You are on page 1of 12

Sengkalan

Oleh : Aisyah Fazila Noorun Nisa (02)


XI MIPA 3 (2020-2021)
Ancase
01
(Tujuan)
Sengkalan.
Ancase panulisan sengkalan yaiku kanggo mbantu ngeling-eling wektu kedadeane
prastawa-prastawa gede migunakake tembung kang dirangkai dadi ukara. Sengkalan kuwi
yaiku cara nulis tahun kang disandhi karo ukara. Panulisan titi mangsa iki digunakake ing
sastra Jawa Kuna lan Tengahan.
Fungsine
02
Sengkalan
Fungsi saka sengkalan yaiku :
• Kanggo niteni dina kelairan utawa gugure wong kang penting. Kajaba: raja
• Kanggo niteni wektu ngadeke omah utawa bangunan liyane
• Kanggo niteni wektu ngadeke utawa buyare kepamrentahan saka kerajaan.
• Kanggo niteni wektu kedadene prastawa penting kajaba mantenan.
Miturut wujude sengkalan kaperang dadi loro:
a. Surya sengkala, yaiku sengkalan kanggo weweh tetenger tahun surya
(Srengenge).\
b. Candra sengkala, yaiku sengkalan kanggo weweh tenger tahun candra
(Rembulan).
03
Tata Carane
Nulis
Sengkalan.
Yèn arep nulis ukara sengkalan kang perlu digatekake yaiku:
1. Sepisanan kudu nggoleki tembung luwih dhisik kanggo guru
dasanama (persamaan arti tembung), tegese tetembung sing darbe
tegese padha duwé watak wilangan sing padha. Umpamane: gunung,
prawata, arga, giri, haldaka, lan redi.
2. Kaping loro, guru sastra (persamaan tembung), tetembungan sing
duwé wujud tukisan sing padha, dianggep duwé wilangan sing padha.
Thuladhane: esthi sing tegese gajah. Lan tembung esthi iku, uga
mengku teges kekareban kang duwé watak wolu (8).
3. Kaping telu, nggoleki guru warga (persamaan golongan).
Tetembungan sing duwé golongan padha dianggep darbe watak
wilangan sing pdha, contoné: rembulan, srengéngé, bumi, iku duwé
watak wilanagan siji (1).
4. Sing Kaping papat, guru wanda (persamaan suku tembung), ya iku
tetembungan sing duwé suku tembung utawa unine padha dianggep
duwé watak wilangan sing padha ya iku papat (4)
5.  Kaping lima, yaiku migatekake anané guru sarana (persamaan
fungsi), ya iku sarana utawa piranti.Watak wilangan dianggep padha karo
fungsine (pigunane). Tuladha: lidah (ilat).Sing nggunakaké rasa dianggep
duwé watak wilangan padha ya iku enem.
6.  Kaping enem, nggoleki guru karya (persamaan sipat kerja) ya iku
barang lan kerjane, watak wilangane dianggep padha, upama mata lan
madeng, dianggep darbe watak wilangan padha ya iku loro (2)
7.  Kaping pitu, guru darwa (persamaan sipat), ya iku sipat salah
sawijining barang (benda) dianggep darbe watak lan wilangan sing padha
karo panas, dianggep duwé watak wilangan sing padha ya iku telu (3)
8.  Kaping wolu, yaiku nggoleki guru jarwa persamaan arti utawa
sinonim). Tetembungan sing duwé teges makna (arti) sing padha.
Contoné, retu,obah lan horeg, dianggep duwé watak wilangan sing padha
ya iku enem (6)
Susunan tembung utawa ukara ing sajroning sengkalan nuduhake
susunan wilangan taun kanthi urut saka kiwa banjur nengen kanthi
susunan :
A. Tembung sepisan nuduhake wilangan saka satuan tahun.
B. Tembung kapindho nuduhake wilangan puluhan saka tahun.
C. Tembung katelu nuduhake wilangan atusan saka tahun.
D. Tembung kepapat nuduhake wilangan ewonan saka tahun.
Matur
Sembah
Nuwun
Credits: This presentation template
was created by Slidesgo, including
icons by Flaticon, and infographics &
images by Freepik.

Please keep this slide for attribution.

You might also like