You are on page 1of 12

SERAT WEDHATAMA PUPUH

KINANTHI
(K.G.P.A.A. Mangkunegara IV)

KELAS XII
SEMESTER 1
KD. 1
Serat Wedhatama
Serat : tulisan utawa kasusastran
Wedha : kawruh utawa piwulang/ajaran
Tama : saka tembung utama tegese becik
utawa luhur
Serat Wedhatama : sawijining tulisan utawa
kasusastran kang ngemot kawruh utawa
piwulang kang becik/luhur
Serat Wedhatama dumadi saka 5 pupuh lan ana 100 pada/bait

Pangkur : 14 pada
Sinom : 18 pada
Pocung : 15 pada
Gambuh : 35 pada
Kinanthi : 18 pada
 
Katrangan :
Pupuh : Rangkaian tembang kang padha nganti pirang-pirang
pada/bait
Tembang Pocung kalebu tembang macapat, amarga nduweni
paugeran/aturan yaiku kaiket dening guru gatra, guru wilangan
lan guru lagu.  
Paugeran Tembang Kinanthi
• Pathokan : 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i
• Watak : seneng, tresna, asih, kasmaran.
• Panganggone tembang : kanggo medharake
pitutur, pratelan tresna, piwulangan.
• Sasmita : kanthi, kekanthen, gandheng, lan
sapiturute.
• Tegese tembang : saka tembung kanthi /tuntun
ateges dituntun supaya bisa mlaku ngambah
panguripan ing alam donya
Tuladha tembang kinanthi
Padha gulangen ing kalbu
ayo padha nglatih ati
ing sasmita amrih lantip
pralambang supaya landhep pikire/pinter
aja pijer mangan nendra
aja mung mangan turu
kaprawiran den kaesthi
watak satriya sing digayuh
pesunen sariranira
ngendhaleni awak/hawa nepsu
cegahen dhahar lan guling
sudanen mangan lan turu
Gunane tembang macapat
1. Mbawani (mbukak) utawa nggerongi
gendhing
2. Lelagon ing kethoprak, wayang wong, wayang
kulit
3. Ngarang Kapustakan Jawi
4. Parikan, dhagelan, cangkriman
5. Kanggo lelipur (hiburan) lsp
 
Urut-urutan tembang macapat

Urut-urutane tembang macapat nggambarake


lelakoning manungsa wiwit saka njero
weteng/bayi abang nganti tumekaning pati.
Urut-urutane kaya ing ngisor iki :
1. Maskumambang : mas ateges durung weruh
lanang utawa wadon, kumambang ateges uripe
ngambang ing kandhutan ibune. Nggambarake
jabang bayi sing isih ana kandhutane ibune ,
sing durung kawruhan lanang utawa wadon.
2. Mijil : Ateges wis lair lan wis cetha lanang
utawa wadon.
3. Sinom : Ateges kanoman, sing wigati kanggone
wong enom supaya bisa ngangsu kawruh/ilmu
sakakeh-akehe.
4. Kinanthi : saka tembung kanthi utawa tuntun kang ateges dituntun
supaya anggone nglakoni urip ing alam ndonya ora kleru/luput.

5. Asmaradana : saka tembung asmara tegese tresna, dana ateges


weweh. Ateges rasa tresna antarane wong lanang karo wong wadon,
kang kabeh mau wis dadi kodrat Allah SWT.
6. Gambuh : saka tembung jumbuh/sarujuk. Ateges yen wis
jumbuh/cocog banjur digathukake antarane wong lanang lan wong
wadon sing padha nduweni rasa tresna mau, supaya bisa urip
bareng.
7. Dhandhanggula : Nggambarake uripe wong kang lagi seneng-
senenge, apa kang digayuh bisa kasembadan. Kelakon duwe bojo,
anak, urip sarwa kecukupan. Mula wong kang lagi bungah/bombong
atine , bisa diarani lagi ndhandhanggula.
8. Durma : saka tembung darma/weweh. Wong yen wis rumangsa
kacukupan uripe, banjur tuwuh rasa welas asih marang wong liya
kang lagi nandhang kasusahan, mula banjur tuwuh rasa kepengin
darma/weweh marang sapadha-padha. Kabeh mau disengkuyung
saka kabeh piwulange agama lan watak sosiale manungsa.
9. Pangkur : saka tembung mungkur kang ateges nyingkiri hawa
nepsu angkara murka. Tansah mbudidaya golek kabecikan
sakakeh-akehe kanggo sangu menawa sawayah-wayah tinimbalan
dening Allah SWT.
10. Megatruh : pegat, ateges pedhot, roh ateges nyawa. Wis titi
wancine tinimbalan sowan marang Allah SWT/mati.
11. Pocung : saka tembung pocong, ateges yen wis dadi
layon/mayit banjur dibungkus mori putih/kain kafan (dipocung)
sadurunge dikubur.
MATUR NUWUN

You might also like