Professional Documents
Culture Documents
Polisemi
Polisemi
Dening
Millati Azka Prastiwi
BAB I : ANCASING PANALITEN
Dhasaring Underaning Watesaning Wosing
Panaliten Prakawis Prakawis Prakawis
2 polisemi
Cara nemtokaken
BAB I : PURWAKA
Ancasing Panaliten
E. Makna Polisemi: miturut Chaer (1995: 302) wonten ing polisemi limrahipun
makna kapisan (wonten ing kamus) menika makna ingkang sejatosipun/leksikal,
sanesipun makna ingkang ngrembaka adhedhasar salah satunggaling komponen
saking salah sawijining tembung..
BAB III : A. Jinising Panaliten : Deskriptif
CARA B. Data saha Sumber Data : tembung ingkang ngewrat
PANALITEN polisemi ara ati ingkang sumber datanipun awujud
tembang.
A. Asiling Panaliten
Panaliten menika sampun
nindakaken identifikasi
panganggenipun polisemi wonten
ing cakepan tembang
campursari Anggitanipun Didi
Kempot. Adhedhasar asiling
panaliten badhe kababar
perkawis wujud polisemi, jinising
polisemi, saha makna polisemi.
B. Pirembagan
Polisemi awujud tembung lingga
Tuladha :
1. Kembang arum ndalu (D19.4/38)
2. Yo uwis ben saiki dadi kembang kocapan (D30. 9/29)
3. Kembang, kembang tresna pahite mahkutho dewo (D20.5/29)
Tembung kembang wonten ing nginggil kalebet polisemi aran (nomina) ingkang awujud tembung lingga
Tembung kasebut ngewrat polisemi amargi miturut konsteksipun saking ketiga pethikan cakepan
wonten ing nginggil tembung kembang menika gadhah makna ingkang langkung saking setunggal.
Makna leksikal tembung kembang wonten ing Baoesastra inggih menika bebakaling woh
(Poerwadarminta, 1939: 205). Wonten ing ukara (1) tetembungan salajengipun tembung kembang
menika ‘arum ndalu’, ingkang ndadosaken tembung kasebut gadhah makna bebakaling woh taneman
arum ndalu. Salajengipun wonten ing ukara (2) tembung kembang rumaket kaliyan tembung kocapan,
ingkang ndadosaken makna tembung kasebut ewah menawi dipuntingali saking makna adhedhasar
konteks. Kembang wonten ing ukara (2) menika tegesipun bebakaling pocapan. Tembung kembang
wonten ing ukara angka (3) rumaket kaliyan tembung tresna, ingkang ndadosaken maknanipun asil
saking raos tresna ingkang nguciwani (pait) kados mahkuta dewa. Wonten ing ukara (3) tembung
kembang menika ngewrat polisemi lara ati, amargi lara ati menika metafora umum ingkang
dipunginakaken kangge ngandharaken lara emosional utawi raos sengsara ingkang dipunraosaken
menungsa sasampunipun kelangan tiyang ingkang dipuntresnani.
Polisemi awujud tembung andhahan
Tembung panase saking pethikan cakepan tembang wonten ing nginggil menika kalebet polisemi
kaanan awujud tembung andhahan. Makna leksikal tembung panase wonten ing baoesastra
inggih menika saking tembung lingga ‘panas’ ingkang gadhah makna lara awake krasa sumlenget
(Poerwadarminta, 1939:462). Tembung panase dipunraketaken kaliyan tembung geni dadosaken
tembung panase wonten ing ukara (10) gadhah makna kaanan saking geni ingkang njalari lara
awak karaos sumlenget. Lajeng wonten ing ukara (11) tembung panase menika rumaket kaliyan
tembung ati ingkang dadosaken tembung kasebut gadhah makna sengsara. Tembung panas
dipunginakaken amargi samubarang ingkang panas menika njalari cilaka (sengsara).
BAB V : PANUTUP
A. Dudutan B. Implikasi C. Pamrayogi
1. Wujuding polisemi lara ati Panaliten menika saged panaliten bab polisemi taksih
ingkang kapanggihaken wonten dipunginakaken kangge nambah prelu dipuntindakaken kadosta
ing tembang campursari referensi panaliten salajengipun bab titikanipun polisemi,
anggitanipun Didi Kempot wonten ing bidang semantik fungsinipun polisemi, saha
inggih menika polisemi ingkang mliginipun babagan polisemi. faktor ingkang njalari polisemi.
awujud tembung lingga saha Asiling panaliten menika ugi
tembung andhahan. saged dipunginakaken
2. Jinising polisemi lara ati minangka materi pasinaon
wonten ing tembang campursari polisemi mliginipun bab wujud,
anggitanipun Didi Kempot jinis, saha tegesing tembung
menika kapanggihaken polisemi ingkang ngandhut polisemi
jinis aran, kriya saha kaanan. dening siswa utawi mahasiswa.
3. Makna polisemi lara ati
wonten ing tembang campursari
anggitanipun Didi Kempot
ngginakaken teori semantik
leksikal saha semantik
kontekstual.
MATURNUWUN