You are on page 1of 11

KEMATIAN

Urip ing donya diwiwiti saking kelahiran, lan dipungkasi kaliyan kematian. Ing tradisi
Jawa, kematian yaiku awal saking kauripan kang anyar, yaiku kauripan ing alam baka.

Ana acara nyadran utawa tilik kubur, kang dilakokake sakdurunge mlebu sasi pasa,
kaliyan nekani makam lan donga ing kana. Saking kamus loro, ada kata ‘sadran’ sing artine
wulan Sya’ban (kalender Hijriah, sakdurunge Ramadhan utawa pasa). Nyadran pancen
dilakokake sakdurunge pasa, yaiku ing sasi Ruwah. Kata ‘ruwah’ seakar kata karo arwah.
Sakliyane kuwi, biyen ing Jawa, umat Hindu nglakoni upacara sraddha kanggo mengeti
arwahe leluhur. Artine, ana pengembangan makna, saking kata sraddhadan-sadran. Ana uga
acara ‘haul’ (ana sing nglafalake khol utawa kol), yaiku nekani makam saben tahun wafate
kaliyan ngirim donga.

Ing tradisi Jawa, ana upacara wiwit kematian tumeka 1000 dina
sakwise kematian, kabeh iku duwe tujuan mbalikake wong kang mati
maring Kang Murbeng Dumadi. Tradisi Jawa uga nyampurake tradisi
agama ing upacara kematian.
UPACARA ADAT JAWA NALIKA
ANA KEMATIAN
 Disirami
Jenazah disirami nganggo banyu sing diwenehi kembang telon.
Sakliyane ngresiki sakabehane awak, rambut uga diresiki
(dikeramasi). Yen sing wafat lanang, sing ngedusi uga lanang,
sewalike yen sing wafat wanita, sing ngedusi uga wanita. Ngedusi
jenazah kudu khidmad, ora oleh guyon.

 Nganggokake penutup awak


Sakwise disirami, diwenehi panutup awak utawa klambi. Wong
Islam dikafani, yen Katolik utawa Kristen nganggo klambi biasa
(iso klambi adat Jawa, klambi modern, lan sapanunggalane)

 Doa
Sakwise diwenehi panutup awak, jenazah banjur didongani.
Yen sing wafat wong Islam, banjur dishalati kelawan sholat
jenazah; sing agamane Katolik utawa Kristen dianakake misa
jenazah lan pemberkatan minyak suci. Sakwise iku mau, banjur
dilebokake ing peti jenazah. Biyen, jenazah ora dilebokake ing
jero peti, tapi dilebokake ing jero bandosa (tandu kanggo
jenazah).
 Brobosan
Ing upacara brobosan, peti jenazah utawa bandosa dipikul,
banjur isteri atau suami, anak, mantu, putu, lan liya-liyane lewat
ing ngisore. Disawang saka nduwur, mbrobos searah kaliyan jarum
jam, dibaleni kaping tiga. Maksude yaiku kanggo menehi
pakurmatan terakhir.

 Bedah bumi
Bedah bumi yaiku penggalian makam. Sakdurunge nggali
makam salah siji anggota keluarga mimpin doa, supaya nalika
penggalian makam ora ana alangan. Biyen, disiapake sego tumpeng
kanggo si penggali makam. Saiki, jarang ana sing nyiyapake sega
tumpeng, ananging di-tebas mentah.

 Sur bumi
Sur bumi yaiku nalika jenazah sampun mantun dimakamake
dan diwuruki lemah. Sur berarti 1) nglebokake ing jero geni, 2)
ngrebut panggonan.
 Pecah gendeng
Pecah gendeng utawa mecahake genteng, dilakokake yen wong
mau wafat ing dina Sabtu. Konon, supaya wong sing wafat ora
nggeret wong liya melu wafat. Genteng dipecah ing ngarepe peti
utawa bandosa sakdurunge budhal tumuju makam.

 Ngeculake ayam
Yen sing wafat isih duwe anak cilik saengga ninggalake garwa
kang bakal dadi duda utawa randha, kudu ngeculake pitik siji.

 Gagar mayang
Yen sing wafat isih jejaka utawa gadis, digawekake gagar
mayang loro. Gagar mayang melu digawa menyang makam lan
ditinggalake ing kono.
 Selamatan
Prinsipe selamatan utawa kenduren yaiku ngirim donga kanggo
wong kang wafat, nyuwun supaya dosane diampuni, ditrima kaliyan
Tuhan, lan dingapura karo sapadha. Ana serangkaian selamatan,
sing dianakake sakwise wafat telung dina, pitung dina, patang
puluh dina, satus dina, mendak sepisan, mendak kapindo, lan sewu
dina. Biasane, nalika selamatan, wong Islam ngundang tangga-
tangga, keluarga, utawa kanca kanggo nganakake tahlilan.
Selamatan ora kudu dilakoni pas dinane, ana selang limang dina.
Yen wayahe kenduri tanggal 7, oleh dianakake antara tanggal 5
sampai tanggal 9.
 Perhitungan wayah selamatan
Kanggo ngitung wayah selamatan, kudu faham pirang dina
jarake weton loro sing urut-urutan. Misal, jarak Minggu Wage
‘sampai’ Minggu Wage lanjute yaiku 35 dina, amarga Minggu Wage
sing kapindo ora diitung. Wiwit Minggu Wage ‘sampai dengan’
Minggu Wage lanjute yaiku 36 dina, amarga Minggu Wage lanjute
diitung. Selamatan 3-dina lan 7-dina relatif kepenak diitung. Yen
wafat pas tanggal 1, maka kenduri 3-dina dilakokake tanggal (1+2 )
= tanggal 3; kenduri 7 dina dilakokake tanggal (1+6 ) = tanggal 7.
JATUHNYA DINA SELAMATAN
Dina wafat 3 dina 7 dina 40 dina 100 dina Mendak-1 Mendak-2 1000 dina

Senin Rabu Minggu Jumat Selasa Kamis Senin Sabtu

Selasa Kamis Senin Sabtu Rabu Jumat Selasa Minggu

Rabu Jumat Selasa Minggu Kamis Sabtu Rabu Senin

Kamis Sabtu Rabu Senin Jumat Minggu Kamis Selasa

Jumat Minggu Kamis Selasa Sabtu Senin Jumat Rabu

Sabtu Senin Jumat Rabu Minggu Selasa Sabtu Kamis

Minggu Selasa Sabtu Kamis Senin Rabu Minggu Jumat


PASARAN KEMATIAN
Dina Mendak- Mendak-
3 dina 7 dina 40 dina 100 dina 1000 dina
wafat 1 2

Pahing Wage Pon Legi Legi Kliwon Wage Legi

Pon Kliwon Wage Pahing Pahing Legi Kliwon Pahing

Wage Legi Kliwon Pon Pon Pahing Legi Pon

Kliwon Pahing Legi Wage Wage Pon Pahing Wage

Legi Pon Pahing Kliwon Kliwon Wage Pon Kliwon


PERKIRAAN BULAN LAN TANGGAL
DINA KE-40, KE-100, LAN KE-1000.

Hari ke- Bulan Tanggal Bulan Tanggal

40 B+1 T+9 utawa B+2 T - 21

100 B+3 T+8 utawa B+4 T – 22

1000 B–3 T-6 utawa B-4 T + 24

B+9 T-6 utawa B+8 T + 24

You might also like