You are on page 1of 5

UNDHA USUK BASA #1

Deva Aldynata
Undha usuking basa yaiku trap-
trapaning (stratifikasi) basa amarga
kanggo ngajeni marang wong kang
diajak wawan rembung. Ing
sesrawungan masyarakat Jawa saiki
basa sing asring digunakake yaiku
basa Ngoko lan Krama. Basa Ngoko
kapilah dadi loro, yaiku basa Ngoko
Lugu lan basa Ngoko Alus. Dene
basa Krama kapilah dadi loro uga,
yaiku basa Krama Lugu lan basa
Krama Alus.
BASA NGOKO
Basa Ngoko adate dianggo lawan rembug utawa omong-omong dening wong sing
wis padha tepung apik, akrab, ora ana jarak, lan nduweni derajat imbang.
Ngoko Lugu
Titikane: tetembungane ngoko
kabeh, ora ana sing dibasakake.
Kagunaane: kanggo sapadha-
padha, bocah karo bocah, wong
tuwa karo wong tuwa, wong tuwa
marang bocah. Biasane digunakake
wong sing wis padha-padha akrab.
Tuladha: “Tini numpak sepur.”

You might also like