You are on page 1of 7

Panggih

Panggih (Temuning Penganten)

Sarampunge acara ijab kabul (akad nikah)dianakake acara Panggih


Ing acara iki kembang mayang digawa metu saka omah lan
didelehake neng prapatan cedhak omah. Tujuané yaiku
kanggo ngusir roh jahat.
Sing baku manten lanang teka ing ngarep tarub, manten wadon
methukake. Kembar mayang sing diboyong saka njero (ngetutake
manten wadon) disamplukake manten lanang, banjur dibuwang ing
prapatan utawa pratelon sing cedhak. Sawise iku pengantèn putri
ketemu (panggih) karo pengantèn kakung kanggo nerusaké
upacara: balang suruh, Wiji dadi (ngidhak tigan), Pupuk,
Sinduran, Timbang, Kacar-kucur, Dhahar klimah, Mertui, lan
Sungkeman.
Ijab
Ijab (Pangesahaken Mantu)
Ijab inggih menika pangandikan saking wali penganten wanita kangge
ndhaupaken putrinipun kaliyan penganten kakung. pengesahan mantenan
kanthi cara manut agama penganten. Upacara ijab qobul biasane dipimpin
dening petugas saka KUA (Kantor Urusan Agama) lan disekseni karo
Catatan Sipil.

You might also like