You are on page 1of 13

Filosofi busana adat jawa

Kelas XII
SMA N 2 TEMANGGUNG
BLANGKON

Mondolan wonten wingking dipun jumbuhaken kaliyan filosofi


masyarakat jawa ingkang pinter nyimpen wadi (rahasia),
mboten remen mbukak aibe liyan utawi priyangga .
Masyarakat jawi badhe rapet sanget anggenipun nyimpen lan
nalika matur ugi solah bawanipun tansah alus, ngati ati .
Menika kangge bukti luhuring budi pekerti piyantun jawi .
iket

Caranipun ngangge iket menika kedah kenceng supados


mboten gampil ucul. Tumraping piyantun Jawi makna iket
menika supados manungsa gadhah pikiran ingkang
kenceng, mboten gampil goyah namung karana faktor
kahanan utawi tiyang sanes tanpa pertimbangan ingkang
becik
Rasukan

Minangka pangriptanipun Gusti Ingkang


Maha Kuwaos, manungsa kedah ngrasuk utawi
nganut sawijining margi utawi agama kanthi
bener-bener sadhar manembah dhumateng
Gusti ingkang Maha Agung.
BENIK

Makna filosofi saking benik inggih menika bilih


manungsa nalika tumindak kedah dipun nik-nik
tegesipun kedah dipun etung kanthi setiti,
ampun ngantos ngrugekaken tiyang sanes lan
saged njagi antawisipun kepentingan pribadi
kaliyan tiyang sanes.
SABUK

Sa-buk tegesipun namung bak buk , mboten


bathi, lan mboten rugi. Maknanipun bilih
manungsa kedah ngginakaken badanipun
kangge kerja ingkang temen, ampun ngantos
pakaryanipun mboten ngasilaken utawi mboten
pikantuk bathi.
EPEK

Epek = apek; golek;


tegesipun, urip menika
kedah dipun manfaataken
kangge pados ilmu ingkang
migunani.
TIMANG

Timang inggih menika pralambang bilih ilmu


ingkang dipun tekuni kedah dipun pahami kanthi
jelas lan gamblang supados mboten mamang lan
nimbulaken raos kuatir.
JARIK

Jarik tegesipun aja gampang


serik.
WIRU

Wiru tegesipun wiwiren aja nganti


kleru.
CANELA

Canela : canthelna jroning nala, utawi


peganglah kuat di dalam hatimu. Canela
sami kaliyan selop,cripu utawi sandal.
Canela dipun agem wonten suku,
tegesipun nalika manembah dhumateng
Gusti Ingkang Maha Asih menika kedah
dumugi ati. (khusuk)
CURIGA/KERIS

Curiga dipun agem wonten wingking


tegesipun nalika nyembah kedah
ngungkuraken godhaning Syetan ingkang
tansah ngganggu manungsa nalika badhe
tumindak ing kabecikan

You might also like