You are on page 1of 9

TEDHAK SINTEN

• Alfaroq bimantara kusuma wardhana (02)


• Annisa zahwa (08)
• Della permata sari (14)
• Hika muflikhah azzahro (20)
• Nabilla ayu az – zahra (26)
• Septiana suharyanti (32)
‫ح َم ُة اهللِ َو َب َر َكاتُ ُه‬
‫عل َيْك ُ ْم َو َر ْ‬
‫الَمـ َ‬
‫الس ُ‬
‫َّ‬
‫‪Assalamualaikum Wr. Wb‬‬
• Tedhak sitèn utawa tedhak siti iku salah siji upacara adat Jawa kanggo bocah
umur 7 wulan utawa selapan. Upacara iki ing laladan liya ing Nuswantara uga
ana, contoné kang diarani upacara injak tanah ing laladan Jakarta déning suku
Betawi utawa uga ana kang ngarani "mudhun lemah" lan "udhun-udhunan“
• Tedhak sitèn iku asalé saka tembung tedhak, idhak utawa mudhun lan sitèn
(saka tembung siti) utawa lemah (bumi). Upacara iki kanggo perlambang
bocah kang siyap-siyap nglakoni urip liwat tuntunan wong tuwa lan diadani
yèn umur bocah wis 7 selapan utawa 245 dina (7 x 35 = 245).
• Upacara Tedhak sitèn dianakaké amarga ana kapitayan masarakat Jawa yèn
lemah iku duwé makna ghoib lan dijaga Bathara Kala. Kanggo ngindari
kadadéan kang ora becik, mula dianakaké upacara ngenalaké putra-putriné
marang Bathara Kala minangka kang njaga lemah. Anggoné nglakoni upacara
iki, luwih becik miturut weton.
Ubarampé kanggo upacara tedhak sitèn

• Pengaron kang diisi kembang setaman.


• Kurungan, kanggo nggambaraké yèn donyané anak isih sithik utawa ciut.
• Werna-warna barang kang diséléhaké sajeroning kurungan kang nggambaraké suwèné urip, manungsa duwé kawajiban
nggolèk "nafkah", kaya ta:
• Pari sabengket
• Kapuk sabengket
• Piranti nulis
• Bokor kang diisi beras kuning
• Werna-warna jinis dhuwit
• "Perhiasan"
• Klasa kang isih anyar, kanggo lémèk ning jeroning kurungan.
• Bakaran pitik, kang nggambaraké pedoman uripé anak.
• Tangga tebu "arjuna", ya iku tebu kang wernané ungu kang nggambaraké undhak-undhakané urip kang arep dilakoni
anak.
• Jadah pitung warna, ya iku abang, putih, ireng, kuning, biru, ungu lan jambon. Tegesé kanggo ngemutaké anak yèn urip
kudu waspada saka godaan warna-warna.
• Bancakan, kaya ta sega gudhangan kang dibagékake marang para tamu kang teka.
Urutane Upacara Tedhak Siten

• Tedhak jadah pitung warna: ya iku anak mlangkah utawa ngidak jadah
pitung warna kang diréwangi ngidak déning ibu, jadah ditata saka warna
kang padhang nganti warna kang peteng, iku kabèh perlambang déné
urip iku ora gampang nanging kabéh alangan kang dirasakaké mengko
mesthi bakal ana dalan kang padhang tumuju kamulyan lan kasantosan.
• Munggah Andha Tebu Arjuna
 
Munggah andha tebu arjuna yaiku bocah kang dituntun munggah mudhun saka andha arjuna sing
maknane supaya bocah mau duwe watak kaya arjuna kang watake satria lan tanggung jawab,seneng
nglakokake kabecikan,nulungi wong,mbela kabecikan,lan ngabekti mring negara.Ing adat Jawa tebu
iku singkatane saka antebing kalbu kang artine supaya bocah mau jalanake uripe kang mantep lan
tekad sing kuwat.

 
• Ceker – ceker
Kagyatan sakwise mudhun saka andha tebu lan bocah mau dituntun neng lemah. Neng lemah iku
bocah mau dolanan lemah nganggo sikile sing maknane luru panganan. Mengkone bocah mau
sakwise dadi gedhe bisa nguripi awake dhewe.
 
• Mlebu Kurungan
Bocah mau dilebokake ing kurungan kang wis dihias janur lan kertas werna-werna.Yen bocahe ora
gelam melbu ing kurungan,ibu lan bapake bisa ngancani bocah mau.Ing njero kurungan wis ana
isine.Isine yaiku pari sabangket,priasan,jadah 7 warna,piranti nulis,dhuwit,lan sapanunggalane
sampe bocah mau njupuk salah siji piranti.Piranti sing dijupuk bocah mau nglambangke mbesuk
sawise wis gedhe.Tuladhane bocah mau njupuk buku kang artine bocah mau mbesuke dadi wong
pinter.Kurungan nglambangake donya,bocah mau melbu dunya sing arep dilakoni.
 
• Sebar Udhik-Udhik
Dhuwit receh kang dicampur kambang-kembang utawa beras kuning disebarake lan para
undangan mundhuti dhuwit mau sing disebar sing maknane bocah mau sawise gedhe bisa dadi
wong kang derma,seneng nulungi wong liya.
 
• Siraman
 
Bocah kang wis nglakokake urutan adicara mau diadusi nganggo banyu kembang kang artine
bocah mau bisa ngluhurake kaluwargane.Sarampunge siraman,bocah mau didandani nganggo
klambi sing apik lan resik sing maknane supaya bocah mau duwe urip sing apik lan gawe
kaluwargane mongkog.
 
‫ح َم ُة اهللِ َو َب َر َكاتُ ُه‬
‫عل َيْك ُ ْم َو َر ْ‬
‫الَمـ َ‬
‫الَس ُ‬
‫َو ّـَّ‬
‫‪Wassalamu’alaikum Wr.Wb‬‬

You might also like