You are on page 1of 7

TEMBANG POCUNG

Makna Tembang Pocung


Miturut maknane, tembang Pocung iku nggambarake
mangsa nalika wis dipocong utawa mati. Manungsa k
ang wis seda bakal lali ing sakabehe, turune sakepen
ake. Kabeh gumantung marang sanak sedulur kang n
grukti. Ing kene duwe pangerten lamun tembang Poc
ung iku nggambarake manungsa iku lamun wis titi wa
ncine tinimbalan dening Gusti Kang Maha Kuwasa or
a bisa apa-apa, anane mung sumarah utawa manut,
mula diarani sakepenake.
Paugeran Tembang Macapat
Tembang macapat kadhapuk kanthi paugeran kayata
guru gatra, guru wilangan lan guru lagu.
*guru gatra : cacahing gatra/larik saben sapada.
*guru wilangan : cacahing wanda/sukukata saben sag
atra.
*guru lagu : tibaning swara ing pungkasaning gat
ra.
Pathokane tembang Pocung
*guru gatra :4
*guru wilangan : 12, 6, 8, 12
*guru lagu : u, a, i, a
Watak tembang Pocung
Watak tembang Pocung yaiku sakepenake ati, lucu, la
n kebak guyon. Iku jumbuh kanggo nggambarake bab
agan guyonan lan sapiturute.
Tuladha
Ngel-mu i-ku ka-la-ko-ne kan-thi la-ku
Le-ka-se la-wan kas
Te-ge-se kas nyan-to-sa-ni
Se-dya bu-dya pa-nge-ke-se dur ang-ka-ra
Tugas 1
1. Gawea tuladha tembang Pocung nggunakake basa
mu dhewe-dhewe, kanthi nggunakake pathokane te
mbang Pocung!.
2. Buka buku paket kaca 5 wedharna pakaryan 4,tem
bang 1 bae!.

You might also like