You are on page 1of 4

SEJARAH KRATON

NGAYOGYAKARTA
Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat dipunadegaken dening
Pangeran Mangkubumi. Madegipun Kraton Ngayogyakarta
dipunwiwiti saking kadadosan nalika dipunwontenaken
perjanjian Giyanti ingkang wosipun inggih punika Kerajaan
Mataram dipunperang dados kalih inggih punika Kraton
Kasunanan Surakarta saha Kraton Kasultanan
Ngayogyakarta. Sasampunipun madegaken Kraton Mataram
Ngayogyakarta Pangeran Mangkubumi gadhah gelar Sri
Sultan Hamengkubuwana I raja-raja Kasultanan
Ngayogyakarta inggih punika saking Sri Sultan
Hamengkubuwana I dumugi Sri Sultan Hamengkubawana X.
Sri Sultan Hamengkubuwana X taksih dados Raja dumugi
sakpunika
Kraton Ngayogyakarta wiwit madeg dening Sultan
Hamengkubuwana I satawis wulan sasampunipun prejanjen
Giyanti ing tahun 1755. Lokasi Kraton punika Kacarios tilas
pesanggrahan ingkang katelah Garjitawati. Pesanggrahan
punika dipunginakaken kangge istirahat iring-iringan jenazah
raja-raja Mataram ( Kartasura lan Surakarta) ingkang badhe
kasarekaken ing Imogiri. Versi sanes nyebataken bilih lokasi
Kraton wujud sendhang, umbul pacethokan, ingkang wonten
ing satengahing wono Beringan. Sakderengipun dados
Kraton Ngayogyakarta, Sultan Hamengkubuwana I manggen
wonten ing Pesanggrahan Ambar Ketawang ingkang
sakpunika kalebet wewengkon Kecamatan Gamping
Kabupaten Sleman.
Kraton Ngayogyakarta uga wujud satunggaling lembaga
adat pepak lan pepangku adatipun amargi punika filosofi lan
ugi mitologi tansah kauri-uri ing Kraton Ngayogyakarta lan
ing tahun 1995 komplek Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat
dipun calonaken dados satunggaling Situs Warisan Dunia
UNESCO..

You might also like