You are on page 1of 12

Tegesipun Sesorah

Pidhato utawi sesorah tegesipun micara ing sangajengipun


tiyang kathah utawi umum. Wonten ugi ingkang
ngandharaken menawi pidhato utawi sesorah inggih
menika medharaken gagasan utawi panemu kanthi migunakaken
basa lisan wonten ing ngajengipun tiyang utawi pamireng kathah.

Tiyang ingkang pidhato utawi sesorah dipunsebat pedatoris utawi pamedhar


sabda
Kegiyatan micara ing sangajengipun tiyang kathah saged
kaperang dados kalih, inggih menika :

1.  Tiyang ingkang sesorah nalika paripurna anggenipun


micara mboten nyawisaken kalodhangan kangge nyuwun
pirsa utawi nanggepi.
Tuladhanipun kados ceramah, wara-wara, lan khotbah.

2. Tiyang ingkang sesorah nalika paripurna anggenipun


micara nyawisaken kalodhangan kangge nyuwun pirsa
utawi nanggepi.
Tuladhanipun kados diskusi lan rapat.
Jinisipun Metode Sesorah
1. Cara Naskah

Sesorah kanthi cara menika migunakaken teks utawi naskah


ingkang dipunwaos kanthi langsung. Kekiranganipun inggih
menika kaku amargi mboten saged bebas anggenipun sami
mirsani ugi lagu ukaranipun (intonasi).

2.Cara Apalan
Cara menika kathah dipunginakake dening tiyang ingkang
nembe ajar sesorah inggih menika kanthi cara nyawisaken
naskah (teks) lajeng dipunapalaken.
3. Cara Impromptu
Cara menika radi beda kaliyan cara ingkang
saderengipun inggih menika sesorah mboten nyawisake
langkung rumiyin bahan amargi wekdalipun mendhadhak.
Saengga namung adhedasar kapinteran, kawruh ugi
pengalaman kagiyatan micara supados saged
katindakaken kanthi lancar.

4. Cara Ekstemporan
Cara menika namung ngangge cathetan alit ingkang
isinipun balunganing karangan. Cara sesorah menika
mboten ngapalaken tembung-tembung nanging kedah
ngembangake ngangge basanipun piyambak.
Kagiyatan sesorah dipunwiwiti kanthi nemtokaken
urutan-urutan menika :

a. Naliti prakara, kanthi :


1) Nemtokaken ancas utawi tujuan sesorahipun
2) Naliti pamirsa kados jaler menapa estri sedaya,
yuswanipun pinten, lan sanesipun.
3) Naliti kahanan kadosta wayah enjing, siyang menapa
dalu, saged ugi nembe mangsa menapa.
4) Milih lan mbatesi topik.
b. Nata sesorah, kanthi :
1) Nglumpukaken bahan.
2) Nata utawi ndamel cengkorongan (rangkanipun
sesorah).
3) Ngandaraken kanthi cetha.

c. Gladhen, kanthi nggatosaken :


1) Intonasi utawi lagu swara
2) Sikap
3) Gaya basa
4) Wirama
Tatacara Sesorah
Wonten salebeting Sesorah, sikep sarira ugi kedah dipungatosaken
supados saged mranani ingkang mirengakaken.
Tuladhanipun sikep ingkang kirang meranani kadosta
1. Jumeneng kanthi lelendhehan papan wicara
2. Jumeneng kanthi lelembahan setunggal suku.
3. Salira ngewah – ewahi ( nganeh – anehi)
4. Mbesengut
5. Asring ngebahaken satunggiling sarira.
6. Nglebetaken sarira wonten ing sak celana..
7. Boten nggatosaken ingkang midhangetaken.
8. Asring ningali nginggil. Lan sapanunggalanipun
Tatacara Sesorah

Wondene ingkang kedah dipun gatosaken inggih


punika perkawis – perkawis kadosta :

1. Swanten ingkang los saha mantep.


2. Irama swanten kedah trep selaras kaliyan
kawontenan
3. Rancaking pamicara kedah selaras kaliyan
tandha – tandha wicara.
Ingkang Kedah Dipungatosaken Dening
Pamedharsabda :

1. Basa : ingkang dipunagem kedah laras/cocok kaliyan sinten ingkang


dipunadhepi lan swasananipun. Basa krama menawi ingkang
dipunadhepi tiyang ingkang langkung sepuh utawi para pinisepuh
ingkang kedah dipunurmati.

2. Solah Bawa : utawi patrap (sikap ingkang manteb lan teteg,


jumeneng jejeg, ngapurancang ugi anteng (mboten solah ingkang
mboten perlu), mboten ndangak utawi ndhungkluk teras dados saged
mirsani audiens ingkang wonten ngajengipun.
3. Wirama : swanten prayoganipun kepenak dipunmirengaken,
mboten keseron (menawi ngagem mik ampun cedhak-cedhak
sanget) ugi mboten lirih sanget, cetha, mboten kamisosolen
lan groyok (gagap).

4. Nama : pamedhar mboten pareng lepat anggenipun


nyebataken nama kaliyan gelar (titelipun) tamu-tamu ingkang
dipun aturi salam.

You might also like