You are on page 1of 15

AMATI

GAMBAR-
GAMBAR IKI!!!
M IN DAK
I YE TU
K EPR
A M B AR
U TM U A R- G
U R M B
MIT A N A GA ???
SIN G B U T
KASE

B OC AH
A B A KE N DA K
E B M I
SIN G NY A K E TU
APA N I N DAK O ? ??
I BIS A GK O N
S A IK M E N
KAYA

GA N TI
A Y E NN PA
G G O ? A
W E BAN N GK ON
O E
APA K AK KAYA M ???
D SIN
TUMIN ORA I
ASTAGFIRULLAH…
TOBAT…TOBAT…

BANJUR APA SING


KUDU DITINDAKAKE
SUPAYA ORA
NGANTI TUMINDAK
KAYA
MENGKONO???
AKU KUDU
BERUBAH!!!
BERUBAH DADI
WONG SING LUWIH
BECIK!!!

KANTHI CARA
NYINAONI UNGGAH-
UNGGUH BASA
JAWA!!!
APA SIH SING DIMAKSUD UNGGAH-
UNGGUH BASA IKU???

TATA CARA/ ATURAN/ UNDHA USUK


(TINGKATAN BASA) KANGGO
CATURAN LAN TUMINDAK BECIK
MARANG WONG LIYA.
Undha-usuk (tataran) basa ing
basa Jawa kaperang kaya ing
ngisor iki:

A.Basa Ngoko B. Basa Krama


- Ngoko Lugu - Krama Lugu
- Ngoko Alus - Krama Alus
Basa Ngoko Lugu
Basa Ngoko
Basa ngoko sing ora kacampuran
tembung-tembung krama inggil tumrap
wong sing diajak guneman.
Panganggone:
Sapadha-padha kang wis kulina
banget.
Ndhuwuran marang andhahan
Wong kang wis tuwa marang sing
enom
Guru marang muride
Eyang marang putune
Tuladha:
Kowe mengko sore sida ngampiri aku
les?
Ngoko Alus
Basa ngoko sing kacampuran tembung-
tembung krama inggil tumrap wong sing
diajak guneman.
Panganggone:
• Sedulur enom marang sedulur tuwa
• Wong sing kaprenah tuwa marang wong
enom sing drajate luwih dhuwur
• Ibu marang bapak sing wis ngoko-
ngokoan amarga wis kulina 
Tuladha:
• Dhik, sliramu mengko nek kondur arep
nitih apa? Apa kersa
takdherekake?
• Aku mau ngundhuh pelem akeh,
Panjenengan apa kersa dakaturi?
Basa Krama
Basa Krama Lugu
Basa krama sing tembung-tembunge lugu
lan ora kacampuran tembung-tembung
krama inggil tumrap wong sing diajak
guneman. Panganggone:
• Marang wong sing sadrajad amarga
durung raket
Tuladha:
• Sampeyan niku manawi kesah dhateng
kantor napa taksih kiyat mbekta sepedha
motor mas?
• Napa ndika saking desa ngriki mawon to
mas?
Basa Krama Alus
Basa krama sing tembung-tembunge alus lan
kacampuran tembung-tembung krama inggil tumrap
wong sing diajak guneman. Panganggone:
• Wong enom marang wong tuwa.
• Marang wong sing luwih dhuwur drajade
• Batur marang bendarane.
• Murid marang gurune.
• Andhahan marang pimpinane.
• Kanca karo kanca sing durung kulina.
Tuladha:
• Kula badhe matur dhateng ibu, bilih manawi saestu
sowan dhateng
eyang, kula badhe tumut.
• Tindak-tandukipun kanca kula ingkang naminipun
Edo punika lucu
sanget.

You might also like