You are on page 1of 13

 Alfina Rahma

 Ana Maulidianingrum
 Firmansyah
 Husnul Khotimah
 Luluk Ika F.
 Riska Ainul F.
 Siti Nur Faridatul H.
Tembung sesulih yaiku tembung kang minangka
gegantining wong, barang utawa frasa nomina (frasa kang
nduweni teges barang).
Tembung sesulih purusa (kata ganti orang, pronomina
persona) yaiku tembung sesulih kang minangka gegantine
wong, wong kang rembugan (sesulih utama purusa, purusa
kapisan), wong kang diajak rembugan (sesulih madyama
purusa, purusa kapindho), lan wong kang dirembug
(sesulih pratama purusa, purusa katelu).
Tembung sesulih
Tembung seulih madyama purusa utama purusa (purusa
(purusa ka II). ka I). Tuladha : aku,
Tuladha: kowe, sampeyan, sliramu, kula, kawula, adalem,
panjenengan, panjenengan dalem, ulun, kowe, kabeh,
nandalem, sira, pakenira, pukulan, manira, abdi dalem,
kowe kabeh, lsp. abdi dalam kawula,
ingsun, ingwang,
ingong

Tuladha ukara :
1. Kowe arep menyang endi?
2. Sampeyan saged kulo ajokaken Tuladha ukara :
dhateng pengadilan. 1. Aku lagi mangan jenang
3. Bocah-bocah, kowe kabeh kudu grendul.
tansah sinau sing mempeng.
2. Kula badhe kesah
4. lsp.
dhateng Ngajogjakarta.
3. Kawula ndherekaken
tindakipun bapak.
4. lsp.
Tembung sesulih pratama purusa (purusa ka III).
Tuladha: dheweke, piyambakipun, panjenenganipun.

Tuladha ukara:
1. Dheweke saiki wis lulus saka UGM.
2. Piyambakipun sampun dipuntampi dados PNS
3. Panjenenganipun bapak bupati nembe tindak dhateng
Jakarta.
Tembung ancer-ancer (kata depan, preposisi)
Yaiku tembung kang manggone ana sangarepe
tembung aran (kata benda), tembung kahanan (kata
keadaan), utawa tembung katrangan (kata
keterangan).
Tembung ancer-ancer ngrakit tembung, utawa ngrakit
ukara sing lumrahe digandhengi tembung aran (kata
benda, nomina) utawa tembung sesulih (kata ganti,
pronomina) ing saburine.
Tembung ancer-ancer bisa awujud tembung lingga,
lan bisa uga awujud tembung saroja, upamane ing
utawa nganti teka.
1
Tembung ancer-ancer minangka tetenger wektu, papan, arah kang dituju,
asal: ing, menyang, dhateng, saka, saking.
a. Ing sawijining dina Sang Prabu tindak mbebedhag menyang alas.
b. Rapat RT iki arep dianakake ing dina Kemis.
c. Bapak lagi kondur saka Banjarmasin esuk mau.
d. lsp.

2
Tembung ancer-ancer minangka tetenger arah kang dituju saliyane papan :
marang, dhateng,dhumateng.
a. Aku takon marang Andi, apa sebabe dheweke ora teka rapat.
b. Wong urip kuudu nduweni rasa tresna marang sapadha-padha.
c. Kula nuyun priksa dhateng pak RT pundi griyanipun Kang Salija.
d. Kula ngaturaken sugeng rawuh dhumateng para rawuh sami.

3
Tembung ancer-ancer minangka tetenger maksud utawa tujuan: kanggo,
kangge, kagem.
a. Aku tuku klambi iki kanggo anakku lanang.
b. Kencur menika sageda kangge jampi watuk.
c. Mundhut pasir samanten kathahipun badhe kagem menapa bapak?
4
Tembung ancer-ancer minangka tetenger wektu: meh, nganti, ngantos.
a. Meh rong dina iki aku ora bisa lunga jalaran udan.
b. Apa sebabe kowe nganti dioyak-oyak prajurit kraton?
c. Ngantos sapriki kula dereng nate numpak montor mabur.

5
Tembung ancer-ancer minangka tetenger gegandhengan karo kang
nandangi : dening.
a. Crita cekak iki dikarang dening Esmiet.
b. Untung Surapati numpes prajurit Walanda kang dipandhegani dening
Kapten Tack.

6
Tembung ancer-ancer minangka tetenger gegandhengan karo cara: kanthi.
a. Tentara gerilya mlebu kutha kanthi sesidheman.
b. Wacanen buku iki kanthi tliti.

7
Tembung ancer-ancer minangka tetenger gegandhengan karo alat
utawa piranti : nganggo
a. Gawea ukara nganggo tembung saroja.
Tembung panggandheng yaiku sakabehing tembung
kang nyambung ukara siji lan sijine ing ukara rangkep
utawa ukara majemuk.

Tuladha:
a. Bapak lagi maos koran, dene Ibu ndondomi klambi.
b. Adhine pinter, nanging kangmase bodho banget.
c. Lagi bae adihine mati, malah kangmase lara banget.
d. Sabubare ngaso sapisan, banjur bocah-bocah padha
mulih.
e. Sutinah iku ayu, mulane akeh wong kang seneng.

Tuladha liyane: sarta, lan, kajaba,jalaran, sabab, marga,


awit, lsp.
Tembung panyilah yaiku tembung sing dianggo nyilahake patrap, barang, bab, utawa liyane (kata
sandang). Tuladha: si, sang, para, lsp.
Tuladha ukara:
1. Ingkang rama ngasta wonten pundi Mbak?
2. Para tamu katuran jumeneng sawetawis.
3. Si Suta lan si Soma mlaku bebarengan.
4. Sri Sultan misuwur kabecikane.
5. Sang Prabu nembe semedi.
Tembung panguwuh yaiku tembung kang
mratelakake panguwuh utawa sambat. Tuladhane:
adhuh, tobat-tobat, wah, lo, lah, hemm, lsp.
Tuladha ukara:
1. Adhuh, sikilku loro!
2. Horee... Aku oleh biji satus!
3. Wow, apike montore!
No. Pitakon jawaban
1. Ika Silvi Anisa Riska Ainul F.
Contoh ukara sing gawe saka tembung Sampeyan menyang endi wingi sore?
sesulih madya purasa.
2. Mahmadatul Khisol Ana Maulidianingrum
Apa bedane tembung ancer-ancer ambek Tembung ancer-ancer kata depan,
tembung panggandheng? tembung panggandheng kata penghubung
antara kalimat satu dengan yang lain.

You might also like