You are on page 1of 16

SESORAH

MERISTA K UR NIASARI
MAPEL BAHASA JAWA
PANGERTOSAN PERANGAN
SESORAH SESORAH

BAB WIGATI
ANCAS SESORAH
NALIKA SESORAH

TULADHA
PATRAP NALIKA S
SESORAH ESORAH
PANGERTOSAN SESORAH

Sesorah utawi medhar sabda inggih


menika micara utawi nglairaken
gagasan, panemu kanthi lisan ing
ngajeng tiyang kathah. Sesorah
dipunwastani medhar sabda,
medhar tegesipun ngandharaken,
sabda tegesipun wicantenan.
GRIYA
PERANGAN SESORAH

PAMBUKA/PURWAKA : Surasane ngandharake


salam, mbagekake kang padha rawuh, lan ngucapke
syukur marang Gusti
SURASA : Perangan iki ngemot andharan wigatining
sesorah
WASANA : Ngandharake wos wigatining sesorah lan
dudutane

GRIYA
ANCAS SESORAH

Hamedhar pangandikan kang asipat mratelakake


informasi
Hamedhar pangandikan kang asipat hiburan jalaran
basane katon edi lan peni
Hamedhar pangandikan kang asipat hamemilut
marang para pamiyarsa

GRIYA
PATRAP NALIKA SESORAH

Sarira kang kurang mranani (sikap): lelambaran sikil


siji, loyo, kaku, nyekel cagak mike, dhoyong, ora
nggatekake tamu lsp.
Owah-owahan pasuryan kang kurang mranani
(ekspresi wajah): guyu digawe-gawe, mbesenggut,
gugup, dingkluk/mengo, cengengesan.
Owah-owahan sarira kang ora mranani (gerak):
mbanda tangan, kukur-kukur, nginguk cathetan,
tangan ana ing sajroning sak.
GRIYA
Bab Wigati Nalika Sesorah

Wicara/ Wirama/
basa swara

Wiraga/
Wirasa/
solah
penjiwaan
bawa
GRIYA
Wicara/ Basa

Basa ingkang dipunginakaken kedah selaras utawi


cocok kaliyan ingkang dipunadhepi.
Basa ngoko dipunginakaken bilih pawicantenan
kaliyan tiyang enem.
Basa krama dipunginakaken bilih pawicantenan
kaliyan tiyang ingkang langkung sepuh, ing adicara
resmi, upacara adat, lsp.
Tiyang ingkang sesorah kedah nggatosaken
kawontenan. Basa ingkang dipunginakaken kedah
prasaja, cetha pocapanipun, boten grogi, groyok, saha
bindheng. BALEK
Wirama/ swara
Wiramaning swara kapenak dipunmirengaken
Boten keseron
Boten alon banget
Ampun kecepeten,
Wiramanipun kedah becik boten ndlujur

BALEK
Wiraga/ Solah Bawa
Solah bawanipun kedah mantep saha teteg
Madhep kaliyan pamiarsa
Astanipun ngapurancang
Ampun tumungkul utawi ndingkluk
Ampun ndhangak

BALEK
Wirasa/ penjiwaan

Tiyang sesorah kedah nggatosaken


utawi nglarasaken kaliyan kawontenan.

BALEK
TULADHA SESORAH

Sesorah Dinten Kamardikan


 
Assalamualaikum Wr. Wb.

Bapak kepala sekolah ingkang satuhu kula bekteni, Bapak saha Ibu
Dwija dalasan karyawan SMK Negeri 1 Yogyakarta ingkang satuhu
kinurmatan, saha kanca-kanca ingkang kula tresnani. Saderengipun
mangga sesarengan ngaturaken syukur Alhamdulillah wonten
ngarsanipun dalem Allah SWT, dene kula panjenengan sami taksih
pinaringan rahmat saha hidayahipun, katitik kula panjenengan
sekaliyan taksih saged kempal wonten ing papan mriki, saperlu
hangrawuhi adicara pengetan dinten Kamardikan Negara Kesatuan
Republik Indonesia. Wonten ing mriki, kula badhe ngaturaken
satunggaling tema Kamardikan Republik Indonesia.
Kita sedaya mangertos, bilih atusan warsa kita
dipunjajah dening bangsa Walanda. Rakyat
dipundamel ajrih saha nampi kasangsaran amargi
kajajah. Kanthi landhasan tekad saha raos handarbeni
dhumateng bangsa saha nagari ingkang kiyat, rakyat
Indonesia ngupaya supados saged mardika.
Kawontenan menika saged kaleksanan rikala dinten
Jumat tanggal 17 Agustus 1945. Pramila, rakyat
Indonesia mengeti saben 17 Agustus minangka dinten
kamardikan bangsa kita, kangge pepeling saha
mengeti Kamardikan Republik Indonesia ugi
pengurbananipun para pahlawan ingkang sampun
gugur kangge kamardikaning bangsa kita.
Awit saking menika kula panjenengan sami
kedhah tansah ngaturaken raos syukur awit
kanugrahan kasebat. Raos syukur menika
antawisipun kawujudaken kanthi acara jalan
santai sesarengan satunggal RW, ngecet gapura,
pasang umbul-umbul, pasang lampu maneka
warni, ugi kerja bakti lingkungan kanthi masang
aksesoris merah putih. Lomba ingkang
dipunwontenaken, antawisipun panjat pinang,
tarik tambang, balap karung, nedha krupuk saha
sanes-sanesipun.
Adicara inti dipunwontenaken tirakatan wonten ing
malem tanggal 17 Agustus wonten ing pawiyatan kita
menika. Pramila saking menika, kula saha
panjenengan sedaya tansah ngaturaken raos syukur
ugi nyuwun kaliyan Gusti Allah SWT supados bangsa
kita menika dados bangsa ingkang langkung sae.
Kula kinten kirang wicaksana menawi kathah anggen
kula matur. Pramila cekap semanten kemawon atur
kula, mbok bilih wonten klenta-klentuning atur, kula
tansah nyuwun agunging pangaksami.
 
Wassalammuallaikum Wr. Wb.
Matur Nuwun

You might also like