaanan. Ana ing segitiga makna, widya makna gayutake tembung karo acuane
utawa referent kang disebut hubungan makna utawa relasi meaning (Ricahards &
Ogden, 1923)
2. Teges utawa arti iku wujud logika. Teges minangka sarana pacalathon arupa wujud
logika. Teges utawa makna iku wujud logika. Maksude teges minangka cara ing
pachalathon iku wujud logika. Ing babagan iki ana hubungane karo bebener,
penarikan kesimpulan, isi wicara lan nduweni sarana lan mekanisme kanggo
ngandharake isi wicara. Tulaha. Anis karo Nita lagi pada sinau. Ukara iku
ngandharake ana bocah sing jeneneng Anis karo Nita, nindakake kegiatan yaiku
sinau.
3. Arti adhdhasar konteks lan penggunaan (meaning as context and use), teges
utawa arti gumantung kontekse lan kang gunakake basa. Gegayutan karo
kawruh pragmatik maksud tuturan adhedhasar konteks lan kang gunakake
basa.
4. Makna minangka budaya disebut reducsi budaya, yaiku budaya sing
minangka penentu pungkasan makna, utawa makna saka basa kasebut kabeh
ditemtokake dening konteks budaya sing diucapake (Frawley, 1992). Beras
ing basa Jawa iku pari, gabah, beras, sega, menir, mrambut, katul, dhedhak,
dsb.
5. Arti minangka struktur konseptual (meaning as conceptual structure), sing
dipahami struktur semantik yaiku padha karo struktur konseptual
(Jackendoff, 1988). Misalnya meja, digawe saka kayu, wei, alumunium,
plastik, sikili 4, wujude bisa kothak, bunder utawa lonjonh, sehingga
pemakai basa bisa nggambarake konsep barang kang arupa meja.
Jenis makna utawa teges.
1. Makna leksikal yaiku teges tembung kang padha ing tembung
sakwutuhe persis karo bawakane. Makna leksikal ana gayutane karo
leksem utawa tembung lan ora ana hubungane karo gramatikal
(Kridalaksana, 1982). Dene leksem utawa tembung iku bisa madek
dewe, bisa awujud dasar utawa tembung lingga, tembung andhahan
utawa derivasi kang duweni teges kaya ing kamus. Leksem utawa
tembung iku satuan ujud lingual sing duweni teges cetha. Maksude
tegese unsur-unsur basa minangka lambang barang utawa benda,
kedadeyan lsp, Makna leksikal iku teges sing diduweni unsur-unsur
basa lepas saka konteks utawa gramatikal.
Makna leksikal iku ana ing leksem iku dhewe utawa tegese tembung
ngrujuk marang tegese lambang basa kang asifat dasar durung owah saka
asline lan ora duweni makna liya utawa konotasi.
Tuladha:
1. Buruh : wong sing kang ngalap opah sarana nyambut gawe, nyambut
gawe sarana opahan
2. Anak : putra, turunan kang kapisan
3. dhemen : remen (k), seneng sarta asih, duwe kesenengan
4. kebak : kisenan, kabeh ora ana sing sela
Tuladha liyane: tembung kembang ana ing ukara:
(1) Arni dadi kembang desa
(2) Ibu mundut kembang mawar
Tembung kembang ana ing ukara Arini dadi kembang desa iku teges ayu
dadi crita ing masyarake, lan narik kawigaten yaiku bocah ayu dhewe sak
desa, dene tembung kembang ing ukara ibu mundhut kembang mawar
tegese jeneng tandhur pasren kang aran kembang mawar. Dadi makna
leksikal dumunung ana ing ukara (2) kembang tegese kembang utawa
jenenge tanduran pasren. Makna leksikal bisa owah dadi makna gramatikal,
menawa leksem iku dumunung lan gumantung ana ing kontekse. Makna
leksikal padha karo makna ing kamus.
2. Makna gramatikal yaiku teges utawa makna yang muncul minangka asil saka fungsi
tembung ing ukara. Hubungan antarane unsur basa ing unit luwih gedhe. Makna
gramatikal yaiku makna sing muncul amarga asil saka proses gramatikal utawa proses
paramasastra. Proses gramatikal bisa arupa: proses camboran utawa pemajemukan ,
rangkep utawa reduplikasi, kawuwuhan imbuhan, panyusunan ukara.
Tuladha :
Tembung Panglaris dumadi saka tembung lingga laris kang tegese laku akeh , antuk ater-
ater pang-. Sawise tembung laris diwuwuhi ater-ater pang- dadi panglaris sing tegese barang
sing didol luwih murah kanggo wong sing tuku kapisan kanthi ancas barang-barang liyane
cepet laku . Dadi antarana tembung lingga lan tembung andahan tegese beda. Bedane
amarga diwuwuhi ater-ater.
Tembung tangan secara leksikal bagian anggota tubuh saka pergelangan nganti pucuk driji.
Tembung tangan sawise gabung karo tembung liya dadi dawa tangane kang ateges clemer
utawa sening colong jupuk. Semono uga tembung dawa tangane duweni teges luwih saka
siji: sing kapisan tegese tangane pancen dawa, dee sing kaloro tegese clemer utawa gelem
nyolong jupuk
3. Makna konseptual yaiku makna sing padha karo konsepe
utawa makna bebas saka acuan utawa hubungan apa wae. Dadi
makna konseptual iku makna sing duduweni leksem / tembung
bebas saka kontek. Dadi makna konseptual kurang luwih pada
karo makna leksikal, maka denotatif. Tuladha: kursi, salah
sijine alat sing fungsine kanggo lungguh, duweni sikil papat,
bahan bisa saka kayu utawa wesi. Makna konseptual sifate
lugas, ora gumantung konteks, siji banding siji ora ambigu, ora
gampang owah amarga wektu.
4. Makna asosiatif yiku teges utawa makna sing didarbeni leksem
utawa tembung awit saka hubungane tembung iku karo kahanan
utawa ngrujuk ing luar basa. Tuladha tembung putih duweni
referensi suci, resik, ora duwe dosa. Makna asosiatif ana gandeng
cenenge karo masyarakat bahasa pandangan hidup, keyakinan,
nilai moral masyarakat singgunakake basa.
5. Makna spesifik yaiku makna konseptual sing khusus, khas, lan
sempit. Tuladha: pasangan bulu tangkis gandha putri
dimenangke Indonesia, makna ukara iku amung wong loro sing
bertanding ora wong sak Indonesia. Tim futsal UNS menang
lomba se Asia. Makna ukara iku sing menang sak tim, dudu
warga civitas akademik uns sing menang.
6. Makna konotatif yaiku makna kan digunakankke kanggo acuan
bentuk utawa makna liya sing ana ing njoba leksikale.makna jenis
iki makna sak tembung utawa kelompokadhdhasarcerasaan utawa
pikiran sing muncul saka sing clathu lan sing dijak clathu. Kesan
makna konotatif cenderung marga emosi lan subyektif. Kajaba
iku, makna konotatif ana gayutane karo nilai rasa kang gunakake
basa utawa sing clathu, kaya rasa jengkel, seneng, sedih, hormat
utawa ngajeni, jijik, anyel lan makna konotatif biasa digunakake
ing dunia sastra. Tuladha: tembung ngobrol lan ngrumpi, loro-
lorone duweni teges pada yaitu omong-omong wong loro utawa
luwih. Bedane ngobrol sing dicritake maneka warna sifate positif,
yen ngrumpi tegese rerasanan kadang kala nyatur eleke liyan,
utawa ngetoke panguneg-uneg kang ngemu rasa anyel utawa gela.
7. Makna afektif iku makna sing muncul amarga reaksi sing
ngrungokake utawa si omong tumrap basa sing digunakake.
Tuladha; Ayo diunjuk mung banyu putih. Ukara iku kalebu makna
afektif utawa merendahkan diri. Ngapunten mung wedang kendel.
Maksud wedang kendel iku wetang tanpa ana camilane. Nanging
asring wedang kendel nganggo camilan nadya camilane mung
sederhana. Ukara iku kalebu makna afektif merendahkan diri lang
ngurmati sing diajak omongan.
8. Makna stilistika iku makna utawa teges sing katon merga basa
akibat nggunakake basa. Makna stilistika gegayutan karo
nggunakake basa kang muncul efek khususe kanggo kang maca.
Makna stilistika luwih dirasake ing karya sastra.
9. Makna kolokatif yaiku makna sing digandhengake karo nggunakake
pirang-pirang tembung ing lingkungan sing padha. Tembung, tas, pensil,
bulpen, setip ongotan, garisan, meja, tembung-tembung kang ana meja
sinau. Tembung bantal, boneka, kemul, lan lemari mesthi katon ing
lingkungan kamar turu.
10. Makna konotatif yaiku tegese tembung utawa rangkaiane tembung
adhedasar perasaan utawa pikiran sing wicara lan lawan wicara. Makna
konotatif thukul akibat asosiasi rasa tumrap apa sing diucapake utawa sing
dirungokake. Makna konotatif iku minangka teges, arti makna, wujud saka
sikap sosial. Tembung: mangan karo madhang. Mangan tuweni teges kang
lumrah, nanging madhang kanggo kepentingan tartamtu, kaya ta lagi nesu.
Tembung tikus ing ukara Bapak grapyak tikus neng sawah , duweni
tembung ama pari ujude tikus, nanging yen gedongan, tegese koruptor
dudu tikus sing urip neng gedongan.
11.Makna denotatif tegese makna alam kang cocok karo apa anane
utawa makna lugas. Sifate obyaktif, padha karo kanyatan.
Tembung turu tegese rebahan neng panggonan, mripat merem, ora
polah, bisa nganggo lemek lan bantal. Makna denotatif asil saka
observasi panca indra, rasa utawa pengalaman liyane. Dadi makna
denotatig ana gayutane karo kasunyata utawa info faktual.
Tembung thole iku duweni teges bocah lanang utawa bocah dudu
wedok, lan umure luwih enom.
12. Makna idiomatik iku teges makna sing ana ing jerone idiom, teges iku nyimpang
saka makna konseptual lan gramatikal unsur-unsur panyusune. Idiom iku istilah khusus
sing nduwe nilai estetis lan budaya, utamane ing masyarakat Jawa. Idiom Basa Jawa
wigati, amarga asring digunakake ana ing pasrawungan kanggo piwulang, nanging ana
kang ngarani yen idiom iku ajaran kang dianggep wadi. Susunan tembung ing idiom ora
bisa diwalik dadi urutaning tembung tetep nanging maknane beda karo tembung-
tembung asline
Tuladha:
Idiom Mikul dhuwur mendhem jero tegese uwong kang duwe tanggungjawab marang
keluargane lan jaga jeneng wong tuwane
Idiom Kacang mangsa ninggalo lanjaran tegese watak, sifat, tingkah laku ana memper
karo wong tuwane. Tegese, wong tuwa kudu menehi conto sing becik lan tumindak kang
becik supaya anake tentrem nyandhing keluargane
Idiom kasebut susunane tembung ora bisa diwalik utawa diseseli tembung liya, awit bisa
ngrusak susunane lan owah tegese.
13. Makna kontekstual muncul minangka akibat ana gegayutan antarane
ujaran karo situasi utawa kahanan. Hubungan antarane pacalathon
utawa antarane sing clatuk lan kahanan kang digunakake ing
rembukan
Tuladha:
(1) Pak nyuwun lungsurane . Ukara iku tegese wong sing clathu ana ing
kahanan sing prihatin yaiku ora duwe klambi kanggo salin utawa klambine
sithik tur wis elek.
(2) Mbak rotine ketoke empuk enak. Ukara iku mratelake kekarepan
sing clathu yen kepingin supaya diwenehi utawa jaluk kanthi alus
14. Makna téma iku makna sing disampekake dening pembicara / penulis
liwat urutan tembung, fokus obrolan, uga penekanan ing obrolan.
Bapak ibu kula sakit. Tegese ukara iku bisa ana telu yaiku:
(1) Bapak/ ibu kula sakit
(2) Bapak ibu/ kula sakit
(3) Bapak ibu kula/ sakit
Ukara (1) menehi kabar marang bapak yen ibune lara, ukara (2) isine
prastawa yen sing lara kula, dene ukara (3) mratelaken yen bapak ibune
sing clathu lara.
15. Makna referensi makna unsur basa sing gegayutan karo jagad jaba lan
bisa dijelasake kanthi analisis komponen, duwe gegayutan langsung
karo acuan kang padha karo lekseme utawa kedadeyan, barang, ciri
lsp.
Tuladha : Leksem kursi duwe acuan langsung arupa barang, kanggo
lungguh utawa turu, sikile papat, digawe saka kayu utawa wesi.Kanggone
pengguna basa kang wis mangerteni bantal ora bakal duwe pilihan makna
sing beda.
Leksem tremos duwe acuan langsung arupa barang kang kanggo isi
banyu jerone ana botol pemanas kang isa nahan panas paling ora 24 jam,
kang lapis jaba nganggo plastik, ukuran bisa kecil atau besar. Tremos bisa
kanggo wadah sega utawa banyu.
16. Makna Afektif
Makna afektif iku makna kang gegayutan karo perasaane si clathu
marang sing dijak clathu utawa obyek kang dirembuk,Ing basa
lesan tegese tembung kang adhedhasar makna afektif bisa beda
karo tegesa tembung liya. Tembung Ana ujian karo aja rame,
duwen teges padha supaya ora gadhuh. Nanging frase ana ujian
luwih duweni makna khusus lan dikenal dene para siswa
tinimbang aja rame sing sifate umum.

You might also like