You are on page 1of 6

TEKS

DE S K RI
P SI
MON
TUE MON
Teks Deskripsi

WED TUE
Teks Deskripsi yaiku salah

THU WED
sawijining tulisan kang ana
sesambungane karo pambudi
dayane penulis kanggo menehi

TUE
peprincen-peprincen saka
sawijining objek (panggonan,

FRI
manungsa, barang, lan

WKND FRI
sapanunggalane.

WKND
MON
Topik-topik kang bisa
dikembangake dadi teks

TUE
deskripsi:
a. Kahanan ruang, kayata

WED
ruangan ing sekolahan, balai
desa, lan sapiturute.
b. Kahanan barang, kayata

TUE
piranti kasehatan, piranti
sekolah, alat transportasi, lan
sapiturute.

FRI
c. Proses, kayata proses
nggawe sepatu, carane

WKND
nandur pari, lan sapiturute.
Tuladha Teks Deskripsi
Batik
Batik yaiku kain ginambar saka piranti kang jenenge malam ditulisake utawa dicorekake.
Pangolahing batik ginawe kanthi cara kang khas lan nggunakake trap-trapan tinamtu. Mula
saka iku, ora mokal batik minangka sawijining asil karya luhur bangsa Indonesia kang
dilakoni dening dunia lumantar UNESCO kawitan 2 Oktober 2009.
Saliyane duwe kekhasan panggawene, maneka jinis corake iku uga dadi perangan kang
narik kawigaten. Jinising corak batik ing antarane kayata: Batin Kraton, Sida Mukti, Kawung,
lan sapiturute. Batik Kraton mula bukane ginawe dening para pembatik kang dumunung ing
sajroning kraton. Motif utawa corake kayata Parang Parong, Parang Rusak, lan Udan Liris.
Batik Sida Mukti yaiku motif corak batik kang lumrahe ginawe saka zat pewarna soga
alam. Batik iki wis lumrah digunakake ing upacara mantu. Unsur motif kang ginambar yaiku
gurda. Tembung “sida” iku ateges dadi utawa kelakon. Kanthi mangkono, corak batik kang
kawitan tembung “sida” duwe karep supaya apa kang ginayuh bisa kawujudan. Mula sida
mukti nduwe makna filosofis ngandhut pangarep-arep supaya bisa kasembadan mukti lair
lan batine.
Batik Kawung iku duwe corak bunder saemper kaya who kawung (saemper klapa utawa
woh kolang-kaling). Kalamangsa corak iki uga dianggep miangka gambaran reroncening
kembang trate kang mekrok. Kembang trate tumrape wong Jawa duwe makna
nglambangake umur dawa lan kasucen. Corak Batik Kawung uga kaperang saka wujud cilik
lan gedhene. Kawung Picis iku corak kawung kang ginambar saemper bunderan cilik-cilik.
Ing jaman biyen picis iku duwit pangaji sepuluh senyang wujude cilik. Kawung Bribil corake
saemper Kawung Picis, nanging bunderane kang kasusun luwih gedhe saka corak picis. Bab
iki dumadi amarga adhedhasar saka jeneng bribil kang ateges duwit kang wujude luwih
gedhe lan pangajine setengah sen.
Matur
Nuwun

You might also like