You are on page 1of 33

1

Sawijine asil karya sastra ingkang bebasa cekak,


mentes, lan endah yaiku ....
a. Pidhato
b. Drama
c. Cerkak
d. Geguritan
e. Pewara
D
2
Jinising geguritan gagrag anyar yaiku ....
a. Ora kaiket paugeran tartamtu
b. Diwiwiti kanthi ukara sun nggegurit
c. Sapadane dumadi saka patang gatra
d. Guru lagune pinathok
e. Guru gatra lan wilangan pinathok

A
3
Ing ngisor iki klebu ing struktur fisik geguritan,
kajaba ....
a. Tipografi
b. Diksi
c. Tembung konkret
d. Rasa
e. Wirama
D
4
Tembung kang bisa ditangkep dening alat indra
kang bisa mujudake imaji yaiku ....
a. Tembung kiasan
b. Tembung konkret
c. Busananing basa
d. Amanat
e. Nada
B
5
Kepenak orane sajroning ngrungokake geguritan
iku gumantung marang ....
a. Dawa cendhake geguritan
b. Kaprigelan wong sing maca
c. Amba ciyute panggonan maca
d. Akeh sithike wong sing ngrungokake
e. Kahanan sajroning sing maca
B
6
Supaya bisa mangerteni isine geguritan, mula
sing kudu ditindakake yaiku ....
a. Bisa nggawe geguritan
b. Negesi tembung-tembung
c. Maca kanthi mimik kang trep
d. Pacopan kudu cetha
e. Nalika maca kudu duweni ekpresi
B
7
Ing ngisor iki sing ora klebu tata cara nggancarake
geguritan yaiku ....
a. Ngudhari tembung-tembung baliswara
b. Ngganti tembung kang angel karo tembung sing
gampang dimangerteni
c. Munggel tembung-tembung utawa ukara supaya
cetha karepe
d. Maca geguritan diboaln-baleni kanthi bisa ngrasakake
lan mangerti
e. Menehi tembung pangadek, panyilah utawa tembung
liyane
A
Mitoni
Mitoni iku asalé saka tembung pitu (7).Upacara adat iki dianakaké wektu calon ibu nggarbini
utawa meteng 7 sasi. Ancasé kanggo keslametan calon bayi lan ibuné utawa kanggo sing sipaté
tolak bala. Ing dhaérah tartamtu, upacara iki uga diarani tingkeban. Makna Jabang bayi umur 7
sasi iku wis nduwe raga sing sampurna. Dadi miturut pangertene wong Jawa, wetengan umur 7
sasi iki proses pangriptane manungsa iku wis nyata lan sampurna ing sasi kaping 7. Reroncen
acara kanggo upacara mitoni iki luwih akeh tinimbang upacara ngupati. Urut-urutane yaiku
siraman, nglebokake endhog pitik kampung ning njero kain calon ibu dening calon bapak, salin
rasukan, brojolan (nglebokake klapa gadhing enom), medhot lawe utawa lilitan benang (janur),
mecahake wajan lan gayung, nyolong endhog lan pungkasane yaiku kendhuren. Acara siraman
mung dianakake kanggo mitoni anak sing nomer siji. Miturut adat Jawa mitoni iku kudu dianakake
ing dina sing temenan apik yaiku dina Senen awan nganti mbengi utawa dina Jemuah awan nganti
mbengi. Rangkeyan Acara Rantaman adicara kanggo upacara mitoni iki luwih akeh tinimbang
upacara ngupati, urut-urutan yaiku siraman, nglebokake endhog pitik kampung ing njero kain
calon ibu dening calon bapak, salin rasukan, brojolan nglebokake cengkir klapa gadhing, medhot
lawe utawa lilitan benang janur, mecahake wajan lan gayung, nyolong endhog lan pungkasan
kendhuri kendhuren. Acara siraman namung dianakake kanggo mitoni anak mbarep. Wektu
Miturut adat Jawa mitoni iku kudu diadani ing dina sing temenan apik yaiku dina Senen awan
nganti mbengi utawa uga dina Jemuwah awan nganti mbengi, saderengipun wulan
'purnamasidhi'.
8
Ancas diadakake upacara adat tingkeban/mitoni
yaiku ....
a. Kanggo kaslametan bapa biyunge
b. Kanggo kaslametan jabang bayi
c. Kanggo kaslametan calon ibu
d. Kanggo tulak balak
e. Kanggo kaslamtan calon bayi lan ibune utawa
kanggo sing sipate tulak balak.
E
9
Apa sababe tingkeban dipengeti nalika jabang bayi umur
pitung sasi?
a. Awit nalika jabang bayi umur 7 wulan wis bisa
dioperasi sesar
b. Awit nalika jabang bayi umur 7 wulan wis bisa diarani
bayine wis tua
c. Awit nalika jabang bayi umur 7 wulan wis bisa
dilairake kanthi sampurna
d. Awit nalika jabang bayi umur 7 wulan si jabang bayi
wis disebulake ruhe
e. Awit nalika jabang bayi umur 7 wulan iku nduweni
raga sing sampurna
E
10
Ing ngisor iki sing dudu klebu urut-urutan ing
upacara adat tingkeban yaiku ....
a. Siraman
b. Menek andha tebu
c. Mdhot lawe
d. Brojolan
e. Salin rasukan
B
11
Sing ditindakake nalika adicara brojolan ing
tingkeban yaiku ....
a. Nglebokake klapa gadhing enom
b. Medhot lawe utawa lilitan benang (janur)
c. Mecahake wajan lan gayung
d. Nyolong endhoge tanggane
e. Kenduren ngundang wong sekampung
A
12
Miturut adat Jawa mitoni iku kudu dianakake ing dina sing
temenan apik utawa dina becik, yaiku ....
a. Selasa awan nganti bengi
b. Rebo awan nganti bengi
c. Kemis awan nganti bengi sadurunge wanci rembulan
purnamasidi
d. Setu lan ahad awan nganti bengi sadurunge rembulan
purnamasidi
e. Senen lan jumuwah awan nganti bengi sadurunge
wanci rembulan purnamasidi
E
13
Gambar ing dhuwur kalebu upacara adat kang
diarani....
a. Brokohan
b. Sepasaran
c. Tingkeban
d. Ruwatan
e. Selapanan
D
14
Kagiyatan kang ana ing gambar no. 13 iku dilakoni kanthi
ancas tartamtu yaiku....
a. Supaya slamet dunya lan akhirat
b. Supaya adoh saka bebaya kang bisa ndadekake mala
c. Amarga upacara kasebut iku wigati tumrap kauripan
ing dunya
d. Amarga kanggo raos syukur dhumateng kersaning
Gusti
e. Supaya adoh saka katindhak ala lan bisa urip kanthi
sae
B
15
Ing ngisor iki sing kalebu upaca adat kang ana
gegayutane karo manungsa nalika isih ing
kandhuntan nganti ing kaseban jati yaiku ....
a. Petik laut
b. Bersih desa
c. Brokohan
d. Sedhekah bumi
e. Grebeg sura
C
Assalamualaikum Wr.Wb

Sak derengipun sumongga kula derekaken memuja lan memuji dumateng ngarso dalem Allah SWT ingkan smpun
paring rahmat, taufik hidayah sarta inayah ugi ing wedal dalu punika mboten karaos kulo panjenengan tansh
pinaringan nikmat kesehatan, kesempatan, iman lan islam. Shalawat saha salam mugi katetepaken wonten ngarso
dalem Nabi Agung Muhammad SAW inggkang dipun tengga syafaatipun wonten ing yaumil qiyamah.
Para hadirin rahimatullullah ingkang dipun mulyakaaken dening allah SWT, ugi katur dumateng panjenenganipun Bp.
Lurah ingkang kawula hormati.
Panjenenganipun Al mukharom Kyai H. Ali Mufti ingkang kawula hormati
Panjenenganipun para pinisepuh-saha sesepuh wonten ing padukuhan dukuh sowanipun ingkang hanggung mastuti
dumateng popayaning kautamen ingkang pantes nampi pakurmatan.
Para tamu undangan ingkang satunggal bapa satunggal mboten saged kawula sebataken ingkang dipun mulyaaken
dening Allah SWT.
Gegandengan wedal sampun winanci, pramila pangaosan sak lebetipun acara halal bihalal ingkang diwontenaken rutin
setunggal tahun sepindah wonten ing dukuh Sokosari leresipun wonten dalemipun Bapak Imam. kaparengo kula
sumawelo atur soho ngigeg anggen panjenengan wawan pangandikan punapa dene imbal wacana ingkang saperlu
badhe ngaturaken urut reroncening adicara wonten ing dalu punika.
Menggah rantamaning adicara Halal-bihalal ing ratri punika nuwun inggih:
Pambuka
Gema Wahyu Ilahi punapa dene waosan ayat suci Al Qur’an.
Prakata Panitia
Inti acara Halal bihalal
Penutup
Bilih adicara ingkang sepindah, sumangga adicara halal bihalal punika dipun bukak kanti waosan umul kitab ” Al-
fatihah”
Sampun paripurna........
16
Teks pewara ing dhuwur nduduhake ing adicara
....
a. Pambagya temanten
b. Kumpulan arisan
c. Kumpulan karang taruna
d. Kumpulan halal bihalal
e. Pambagyan tingkeban
D
17
Rantaman adicara teks pewara ing dhuwur yaiku ....
a. Pambuka, atur pambagyan saking pandhega panitia karang taruna,
sesorah saking pangarso/kepala desa, rerembugan,
donga/panutup
b. Salam panbuka, pambuka, atur pambagyan saking pandhega
panitia karang taruna, sesorah saking pangarso/kepala desa,
rerembugan, donga/panutup
c. Atur parahargyan, pambuka, sesorah saking pangarso/kepala
desa, rerembugan, donga/panutup
d. Sesorah saking pangarsa, pambuka, atur pambagyan saking
pandhega panitia karang taruna, rerembugan, donga/panutup
e. Pambuka, gema wahyu ilahi waosan ayat suci Al Qur’an, prakata
panitia, inti acara Halal bihalal, penutup

A
18
Tata urutan tanggap wacana sing bener yaiku....
a. Salam pamuka, pambuka, panyapa, surasa basa,
dudutan, pangarep-arep. Wusana, salam panutup
b. Salam pambuka, pambuka, panyapa, surasa basa,
pangarep-arep, dudutan, wusana, salam panutup
c. Salam pambuka, panyapa, pambuka, surasa basa,
dudutan pangarep-arep, wusana, salam panutup
d. Salam pambuka, panyapa, pambuka, pangarep-arep,
susrasa basa, susutan, wusana, salam panutup
e. Panyapa, salam pambuka, pambukka, pangarep-arep,
surasa basa, dudutan, wusana,salam panutup
A
19
Ing ngisor iki kang ora kalebu bab sing kudu
digatekake supaya basa kang digunakake
komunikatif lan trep yaiku ....
a. Cacahe sing diajak guneman
b. Sapa sing diajak guneman
c. Swasana nalika guneman
d. Sapa sing digunemake
e. Kahanan nalika micara
A
20
Ngandharake gagasan marang wong liya (para
rawuh) sarana micara sing wis kasusun kanthi tata
urutan lan paugeran sing becik ing adicara
tartamu diarani
a. Tanggap wacana
b. Pranatacara
c. Panyandra
d. Paripurna
e. Panembrama
A
21
Perangan pidhato panutup isine yaiku babagan ....
a. Pangajab (harapan) sing diandharake marang para
rawuh sing midhangetake
b. Salam pakurmatan sing sepisanan marang para tamu
utawa sing kapareng rawuh
c. Nnyebut sapa wae sing rawuh ing adicara pasamuwan
kasebut kanggo paring pakurmatan
d. Sakabehe inti sari kang diaturake marang para rawuh
sing kepareng rawuh
e. Atur panuwun serta nyuwung pangapura menawa ana
kekurangan utawa kaluputan anggone ngandharake
pidhato
A
22
Pidhato pengarahan yaiku ....
a. Pidhato kanggo ngarahake sawijining kagiyatan
b. Pidhato kang isine nglaporake sawijining tugas utawa
kegiyatan
c. Pidhato kang diandharakede ning wong kang nduweni
pengruh kanggo ngresmikake samubarang
d. Pidhato kang isine ngenani sawijining laporan
pertanggungjawaban tugas utawa kagiyatan
e. Pidhato kang isine ngenani sawijining ajaran utawa
agama tertemtu kanggo paring pencerahan marang
para umat.
A
23
1249 Saka didadhekake taun Masehi yaiku....
a. 1324
b. 1343
c. 1245
d. 1232
e. 1327

E
24
1208 didadhekake taun masehi yaiku....
a. 1298
b. 1287
c. 1288
d. 1286
e. 1279

D
25
Taun 2014 Masehi didadhekake taun saka
yaiku....
a. 1936
b. 1987
c. 1932
d. 1954
e. 1933
A
26
Apa kang diarani sengkalan lamba....
a. Sengkalan sing nggunakake tembung-tembung
prasaja
b. Sengkalan sing nggunakake gambar
c. Sengkalan kanggo weweh tetenger taun surya
d. Sengkalan kanggo weweh tetenger taun candra
e. Sengkalan sing nggunakake tembung miring

A
27
Tembung kang duweni watak 4 yaiku....
a. Sapta, prawata
b. Sang, nawa
c. Wahana, sindu
d. Wolu, basu
e. Sirna, nir

C
28
Duwur naga gatining bumi
Ukara kasebut nudhuhake taun....
a. 1588
b. 1589
c. 1580
d. 1582
e. 1583
E
29
Sirna ilang kertaning bumi
Ukara kasebut nuduhake taun....
a. 1500
b. 1400
c. 1600
d. 1700
e. 1300
B
30
Sengkalan memet ing dhuwur unine....
a. Ganesha inapit mong surya
b. Ganesha inapit mong anahut surya
c. Surya inapit mong ganesha
d. Surya inapit anahut surya
e. Ganesha inapit surya

You might also like