Hadiningrat) Jenising Busana Adat Gagrag Surakarta 1.Beskap 2.Attelah 3.Sikepan 4.Taqwa 5.Langenharjan Wujud sandhangan manungsa • Sakabehe wujud ageman kang diagem dening manungsa kang kasad ing mripat diarani sandhangan lair • Sakabehe wujud kahanan manungsa ing alam donya kang kaya cakra manggilingan ( roda yang berputar ) diarani sandhangan batin Regedan-regedan kang ana ing sajroning manungsa • A : Apreori yaiku ora seneng yen wong liya bahagia • I : Iri yaiku ora seneng ndelok wong liya berhasil • D : Dengki yaiku dendam • S : Srei yaiku serakah • Hanyenyandhang menganggo iku dadya sarana hamemangun manungsa njaba jero, marmane pantesen panganggonira, trepna pangetrepane panganggon jumbuhna kalawan kahananing badanira, pepangkatanira sarta kalungguhanira ( sabda dalem ISKS kaping IX ) • Kang artine : nganggo busana iku dadia sarana kanggo mbangun manungsa njaba lan njero, mulane nganggo busana gatekna wujude, jumbuhna karo kahanan awakmu, pangkatmu lan kedudukanmu. SEJARAH AGEMAN GAGRAG SURAKARTA HADININGRAT ( PERJANJIAN GIYANTI 13 FEBRUARI 1755 ) • Karaton Surakarta Hadiningrat kabagi kalih Ngayojakarta kalihan Surakarta • Sadaya isen-isen Karaton kabagi kalih, kalebet Ageman Surakarta tetilaran saking Majapahit, Demak kaasta dhateng Ngayojakarta • ISKS Paku Buwana III (RMG Surya Kusumo) Iyasa Ageman anyar kados ingkang dipun wuningani ngantos sapriki Beskaf ciri-cirine : • gambare : • wujude kaya jas, krah tutup kanthi kancing sisih tengah • kancinge sak mengisor ana 3 • dene kancing sing ana ing sisih tengen dhadha amung dinggo aksesoris • ing mburi mengisor dikrowok kanggo nyengkelit dhuwung/keris Attela • ciri-cirine : • gambare : 1. wujude jas tertutup 2. wiwit gulone sapengisor kakancing ana tengah 3. lumrahe kancing/benik ana 5 4. sisih mburi dikrowok kanggo wadhah dhuwung/keris Sikepan • Ciri-cirine : • gambare : 1. bentuke kaya Attelah nanging dibuka ora dibenikke/ora bisa kakancingke 2. kancing/benik amung dinggo aksesoris 3. ing sisih njero dienggoni rompi putih, gulon tutup nganggo benik ing tengah sak pengisor 4. rompi kethok saka njaba Taqwa • ciri-cirine : • gambare : 1. sing ngagem amung ratu/nata ing karaton Mataram 2. sing nganggit/mendesign yaiku Sunan Kalijaga 3. wujude kaya beskaf mung pucuke ngisor sisih ngarep lancip Langenharjan • Ciri-cirine : • gambare : 1. mirip banget karo busana jas saka dunia barat TUXEDO 2. tegese sak ngisor gulu tutupe jas kuwalik mangiwa lan manengen 3. benike ana 2 utawa 1 kanggo aksesoris 4. sisih mburi uga krowok 5. klambiing njero rangkep 2 6. njero dhewe "Hem" lengen dawa kanthi krah ngadeg nganggo dasi kupu-kupu ireng Princian Busana lan Maknane 1. Iket utawa Blangkon • maknane iket "kudu Iket berpikir kanthi positif wujude empat persegi sebab iket lambange sama panjang pikiran sing resik. menawa taplak meja yen manganggo dilipet dadi 2 mbentuk segitiga banjur diubed-ubedne ana sirah ing wektu sakiki iket akeh sing wis digawe kaya topi sing jenenge "blangkon iket" Gambar Blangkon 2. Kulambi utawa klambi wujude ana 5 yaiku Beskaf, Attelah, Sikepan, Taqwa, lan Langenharjan maknane yaiku klambi lambang pangrasa, dadi yen manganggo busana jawa kudu ati kang sareh, sabar bisa ngrasakake kahanan. 3. Setagen utawa Paningset saka kain dawa udakara 4,5 tekan 5 Meter gunane kanggo naleni jarik ana ing awak/badan, diubedake sak ngisor nganthi kenceng Anggone ngubedake setagen diwiwiti saka ngisor, saben sak ubedan kudu dikencengake maknane Setagen : talelana kabeh ilmu kang migunani aja nganthi ucul 4. Sabuk kanggo nutupi stagen dawane padha karo setagen saka jarwo dhosok"diusap lan dikebuk" Di ubedake saka nduwur mangisor, ubedane mangiwa,saben sak ubedan ambane 2 nyari/driji maknane sabuk : bukna samubarang karya, kang tegese "sempurnakanlah pekerjaanmu jangan sampai tersisa". Jenising sabuk • Sabuk cindhe bakale kang dinggo saka benang sutra alu kang wus kacelup karo werna sing warni-warni • Sabuk tenunan bakale/bahane digawe saka benang tenun lumrah, biasane ulesane/warnane polos, ana kang abang, ijo, wungu, kuning. Kala-kala diselipi benang emas kang wujude garis- garis • Sabuk celupan bahane pancen saka celupan 5. Epek & Timang & Lerep wujude kaya sabuk/setut kang dinggo sak wise nganggo sabuk maknane "epek" : goleka ilmu sing migunane sak akeh-akehe. maknane "Timang" : timbangen sakabehe samubarang sakdurunge dilakoni. maknane " Lerep" : Sarehna pikiran lan atimu yen kabeh wis dilakoni. 6. Jarik utawa Sinjang Wiru saka jarwo dhosok"wiwiren aja nganthi Dawane jarik 2,5 iket iket/kacu keliru" ( periksalah semua ambane jari ana sing 96 cm, pekerjaan jangan sampai ana uga sing 106 cm keliru) aturane nganggo jarik Jarik saka jarwo umpama kakung diubedake dhosok"Hawya seneng gawe saka nengen mangiwa seserik" ( jangan suka umpama putri diubedake saka membuat sakit hati orang lain) ngiwa manengen Maknane Jarik yaiku Donga Jarik kudu diwiru Panyuwunan dhateng Gusti yen kakung ambane 3 jari yen putri ambane 2 jari Arane sabuk + epek No Warna Sabuk Epek Arane 1 Ungu Ijo Wredha Ginugah 2 Ijo Abang Mudha Rumanggang 3 Biru Abang Satriya mangsah 4 Jambon Biru/ireng/wungu Narendratama 5 Kuning Biru/ireng Candra sumunar 6 abang Biru/ireng/ungu Surya sumirat 7. Dhuwung utawa Keris Kanggo pelengkap ing tatacara ngagem busana jawa Maknane : manungsa kudu tansah waspadha jroning urip, ora oleh lena/lengah ( keris = "Curiga" ) mapane keris ana papat : ana mburi madhepe condhong nengen: ngogleng, gunane kanggo acara mantu ana pupu tengen : nganggar keris, gunane kanggo nalika numpak kuda ana ngarep weteng condhong nengen: sikep, digunakake kanggo para wali nalika nyebarake agama ana mburi ngadeg jejeg : satriya keplayu/dederan, gunane kanggo sowan menyang wong kang luwih tuwa lan nalika ibadah ana mburi madhepe condhong ngiwa : Kawal, gunane kanggo mengeti dina adege keraton surakarta ana ngarep weteng condhong nengen diwadahi brongsong/wadah keris: brongsong, digunakake nalika lunga menyang mancanegara