You are on page 1of 7

TEDHAK SINTEN

NAMI ANGGOTA KELOMPOK:


• Tedhak siten niku salah satunggaling upacara adat jawa kagem lare umuripun 7
selapan utawi 245 dinten, nalika lare niku wau nembe sepindah ajar mlampah.
Selapan yaiku gabunganipun 7 dinten wonten kalender internasional lan 5 dinten
wonten kalender Jawi. Selapan punika pendhak 35 dinten
sepindhah.Tedak siten asalipun saking kalih tembung, ingkang sepindhah inggih
punika "tedhak” utawi idhak, tegesipun mandhap kalian “siten"saking
tembung siti kang tegesipun bumi. Dados Tedhak siten nggadhai arti ngidhakake sikil
ing lemah/pertiwi. Tedhak Siten ngambaraken kasiapanipun lare kangge
nglampahaken pagesangan ingkang leres wonten wedal ngajeng. Upacara tedhak
siten inggih nggadahi teges caketipun manungsa kaliyan bumi. Awit nglampahaken
pagrsangan ingkang leres lan sae wonten bumi punika lan tetep ngruwat kalian njaga
bumi. Punika kangge ngelingaken menawi bumi sampun maringaken kathah barang
ingkang dipunbutuhaken kangge urip manungsa. Ing budaya jawa wonten kapitayan
masyarakat ngenani bab tedhak siten nggih punika menawi lemah nggadahi makna
ghoib kalian dijagi Bathara Kala, kangge ngindari kadadosan ingkang mboten sae
mula dipunwontenaken upacara tedhak siten.

2
Kados dene upacara adat sanesipun tedhak siten ugi nggadahi piranti lan
ubarampe, nggih punika :
• 1.      Pengaron inkang diisi sekar setaman
• 2.      Kurungan, kangge nggambaraken menawi donyane lare taksih sekedhik utawa
ciut
• 3.      Werna-werna barang inkang disalab wonten nglebet kurungan ingkang
nggambaraken sakdangunipun gesang kalian kawajibanipun manungsa pados
nafkah, kados dening:
a)      Pantun sabengket
b)      Kapuk sabengket
c)      Pirantos nyerat
d)     Bokor ingkang diisi wos kuning
e)      Werna-werna jenis arto
f)       Perhiasan
• 4.      Gelaran ingkang takisih enggal, kangge lemek wonten
lebeting kurungan
• 5.      Udik-udik utawi arto logam dipuncampur sekar
• 6.      Tangga tebu "arjuna", nggih punika tebu ingkang
wernane ungu ingkang nggambaraken undhak-undhakane
gesang ingkang badhe dipunlamapahi lare
• 7.      Jadah pitung werna, yaiku abang, putih, ireng, kuning,
biru, ungu lan jambon. Tegese kangge ngemutaken lare yen
urip kudu waspada saka godaan werna-werna
• 8.      Bancakan, kados sekul gudhangan ingkang
dibagekaken dhumateng para tamu ingkang rawuh

4
Tata Caranipun upacara tedhak siten, inggih punika :
•                       Ingkang sepindah, lare dituntun ibune mlampah majeng kalian ngidhak jadah
7 werna ingkang dipun damel saking ketan. Werna wernanipun nggih punika : abang, putih,
ireng, kuning, biru, ungu lan jambon. Jadah ditata saking warna ingkang padhang ngantos
warna ingkang peteng. Punika perlambang , lare saged ngliwati tantangan wonten uripipun.
Lan urip menika mboten gampil nanging sedoyo alangan ingkang dipunraosaken mangke
mesthi badhe wonten margi ingkang padhang tumuju kamulyan kalian kasantosan.
 
•       Ingkang kaping kalih, lare dituntun munggah taangga ingkang kagawe saking wit tebu
“arjuna” lajeng mudhun maneh. Tebu saking ukara “antebing kalbu” inggih tegesipun yaiku
tekad ati ingkang mantep. Tebu “arjuna” nglambangaken supados lare saged lelakon kaya
Arjuna, ingkang nduweni watak satria kalian nggadahii tanggung jawab.Lelampahipun sae
lan remen tetulung , mbela kaleresan , lan bakti kaliyan Negara.

•     Ketiga yaiku lare dituntun kangge mlampah wonten pasir. lare punika nyeker-nyeker
pasir, ingkang nduweni tegese nggolek pangan. Karepe bocah saged nyukupi kaperluanne
dhewe menawi sampun gedhe.

5
•         Ingkang kaping sekawan, lare dipunlebetaken dhateng kurungan
ingkang dipun damel sae kalian dilambari gelaran, wonten njerone
wonten kathah bandha-bandha kaya panton sabengket, kapuk
sabengket, Piranti nulis, bokor kang diisi beras kuning, werna-werna
jinis dhuwit, lan sk jinising perhiasan. Kurungan nglambangaken
donya , dadi dikarepke bocah kuwi mlebu donya lan ing njero uripe
saged kacukupan awit saking pakaryane ingkang sampun dipilih saking
cilik.

•           Ingkang kaping lima, bapak lan simbah bocah nyebar udik-udik


utawi duit logam dipuncampur kembang. Karepe supaya si bocah nalika
dewasa saged dadi bocah ingkang dermawan lan seneng tetulung.
Amarga seneng menehi lan seneng tetulung, dheweke gampang
nggolek rejeki.

6
•     Ingkang kaping enem yaiku bocah wau diadusi ngangge
banyu setaman ingkang sampun dicampur kembang-kembang
(melathi, mawar, kenanga lan kanthil)

•               Kapitu, ing pungkasan upacara, bocah didandani


ngangem klambi resik lan apik. Karepe supaya si bocah
nduweni dalan urip ingkang apik lan saged agawe seneng
kaluwargane. Punika karepe ing uripipun, bocah punika saged
arum jenenge lan saged ngarumaken jeneng kaluwargane.
• Dene ancase tedhak siten, atur puji sukur marang gusti Allah,
dene wis paring kekuatan sarta keslametan nganti bisa ngidak
bumi lan saged urip mandiri. Lan bibar punika , para tamu
saged ndhahar panganan ingkang wonten.

You might also like