You are on page 1of 19

WULANGAN 3

SESORAH
(PIDATO)
Apa iku Ancas
sesorah? sesorah Cengkorongan

Patrap nalika
sesorah Jenis Sesorah

Sikap sing apik Metode


nalika Sesorah
sesorah
Kang kudu Kang kudu Carane gawe
digatekake digatekake nalika
nalika sesorah nulis sesorah sesorah
Apa Iku
Sesorah?

Sesorah yaiku micara ana ing sangarepe wong


akeh kanthi ngandharake sawijining gagasan,
panemu, pamikir, lan sapanunggalane kanthi
lisan
Ancas
Sesorah
1. Paring (nyaosi) andharan lan pangerten marang
wong liya kang padha rawuh ngrungokake
2. Paring (nyaosi) andharan kang nyenengake kang
padha midhangetake, jalaran basane ketok edi
lan peni kanthi nggunakake unggah-ungguh basa
Jawa
3. Kanggo milut panemune wong liya sawise gelem
midhangetake, lan sabanjure gelem manut lan
pracaya karo wose andharan kang kababar
utawa katurake
4. Ngajak-ajak
5. Menehi hiburan
Cengkorongan
1. Salam pambuka
2. Purwaka (pambuka)
 Atur puji syukur Marang Gusti
 Atur pakurmatan (marang wong sing rawuh)
 Atur panuwun
3. Isi (surasa)
4. Dudutan / wigati / ringkesan
5. Pengarep-arep
6. Panutup (wusana)
7. Salam panutup
Jenis- Jenis
Sesorah
2. Miturut
kahanane :
Sesorah resmi.
1. Sesorah miturut Sesorah setengah resmi.
ancase : Menehi Sesorah ora resmi.
informasi
/pemanggih.
Menehi panglipur. Kanggo
pangajak-ajak.
3. Miturut pendekatan isine
:
Sesorah intelektual.
Sesorah moral.
Metode
Sesorah

Naskah Apalan

Dadakan Impromptu
Metode
Naskah

Metode kang migunakake teks nalika


sesorah. Tujuan metode iki yaiku bisa
ngindari kekurangan lan kesalahan amarga
metode iki wis nyawisake teks saksurunge
kanthi bener lan becik. Ananging
kekurangan metode iki yaiku pamicara ora
bisa mbangun komunikasi antarane
pamicara karo pamiarsane.
Metode
Apalan
Metode iki biasane digunakake wong sing
lagi sinau bab pidhato, yaiku naskah sing
wis dicawisake sak apik-apike banjur
diapalake. Kekurangane metode iki yaiku
amarga konsentrasine marang apalan,
pocapane monoton ora ana irama,
pidhatone kaya wong maca teks.
Metode
Impromptu

Metode iki yaiku metode kanthi spontan


utawa langsung pamicara jlentrehake gagasan-
gagasan ana ing ngarepe pamiarsa. Nanging
sedurunge sesorah, uwis nyiapake catetan cilik
kang isine bab penting kanggo sesorah.
Metode
Dadakan

Durung ana persiapan apa-apa


kanggo sesorah. Nalika maju sesorah,
ngucapake bab sing sesuai karo
kondisi.
Carane gawe
sesorah
1. Nyiapake underan / tema sesorah.
2. Nyiutake tema dadi irah-irahan (judul).
3. Naliti kahanan pamiarsa.
4. Ndamel cengkorongan / kerangka sesorah.
5. Nemtokake ancase / tujuane sesorah.
6. Ngempalake bahan sesorah.
7. Ngembangake / ngrembaakake cengkorongan.
8. Gladhen sesorah.
Kang kudu
digatekake nalika
nulis sesorah
1. Miturut unggah-ungguh basa
2. Perangan sesorah kudu jangkep karo
cengkorongan
3. Isine kudu bisa dinalar lan bener
4. Ukara prasaja lan ringkes
5. Anggone medharake kudu urut lan
gamblang
Sing kudu
digatekake nalika
sesorah

1. Intonasi
2. Sikap
3. Gaya bahasa lan diksi
4. Wirama
Sikap sing apik
nalika sesorah
1. Pangrasa disarehake dhisik
2. Menawa ngecek mike aja nganti disebul, cukup
dikethuk
3. Nganggo basa kang alus, nanging ora perlu muluk-
muluk
4. Pangandikan ora perlu mubeng mubeng
5. Wiramaning wicara kang cetha sarta kajumbuhake
karo kahanan
6. Tutuk aja cedhak-cedhak banget karo mike
7. Swara ora perlu seru-seru, kang cukupan wae nanging
cetha
Patrap Nalika
Sesorah
1. Sikap
 Ora lelambaran sikil siji
 Sikil ora rapet utawa mbegagah banget
 Semangat
 Jejeg
 Ora lendhehan papan micara
 Ora kaku
 Nggatekake tamu
 Ora nyekel cagak mike
Patrap Nalika
Sesorah

2. Rupa
 Ora guyu kang digawe-gawe
 Ora cengengesan
 Ora mbesengut
 Ora ndhingkluk utawa mlengo
 Ora gugup
Patrap Nalika
Sesorah

3. Gerak
 Ora mbanda tangan
 Ora kukur-kukur
 Ora nginguk cathetan
 Ora kerep nyekel mike
 Tangan ana ing jaba sak
MATUR
NUWUN

You might also like