You are on page 1of 6

PARIBASAN, BEBASAN LAN

SALOKA
PENGERTIAN PARIBASAN LAN
BEBASAN

Paribasan yaiku unen-unen kang tegese wantah


miturut tetembungane.
Bebasan yaiku unen unen kang tegese ngemu
suraos pepindhan

Saloka yaiku unen unen kang ngemu teges


entar lan ngemu suraos pepindhan.
Nduweni pola S-P-O
TULADHA PARIBASAN

• Kenes ora athes (wong sing sugih omong


nanging ora bisa mrantasi gawe)
• Ajining dhiri ana ing lathi, ajining raga ana ing
busana, ajining awak gumantung saka tumindak
• Anteng tur jatmika (becik bebudene tur yo pinter)
• Ana catur mungkur (ora gelem ngrungokake
guneman kang ala)
TULADHA BEBASAN

• Lanang kemangi (bocah lanang kang jirih


banget)
• Aja cedhak kebo gupak (srawung karo wong ala
suwe suwe ketularan ala)
• Tumbu oleh tutup (gathuk omongane, duweni
karakter kang padha)
• Diwenehi ati ngrogoh rempela (wis diwenehi
kabecikan jaluk sing linuwih)
Tuladha saloka
• Cebol nggayuh lintang (duwe kekarepan sing
mokal bakal kelakon)
• Cecak nguntal empyak (gegayuhan sing ora
timbang karo kekuwatane)
• Bebek mungsuh mliwis (wong pinter mungsuh
wong pinter)
• Gajah ngidak rapah (wong sing nrajang
wewalere dhewe)
• Kutuk nggendhong kemiri (nyandhang sarwa aji
ngliwati papan sing gawat)
Soal ing ngisor iki kalebu paribasan, bebasan
utawa saloka? Banjur golekana tegese!

1. Kutuk marani sunduk


2. Tulung menthung
3. Tut wuri handayani
4. Golek uceng kelangan dheleg
5. Njajah desa milang kori
6. Kemladeyan ngajak semplah
7. Mikul dhuwur mendhem jero
8. Golek banyu bening
9. Nabok nyilih tangan
10.Esuk dhele sore tempe

You might also like