I. PRANATACARA Pangerten Pranatacara iku asring sinebut pambyawara, pranata adicara, pranata titilaksana utawa pranata laksitaning adicara yaiku salah sawijining jinis pagaweyan kang ana ubungane karo sawijining pasemuan utawa acara ing masyarakat Jawa. Pranatacara ing bahasa Indonesia sibebut pewara. Pranatacara ing upacara adat Jawa kayata pernikahan (temanten), kematian (kesripahan), pertemuan (pepanggihan), perjamuan (pasamuan), pengajian (pengaosan) lsp. Wong kang dadi pranatacara ora mung nduwe bekal keberanian, nanging uga kudu nduweni bekal kemampuan. 2. Syarat nalika dadi pranatacara Wong kang dadi pranatacara kudu bisa ngucapake tembung-tembung kanthi pener lan nganggo basa krama inggil.
Sakliyane iku kudu bisa ngendalekake
suarane supaya tetep apik. Ana syarat kang biasane dadi dasar kanggo wong dadi pranatacara supaya bisa nglaksanakake tugase kanthi becik. a) Olah swara (teknik vocal) Swara sing apik sing gandhang, tegese ora kemlesik, alon lan penak dimirengne. Swara gandhang kepenak dimirengne lan wibawa. Iki bab-bab kang bisa mbantu olah swara: Aksentuasi (accentuation) atau logat
Artikulasi (articulation) atau pocapan.
Nafas (breath) atau prana
Intonasi (intonation) nada suara
Empati atau penjiwaan.
infleksi atau lagu kalimat
b. Olah raga lan busana. Olah raga ubungane karo sikap, solah bawa, kesusilaan, lan subasita. Iki wujud olah raga sing becik nalika dadi pranatacara: Magatra: badan, wajah, cara dandan lan pakaian, patut, pantes, lan ora digawe- gawe. Malaksana: mlakune sing luwes lan ora mangu-mangu.
Mawastha:ngadeg sing jejeg
Maraga:mantep,ora gemeteran, ngadep ing ngarep. Malaghawa: terampil. Lancar. Ora kecepeten lan ora alon-alon banget. Matanggap: tanggap ing situasi sing diadepi Mawwat: ngrampungake acara kanthi becik c. olah basa lan sastra Supaya bisa olah basa sing apik, wong kang dadi pranata cara kudu bisa mahami paramasastra (fonologi, morfologi, semantik, sintaksis), wacana, lan pragmatik. Bisa ngucapake tembung- tembung ,frasa, ukara, nganggo basa krama inggil kanthi laras lan leres. d. Pangrengga swara (sound system) Kemajuan teknologi bisa mbantu pranatacara ngolah suarane. Suara sing alon bisa kapireng luwih jelas lan swara sing enteng bisa kapireng luwih gandem. e. Papan (tempat) Papan pranata cara kudu pas karo suasane aja cedak-cedak tamu lan aja adoh-adoh tamu apa maneh ora katon dening tamu. f. pawiyatan (pendidikan) Wong kang dadi pranatacara bisa dipelajari ing pendidikan formal utawa non formal kayata kursus, penataran, pelatihan utawa gladhen dewe. g. Mental Wong kang dadi pranatacara kudu nduweni mental sing apik. h. ketewajuhan (kedisiplinan) Ketewajuhan magepokan karodisiplin wektu lan tugas. i. gladhen (gladi) Ana telung tataran pranatacara, yaitu pemula, madya, dan professional. j. kasamaptaan (persiapan) Persiapan iku penting banget kanggo wongkang dadi pranatacara. Siap artine mampu nyiapake awake,kesehatan, penampilan, pakaian, lan acara. b. Kode etik pranatacara etika pranata cara antarane : Ora kena nolak nalika dijaluk ngacarani ing sawijining acara. Yen ora iso kudu nganggo tembung sing becik,sopan. ora kena sombong. Siap nglaksanakne tugas. Aja njaluk dijemput kajaba wektune mepet. Aja ngomongne bab upah utawa honor Aja nyebut merk sonnd system Yen bisa teka setengah jam sakdurunge acara.