You are on page 1of 25

TATA IBADAH MINGGU

1 APRIL 2018
Gkj sidomulyo
Votum dan salam
PK : Pangibadah pahargyan wungunipun Sang Kristus
kalampah wonten ing asmanipun Allah Sang Rama,
Sang Putra lan Sang Roh Suci
U : (Ngidungaken) Amin, amin, amin.
Salam
PK : Sih-rahmat lan tentrem rahayu wontena ing
panjenengan!
U : Wonten ing panjenengan ugi!
KPJ 267: 1,3
Pamarta Kula Agesang

Pamarta kula agesang, tyas kula mila agirang


Kang sinalib gesang, dènnya séda krana kula
Wunguné dados panjernya, kula ndhèrèk gesang
Gesang, gesang, Pamarta kula agesang
Gesang, gesang, Pamarta kula agesang
KPJ 267: 1,3
Pamarta Kula Agesang

Tyas kula yogya agirang, dé gadhah Pamarta gesang


Sung gesang mring kula, Gusti gesang anèng swarga
Nyawisi papan mring kula, kula ndhèrèk gesang
Gesang, gesang, Pamarta kula agesang
Gesang, gesang, Pamarta kula agesang
Kidung Pamuji KPJ 275 1, 2, 3

Srana Mandeng Ing Salib

Srana mandeng ing salib tyang dosa gesang


Tinebus sagung dosanira
Dé cempené Allah kang sinalib ngrembat,
Ngesahaken duraka kita
Swawi dèn pandeng! Srana mandeng ing salib
tyang dosa gesang
Tinebus sagung dosanira.
Kidung Pamuji KPJ 275 1, 2, 3

Srana Mandeng Ing Salib


Napa ta damelé Gusi Yésus séda
Yèn datan ngruwat dosa kita?
Napa ta damelé nombokaken nyawa
Yèn datan nebus dosa kita?
Swawi dèn pandeng! Srana mandeng ing salib
tyang dosa gesang
Tinebus sagung dosanira.
Kidung Pamuji KPJ 275 1, 2, 3

Srana Mandeng Ing Salib


Swawi ngungsi mring Gusti tyang dosa sagung
Dosa kita dèn unjukena
Mesthi antuk apura temah agesang
Mbok dèn tampi lan sukarena
Swawi dèn pandeng! Srana mandeng ing salib
tyang dosa gesang
Tinebus sagung dosanira.
Pawartos sih-rahmat [Jumeneng]
PK :Sami nampenana pawartos sih-rahmat saking Gusti
ingkang kapethk saking Yokanan 3:16-
17“Awitdéné Gusti Allah anggoné ngasihi jagad iku
nganti masrahaké Kang Putra ontang-anting,
supaya saben wong kang pracaya marang
Panjenengané aja nganti nemu karusakan,
nanging nduwènana urip langgeng. Sabab Gusti
anggoné ngutus Kang Putra ngrawuhi jagad iku ora
supaya ngadili marang jagad, nanging supaya
mitulungi rahayu marang jagad.” Makaten pawartos
sih-rahmat saking Gusti.
U :Puji sokur konjuk Gusti.
Kidung Pamuji
KPJ 124: 1, 2
Kula sèstu Ndhèrèk Gusti

Kula sèstu ndhèrèk Gusti kang jumeneng Panutan


Tetep setya dugèng janji tan wigih karibedan
Dhuh nyawaku ja kwatir, Gusti tan éwah gingsir
Tut wuria salaminya ing satindaké Gusti.
Kidung Pamuji
KPJ 124: 1, 2
Kula sèstu Ndhèrèk Gusti

Kula sèstu ndhèrèk Gusti martosken Injil suci


Datan ajrih ing sangsara, wit Gusti nganthi kula
Dhuh nyawaku ja kwatir, Gusti tan éwah gingsir
Tut wuria salaminya ing satindaké Gusti.
Pandonga
Waosan I
L : Waosan kapisan saking Para Rasul 10:34-43
Makaten pangandikanipun Gusti.
U :Puji sokur konjuk Gusti.

Tanggapan Antar Waosan


L :(Ngidungaken utawi maos kanthi sesautan)
Mazmur 118:1-2, 14-24
Waosan II
L :Waosan kaping kalih kawaos saking I Korinta 15:1-11
Makaten sabdanipun Gusti.
U :Puji sokur konjuk Gusti.

Waosan Injil
PK : Waosan Injil kawaos saking Yokanan 20:1-18 Makaten
Injil Yésus Kristus. Ingkang rahayu ,
Rahayu tiyang ingkang mirengaken sabdanipun Gusti saha
ngèstoaken ing gesang padintenan. Haléluya!
U: (aklamasi) “Haléluya, Amin”

- Khotbah
Wekdal Ening
Pangaken Pitados Rasuli
(Jemaat jumeneng)
1. Kawula pitados dhateng Allah Sang Rama, ingkang
Mahakawasa, ingkang nitahaken langit kaliyan
bumi.
2. Inggih pitados dhateng Yesus Kristus ingkang
Putra ontang-anting, Gusti kawula.
3. Ingkang kabobotaken dening Roh Suci, miyos
saking prawan Maryam.
4. Ingkang nandhang sangsara nalika jumenengipun
Pontius Pilatus, kasalib, nglampahi seda, lajeng
kasarekaken, tumedhak dhateng ing teleng
palimengan.
5. Ing tigang dintenipun wungu malih saking
antawisipun tiyang pejah.
6. Lajeng sumengka dhateng ing swarga, pinarak
wonten ing tengenipun Allah Sang Rama I
ngkang Mahakawasa.
7. Saking ngriku inggih badhe rawuhipun ngadili
tiyang ingkang gesang kaliyan ingkang pejah.
Kawula pitados dhateng Roh Suci.
8. Kawula pitados wontenipun pasamuwan Kristen
satunggal ingkang suci sarta wradin, inggih 9.
patunggilanipun para suci.
10. Punapa-dene pangapuntening dosa;
11. Tanginipun raga;
12. Sarta gesang langgeng
Pandonga Syafaat
kidung 161: 1, 2, 3
Jiwa Raga Kawula
Jiwa raga kawula, konjuk mring Sang Pamarta
Mugi dados lantaran kamulyaning Pangéran
Kamulyaning Pangéran.
kidung 161: 1, 2, 3
Jiwa Raga Kawula
.
Tangan suku kawula nindakken pakaryannya
Mrih sesami basuki, nampèni sihing Gusti
Nampèni sihing Gusti.
kidung 161: 1, 2, 3
Jiwa Raga Kawula
Dalah kedaling ilat nggih ngundhangken sih-
rahmat
Temah asmaning Gusti datan kendhat pinuji
Datan kendhat pinuji.
Pandonga Pisungsung (Jumeneng)
KPJ 258: 1, 2
Gusti Yésus Wus Wungu
Gusti Yésus wus wungu! Haléluya
Bumi Swarga agirang! Haléluya
Samya memuji sokur! Haléluya
Mring Gusti kang wus mimpang! Haléluya
KPJ 258: 1, 2
Gusti Yésus Wus Wungu
Katresnané sampurna! Haléluya
Kamenangané nyata! Haléluya
Sunaring surya padhang! Haléluya
Tinampi kanthi girang! Haléluya
Pangutusan & berkat
PK : Eneraken manah panjenengan dhateng jagad!
U : Kawula ngeneraken manah dhateng jagad.
PK : Dados mitra tumraping sesami!
U : Sabab kawula adreng neksèni bab Sang Kristus.
PK : Pinujia Allah Sang Rama, Sang Putra lan Sang Roh
Suci!
U : Ingkang mboten naté misahaken kita saking
katresnan-ipun, samangké lan salami-laminipun.

You might also like