You are on page 1of 8

TANTRI BASA

KELAS 3

AULIA RIANINGTYAS, S.Pd


Gladhen 1 : Mangerteni Perangane Crita
Wacanen crita ing ngisor iki!
Asal Usul Kutha Surabaya
Dhek jaman semana, Baya sing panggone ana kali bengawan lagi golek
pangan. Olehe golek pangan ora sengaja nganti tekan pesisir. Ing papan iku,
Baya ketemu karo Iwak Sura sing uga lagi golek pangan.
Rumangsa keganggu, Iwak Sura banjur ngelingake baya.”
He...baya...karepmu iki apa? Kowe rak wis duwe papan dhewe. Kena apa
kowe golek pangan nganti tekan kene? Apa kowe ora ngerti...yen papan iki
isih klebu panguwasaku?”
Baya ora kalah banter olehe mbengok,” Sura...kowe ngertia. Papanmu
ana tengah segara. Dadi kowe ora duwe kuwasa menging aku golek pangan
ana kene.”
Saya suwe olehe bengkerengan saya rame, amarga rumangsa padha
benere. Kewan loro mau banjur gelut, perang tanding nganti pirang-pirang
dina.
Wong-wong sacedhake pesisir sing padha meruhi perang tandhinge Iwak
Sura karo Baya mau banjur padha bengok-bengok.
“Ana Sura karo Baya.....ana Sura karo Baya....ana Sura karo Baya....” Mula
suwene- suwe papan panggonan mau banjur karan Surabaya. Sawise kowaca,
coba garapen perangane crita kaya tuladha ing ndhuwur
Garapan Omah

You might also like