You are on page 1of 41

PARAMASASTRA

OLEH:
SRI UTOROWATI
DOSEN UNIVERSITAS MUHAMMADIYAH
PURWOKERTO
WIDYASWARA
Widyaswara → widya (ilmu) lan swara (uni)
Widyaswara: ngelmu kang ngrembug lan nyinau
bab swara (uni) → fonologi
Swara sing dirembug: swara kang bisa mbedakake
teges
Tuladha: gilo >< gila
soto >< sotho
Swara kang bisa njalari sawijining tembung dadi
beda tegese sinebut fonem
Dadi, /o/ lan /a/, /th/ lan /t/ kalebu fonem kang beda
Ewadene lira-liruning swara kang ora njalari
owahing teges sinebut alofon
Tuladha: [titi?] ~ [titI?] [jaguŋ] ~ [jag‫ט‬ŋ]
1.VOKAL: swara sing muni jalaran pametune
angin saka paru-paru ora ana kang
ngalang-alangi
Vokal basa Jawa cacahe ana 7: /a/, /‫כ‬/, /o/, /i/, /u/,
/e/, lan /ә/
(1) Vokal /a/: ingaranan a swara miring, bisa
dumunung ing ngarep, tengah, lan ing buri
tembung
Tuladha: aku [aku] laris [larIs] ora [ora]

(2) Vokal /‫כ‬/: sinebut a swara jejeg, bisa dumunung


ing ngarep, tengah, lan ing buri
tembung
Tuladha: amba [‫כ‬mb‫ ]כ‬sapa [s‫כ‬p‫]כ‬ gila [gil‫]כ‬
ana [‫כ‬n‫] כ‬ basa [b‫כ‬s‫]כ‬ kuna [kun‫]כ‬
(3) Vokal /o/: bisa dumunung ing ngarep, tengah,
lan ing buri tembung
Tuladha: obah [obah] loro [loro] kebo [kәbo]

(4) Vokal /i/, duwe alofon warna loro:


(a)/i/, sinebut i swara jejeg, bisa dumunung ing
ngarep, tengah, lan ing buri tembung
Tuladha: ijab [ijab] miri [miri] wani [wani]

(b) /I/, sinebut i swara miring, dumunung ing


tengah tembung
Tuladha: cacing [cacIng], wajik [wajIk], arit [arIt]
(5) Vokal /u/, duwe alofon warna loro:
(a) /u/, sinebut u swara jejeg, bisa
dumunung ing ngarep, tengah, lan ing
buri tembung
Tuladha: ula [ul‫]כ‬ tuku [tuku] bisu [bisu]

(b) /U/, sinebut u swara miring, dumunung


ing tengah tembung
Tuladha: kasur [kasUr], dudut [dudUt],
biyung [biyUng]
(6) Vokal /e/, duwe alofon warna loro:
(a) /e/, sinebut e swara jejeg, dumunung ing
ngarep, tengah, lan ing buri tembung
Tuladha: eman [eman] tela [tel‫]כ‬ sate [sate]

(b) /ε/, sinebut e swara miring, dumunung ing


ngarep lan tengah tembung
Tuladha: eblek [εblεk], sewu [sεwu],pamer [pamεr]

(7) Vokal /ә/, ingaranan e pepet, bisa dumunung


ing ngarep lan tengah tembung
Tuladha: empuk [әmp‫]?ט‬ anget [aŋәt]
entub [әnt‫ט‬b] ganep [ganәp]
2. Umlaut (modifikasi vokal): owahing swara miring dadi
swara jejeg sarana diwuwuhi panambang
Tuladha: cacIŋ + -e  caciŋe
jagUŋ + -e  jaguŋe
liy‫ כ‬+ -e → liyane

3. Vokal Rangkep (diftong): vokal loro sing beda wujude


kang dumunung ing sawijining wandane tembung. Basa
Jawa ora duwe diftong. Pamuncule diftong kanggo
mbangetake surasane tembung
Tuladha: abUh  oabUh: abuh banget
nesu  nuesu: nesu banget
Ing Yogyakarta digunakake variasi vokal utawa nggunakake
tembung banget
Tuladha: abang → abing: abang banget
lara → laru: lara banget
IV. Konsonan: swara kang tanpa uni utawa swara
sing durung muni yen durung sumambung
karo vokal, jalaran angin sing metu saka paru-
paru kaalang-alangi dening lambe, untu,
cethak, lan gorokan
(1) Swara Lambe (konsonan bilabial): /p/, /b/, /m/,
lan /w/. Bisa dumunung ing ngarep, tengah, lan
ing buri tembung, kejaba /w/ mung dumunung
ing ngarep lan tengah tembung.
Tuladha: palsu sapi karep
bapak kabur anteb
mateng sembah kalem
wulang kuwi -
(2) Swara Untu (konsonan dental): /d/, /t/, /n/,
/l/, /r/, /s/, /dh/, lan /th/. Bisa dumunung
ing ngarep, tengah, lan ing buri tembung,
kejaba /dh/ lan /th/
Tuladha: deleng endah abad
tani netes parUt
nakal entas aren
legi kalUng apal
remUk kuru pupUr
seneng kasUr adUs
dhagelan padha -
thukUl pathi -
(3) Swara cethak (konsonan palatal): /c/, /j/, /ñ/, lan
/y/. Dumunung ing ngarep lan ing tengah
tembung
Tuladha: cempe pacUl
jarIng pijet
nyata munyUk
yoga griya

(4) Swara gorokan (konsonan velar): /k/, /g/, lan /ŋ/.


Dumunung ing wiwitan, tengah, lan ing buri
tembung
Tuladha: kurUng dhokar enak
graji jagal ajeg
ngaya lengen wedang
Konsonan basa Jawa ana kang kagolong:
(1) swara ampang: /p/, /t/, /th/, /c/, lan /k/
(2) Swara anteb: /b/, /d/, /dh/,/j/, lan /g/
(3) Swara irung (nasal): /m/, /n/, /ñ/, lan /ŋ/
(4) Swara manda-manda (semi vokal): /w/
lan /y/
(5) Gugus konsonan (klaster): konsonan
rangkep kang beda wujude kang
dumunung ing sawijining wanda ora
ing sawijining tembung
Tuladha:
/pl/ → plintir, /tl/ → tliti, /cl/ → climen
/br/ → brutu, /kr/ → kreteg, /gr/ → griya
/sw/ → swiwi, /ky/ → kyai, /by/ → byar
/wr/ → wragad, /gl/ → glindhing
/sl/ → slulup, /tr/ → trenyuh
(6) Urutan Fonem ing Wanda
(a)V → i-ki, e-dan, a-ku, ә-mas, u-la, o-bah
(b) VK → im-bang, en-theng, om-bak
(c) KV → di-na, ke-na, ku-la, be-bek, co-ba
(d) KVK → gim-bal, tam-bal, sen-dhang
(e) KKV → tli-ti, bla-rak, kle-lep, slu-lup
(f) KKVK → blim-bing, pren-tah, klam-bi
OBAH OWAHE SWARA
Yaiku: owahe swara ing sawijining tembung,
nanging ora nganti ngowahi surasane
tembung
1.Panambahing swara, dibedakake dadi 3:
(1)Protesis: tambahe swara ing wiwitane
tembung kang ora ngowahi surasane
tembung
Tuladha: nanging → ananging
jare → ujare
ing → ning
(2) Epentesis: tambahe swara ing tengah
tembung
Tuladha: akasa → angkasa
upama → umpama
kambil → krambil

(3) Paragog: tambahe swara ing pungkasane


tembung
Tuladha: ora → orak
ibu → ibuk
2. Panyudane swara, dibedakake dadi 3:
(1)Aferesis: sudane swara ing wiwitane tembung
Tuladha: kakang → kang
uwong → wong
(2) Sinkop: sudane swara ing tengah tembung
Tuladha: sethithik → sithik
temenan → tenan
(3) Apokop: sudane swara ing pungkasane
tembung
Tuladha: temenan → temen
dhimas → dhi
bakyu → bak
GESEHING SWARA
1. Metatesis: owahe swara jalaran ijolan
dununge swara
Tuladha: wira-wiri → riwa-riwi
sruput → srutup

2. Disimilasi: owahe swara jalaran ana


swara kang padha
Tuladha: lara-lara → lara-lapa
sajjana → sarjana
WIDYATEMBUNG
Widya tembung (morfologi): ilmu kang
ngrembug lan nyinau bab tembung,
dumadine tembung, lan owahe tembung
dadi tembung liya kanthi kawuwuhan
imbuhan
Tembung: rerangkening swara kang
kawedhar saka jroning tutuk kang ngemu
teges
Tembung ing basa Jawa dibedakake dadi 2:
(1) Wujude tembung
(2) Jinise tembung
I. Wujude Tembung, dibedakake dadi 4:
A. Tembung Lingga (kata dasar): tembung kang
isih wutuh durung rinaketan imbuhan.
Tembung lingga ana kang dumadi saka:
1. sawanda: gong, bom, las
2. rong wanda: pari, pitik, amben
3. telung wanda: rekasa, kulina, padharan
Wanda cacahe ana loro:
(1) wanda menga (suku terbuka): wanda kang
dipungkasi swara vokal
(2) wanda sigeg (suku tertutup): wanda kang
dipungkasi swara konsonan
Tuladha: kapiran, dumadi saka wanda ka, pi, lan
ran. Wanda kapisan lan kapindho sinebut
wanda menga. Dene wanda katelu sinebut
wanda sigeg
B. Tembung Andhahan (kata jadian): tembung
lingga kang wis dirimbag utawa tembung sing
wis owah saka linggane. Pangrimbage
tembung lingga dadi tembung andhahan
kanthi muwuhake imbuhan. Imbuhan wujude
ana papat: ater-ater, seselan, panambang, lan
imbuhan bebarengan
1. Ater-ater
a. Ater-ater Anuswara (meN-): m- ,n-, ny-, lan ng-
(kalebu alomorf ater-ater A-). Rimbage aran
tanduk kriyawantah. Fungsine ndhapuk
tembung lingga dadi tembung kriya utawa
tembung watak
Tuladha: m- + banyu  mbanyu
ng- + kebo  ngebo
n- + tutup → nutup
ny- + sambel → nyambel
Ater-ater Anuswara ngemu teges:
(1)Nindakake pakaryan
Tuladha: mbayar, ngantem, njiwit, nyapu
(2) Ngandhakake kaanan sawijining bab
Tuladha: mlenthung, ngebo, njamur
b. Ater-ater ka- (di-), bisa ndhapuk sawijining
tembung dadi tembung kriya tanggap.
Rimbage diarani tanggap “ka”. Duwe teges:
nindakake pakaryan kanthi sengaja
Tuladha: ka- + obong  kaobong 'diobong’
c. Ater-ater ke- (ter-), rimbage diarani bawa
“ka”. Duwe teges: nindakake pakaryan
tanpa sengaja
Tuladha: ke- + gawa  kegawa ‘ora njarag
nggawa’
ke- + sikut  kesikut ‘ora njarag
nyikut’
d. Ater-ater a- (ber-), rimbage diarani bawa “ha”. Duwe
alomorf warna telu: a-, ma-, lan mer-. Fungsine:
ngowahi jinise tembung dadi tembung kriya tanduk
tanpa lesan. Duwe teges: nganggo, lan duwe
Tuladha: a- + basa  abasa ‘nganggo basa’
a- + wujud  awujud ‘duwe wujud’
e. Ater-ater paA-, duwe alomorf: pam-, pan-, pang-, lan
pany-. Rimbage diarani kriyawacaka.
Tuladha: pan- + tingal  paningal
pany- + cukur  panyukur
pam- + panggih  pamanggih
pang- + raos  pangraos
pa- + etung  petung
2. Seselan
a. Seselan –um- rimbage diarani bawa “ma”. Bisa
ndhapuk tembung kriya tanpa lesan
Tuladha: udhun + (-um-)  mudhun
tindak + (-um-)  tumindak
pinter + (-um-)  kuminter
bagus + (-um-)  gumagus
b. Seselan –in- rimbage diarani tanggap “na”
Tuladha: apura + (-in-)  ingapura
sawang + (-in-)  sinawang
c. Seselan –er- lan –el-
Tuladha: gandhul + (-er-)  gerandhul
 grandhul
kepyur + (-el-)  kelepyur  klepyur
3. Panambang
a. Panambang -i, bisa ndhapuk tembung kriya.
Tuladha: tamba + -i  tambani ‘akon supaya
nambani’
jiwit + -i  jiwiti ‘akon supaya njiwit’
b. Panambang –a, rimbage diarani sambawa lan
ndhapuk tembung kriya
Tuladha: tuku + -a  tukua ‘akon supaya tuku’
bagus + -a  bagusa ‘sanadyan
bagus’
mari + -a  maria ‘ngarep-arep
supaya mari’
c. Panambang –an, bisa ndhapuk tembung aran
utawa tembung kriya. Rimbage diarani wisesa
“na”
Tuladha: mangsa + -an  mangsan
kemul + -an  kemulan
4. Imbuhan Bebarengan
a. Rumaket
(1) Imbuhan ka-an, ndhapuk tembung aran
utawa tembung kriya. Rimbage diarani
bawawacaka
Tuladha:
ka- + bupati + -an  kabupaten
ka- + bledhos + -an  kabledhosan
(2) Imbuhan ke-en, ndhapuk tembung kaanan.
Rimbage diarani adiguna
Tuladha: ke- + cilik + -en  keciliken
ke- + ireng + -en  kirengen
(3) Imbuhan pa(A)- -an, ndhapuk tembung
aran. Rimbage diarani karanawacaka.
Tuladha:
paA- + urip + -an  panguripan
paA- + giling + -an  panggilingan
b. Renggang
(1) Imbuhan pa-an, ndhapuk tembung aran.
Rimbage diarani dayawacaka. Tuladha:
pa- + suket + -an  pasuketan
pa- + awu + -an  pawon
(2) Imbuhan A- -i (Anuswara- -i), ndhapuk
tembung kriya. Rimbage diarani ikriya.
Tuladha: m- + lumpat + -i  mlumpati
C. Tembung Rangkep (reduplikasi)
1. Dwipurwa: tembung kang dumadi saka
pangrangkepe wanda kawitan.
Tuladha: bungah  bebungah
lara  lelara
resik  reresik
2. Dwilingga: tembung lingga kang dirangkep.
a. Dwilingga wutuh (dwilingga).
Tuladha: watuk  watuk-watuk
b. Dwilingga salin swara
Tuladha: takon  tokan-takon
c. Dwilingga semu: ondhe-ondhe, arem-arem
3. Dwiwasana: tembung kang ngrangkep
wanda wekasan.
Tuladha: cenges  cengenges
D.Tembung Camboran (kata majemuk):
tembung loro sing digandheng dadi siji
banjur duwe teges anyar
1. Camboran wutuh: raja lele, nagasari,
semar mendem, sisikmelik, lsp
2. Camboran tugel: naksanak, lunglit
II. Jinising tembung
A. Tembung Aran:
1. Tembung aran katon
2. Tembung aran tankaton
B. Tembung Kriya
1. Tembung kriya tanduk
a. mawa lesan: mbalang, nulisi
b. tanpa lesan: mbledhos, nangis
2. Tembung kriya tanggap
C. Tembung Watak
D. Tembung Katrangan, bisa nerangake
tembung aran, kriya, watak, wilangan,
lan katrangan. Tuladha:
1. Bapakku biyen mung guru SD
2. Harsini lan Wahyuni padha njoged
3. Hartuti pancen becik bebudene
4. Dhuwite kurang sewu
5. Adhiku durung tau numpak sepur
E. Tembung Sesulih
1. Sesulih Purusa: Utama Purusa,
Madyama Purusa, Pratama Purusa
2. Sesulih Pandarbe: -ku, -mu, -e
3. Sesulih Panuduh: iki, kene, ngene
4. Sesulih Pitakon: apa, kapan, pira
5. Sesulih Panyilah: sing, kang
6. Sesulih Sadhengah: sawijining, kabeh
F. Tembung Wilangan
1. Wilangan kumpulan: las-lasan, dasan, ewon
2. Wilangan sadhengah: sacuwil, saipit, akeh
3. Wilangan susun: kapisan, kaping pisan
4. Wilangan pecahan: seprapat, setengah
G. Tembung Panggandheng
1. Subordinatif: rikala, nalika, supaya,
sanadyan, murih, jalaran, awit, lsp
2. Koordinatif: lan, sarta, saha, banjur,
utawa, wondene, tur, nuli, terus, lsp
H. Tembung Ancer-ancer: ing, menyang,
saka, marang, dening, kanggo, lsp
I. Tembung Panyilah: sri, sang, para, si
J. Tembung Panyeru: adhuh, hore, lho,
o, sokur, walah, tobat, eman, lsp
WIDYAUKARA
I. Frasa
A. Miturut Pranataning ukara
1. Frasa Endosentrik: mung nyebutake
salah siji perangane, nanging wis
bisa minangka gantine perangan liya.
Tuladha:
theklek kayu jati  theklek kayu
theklek jati
2. Frasa Eksosentrik: frasa sing salah siji perangane
ora bisa dadi gantine perangan liya. Tuladha:
Adhiku dodol ing pasar. Ora bisa dikandhakake:
a. *Adhiku dodol ing
b. *Adhiku dodol pasar
B. Miturut Jinise
1. Frasa aran: sepatu kulit, dudu gunung
2. Frasa kriya: arep mangan, turu ngorok
3. Frasa kaanan: seneng banget, kudu sabar
4. Frasa wilangan: sepuluh kothak, rong dhus
5. Frasa katrangan: ora bisa, kudu bisa, ora saben
6. Frasa sesulih: kowe kabeh, sing iki
7. Frasa ancer-ancer: ing Jakarta, kanggo anakku
II. Klausa: saora-orane dumadi saka jejer lan wasesa.
Tuladha:
bapak lan ibu // arep tindak
J W
III. Ukara
A. Miturut Kaanane
1. Ukara sampurna: jejer lan wasesane disebutake.
Tuladha:
(1) Bijine Wasis // apik banget
J W
2. Ukara ora sampurna: jejer utawa wasesane ora
disebutake. Tuladha:
(1) Aja ngrokok
(2) Sapa sing nembang Sinom? Aku
B. Miturut tumindake jejer
1. Ukara tanduk: jejere nindakake
panggawe. Tuladha:
(1) Nardi ngguyu
J W
(2) Ibu nyukil klapa
J W L
2. Ukara tanggap: jejere ketaman
pagaweyan. Tuladha:
(1) Mas Wasiman didangu Budhe Ani
J W L
C. Miturut Dhapukane
1. Ukara Lamba: jejer lan wasesane mung
siji. Tuladha:
(1) Adhik sinau
J W
(2) Budi maca koran
J W L
(3) Mas Wahyu nukokake Ani sarung
J W L Gg
(4) Suhardi nandur gedhang ing kebon
J W L K
2. Ukara Camboran: dumadi saka rong klausa
utawa luwih.
a. Ukara camboran sajajar: kabeh awujud
klausa inti. Tuladha:
(1) Mbakyuku kuliah ing Semarang lan
J W K adhiku kuliah
ing Sala
J W K
b. Ukara camboran susun: antarane klausa siji
lan sijine ana kang nguwasani (inti) lan
dikuwasani (klausa pang). Tuladha:
(2) Mbak Yuli ora nyambut gawe jalaran
J W Tb.Pgd
lara panas
W
D. Miturut Wedharing Gagasan
1. Ukara carita: nyritakake sawijining bab
2. Ukara pitakon: isine awujud pitakon
3. Ukara pakon: isine awujud prentah
4. Ukara pangajak: isine awujud ajakan
5. Ukara pamenging: isine nglarang marang
wong liya supaya ora nindakake
pagaweyan
6. Ukara sambawa: isine mengku teges
upama, pangarep-arep, utawa sanadyan
7. Ukara sananta: isine niyat, karep, utawa
sedya
IV. Ngudhal ukara: milah-milah peranganing
ukara sarta nyebutake siji-sijining perangan
iku
A. Miturut dhapukaning ukara (susunan
kalimatnya): ukara kang diudhal kalebu
ukara apa (tanduk, camboran)
B. Miturut rerimbaganing tembung-tembunge
(bentuk katanya): nyebutake arane rimbage
tembung (lingga, bawa “ha”)
C. Miturut jinise tembung-tembunge (jenis
katanya)
D. Miturut lungguhing tembung-tembunge
(fungsi katanya)

You might also like