You are on page 1of 7

SERAT WEDHATAMA PUPUH

POCUNG
Serat Wedhatama (serat ngenani ajaran utama) yaiku salah
satunggaling sastra Jawa kang digolongaken minangka moralistis
kang dipengaruhi Islam. Serat wedhatama dipunanggit dening
Ngarsa Dalem Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya Sri
Mangkunegoro IV. Raja keraton Mangkunegaran Solo.
Serat Wedhatama dianggep minangka salah satunggaling puncak
estetika sastra Jawa abad kaping 19 lan gadah karakter mistik kang
kuat. Wujude yaiku tembang, kang biasa digunakaken ing zaman
punika. Serat punika tembang macapat, kang dibagi ing gangsal
tembang, yaiku:
 Pangkur
• Sinom
• Pucung
• Gambuh
• Kinanthi
Serat wedhatama ngandhut piwulang-piwulang babagan ngudi
kawruh batin, nindhakaken ajaran agama kanthi tuntutan , sembah
raga, cipta, jiwa, lan rasa.
Serat wedhatama kang arep dibahas ing semester 3 iki
yaiku pupuh Pocung.
Tembang Pocung yaiku tembang macapat kang ngadeg
ana ing urutan terakhir yaiku kaping 11.
Miturut maknane, tembang Pocung iku nggambarake
mangsa nalika wis dipocong utawa seda. Wateke
sembrana, sakepenake. Manungsa kang wis seda bakal
lali sekabehe, turune sakepenake. Kabeh gumantung
marang sanak sedulur kang ngrukti. Ing kene duwe
pangerten tembang pocung iku nggambarake manungsa
wis titi wancine tinimbalan dening Gusti Kang Maha
Kuwasa iku ora bisa apa-apa, anane mung manut, mula
diarani sakepenake.
Tembang kinanthi klebu tembang macapat kang
gumathok, kaiket dening paugeran yaiku guru gatra,
guru wilangan, lan guru lagu.
• Guru gatra yaiku cacahing gatra (baris) saben
bait
• Guru Wilangan yaiku cacahing wanda saben
gatra (baris)
• Guru lagu yaiku tibaning swara ing
pungkasining gatra (baris)
Ing ngisor iki pathokane tembang Pocung
Guru Wilangan Guru Lagu Guru Gatra
12 u
6 a
4
8 i
12 a
Saben tembang macapat iku duweni watak. Watake tembang
pocung iku sakepenake dhewe/luwes, lucu, lan gawe seneng. Mula
biyasane kanggo ngandharake bab-bab kang ora serius lan bisa
gawe gegojegan. Surasane mangsane ngemot cangkriman utawa
banyolan (crita kang ngguyukake).
Ing ngisor iki tuladha menawa pocung bisa arupa cangkriman
(teka-teki)
Bapak pocung dudu watu dudu gunung
Sangkamu ing plembang
Ngon-ingone sang bupati
Yen lumaku si pocung lembehan grana
Tembang pocung ing dhuwur wangsulane yaiku Gajah. Ing
tembang dijelasake dudu watu dudu gunung asale saka
palembang/sumatra, yen mlaku irunge lambaian. Mula
wangsulane Gajah
TULADHA TEMBANG POCUNG
Sugeng Sinau lan
Maturnuwun guys

You might also like