You are on page 1of 11

NOVEL

Yaiku crita gancaran (prosa)


kang sifate fiksi, tinulis kanthi
bentuk narasi, umume kanthi
bentuk crita.
UNSUR INTRINSIK NOVEL

TEMA SUDHUT PANDHANG

ALUR (PLOT) AMANAT


LATAR GAYA BAHASA
PARAGA IRAH-IRAHAN
TEMA
Undering perkara utawa gagasan wigati sajroning
crita novel. Biasane gegayutan karo:
a. Pendhidhikan
b. Bebrayan
c. Kasarasan
d. Kamanungsan
e. Kabudayan, lsp
ALUR
Urutaning kedadeyan ing crita saka wiwitan
nganti pungkasan (perkenalan, konflik,
penyelesaian).
Perangane alur crita:
1. Pangenalan kahanan crita
2. Panjlentrehan kadadean
3. Nuju ana ing konflik
4. Pucuking konflik
5. Rerampungan.
LATAR
Katrangan ngenani papan panggonan, wektu, lan
swasana utawa kahanan sajroning crita.
Jinising latar antawisipun:
1. Latar panggonan
tuladha: ing omah, dalan tumuju sekolah, lsp.
2. Latar wektu
tuladha: saiki, sesuk, wayah bengi,jam 2 lsp.
3. Latar kahanan (swasana)
a. swasana lingkungan: udan grimis, lsp
b. swasana ati: sedih, nesu, kuciwa, waspadha, lsp
PARAGA
Pelaku kang mbangun crita utawa wong kang dicritakake.
Miturut wateke:
1. Protagonis : nduweni watek apik lan disenengi utawa
diangen-angen dening pamaca
2. Antagonis: wateke ala, saengga ora disenengi pamaca
3. Tritagonis: minangka paraga panengah (netral)
Teknik penokohan:
4. Teknik ekspositoris,: panggambaran paraga kanthi
cara langsung dening penganggit.
5. Teknik dramatik: panggambaran paraga kanthi cara
nggambarake tumindak utawa tindak tanduke paraga
lewat pocapan utawa apa kang dipikir
Sudhut Pandhang
Carane pangripta nyritakake isine crita.
Jinise sudhut pandhang:
1. Wong kapisan dadi pelaku utama. Titikane
nganggo kata ganti “aku” (tunggal), “kami”
(jamak)
2. Wong kapindho dadi pelaku utama. Titikane
nganggo jenenge paragane.
3. Wong katelu dadi pelaku utama. Titikane
nganggo kata ganti “ dia” / dheweke.
AMANAT
Piwulang luhur kang ana ing sajroning crita, kang
arep diwenehake pangripta marang pamaca.
GAYA BAHASA
Basa ing sajroning crita kanggo nyiptakake
kahanan persuasif lan ngrumusake dhialog
kang bisa ngetokake hubungan lan interaksi
paraga siji lan sijine.
IRAH-IRAHAN
Jeneng kang digunakake kanggo nglumantarake
kanthi ringkes isi utawa maksude crita.
Tuladha novel Jawa:
MATUR NUWUN

You might also like