You are on page 1of 6

CAKRA MANGGILINGAN

(TEKS DRAMA KLAS XII)


WAHYU DWI LESTARI,S.Pd
SMKS PEMUDA PAPAR
Amarga ing kelas XI para siswa wis cukup anggone sinau bab drama utawa
sandhiwara panggung, mula saiki para siswa bakal ditepungake karo jinise
sandhiwara liyane, yaiku sandhiwara radhio.

Sandiwara radhio yaiku jinise sandhiwara sing mung bisa kasemak kanthi
migunakake indra pangrungu (audio), dadi sandhiwara iki mung murni
ngendelake pamer antawacana (dhialog), musik, lan efek swara.
Kaya kang wis tau karembug ing wulangan kelas
X, minangka teks crita naratif, teks lakon
nduweni struktur utawa wangunan kang dumadi
TEKS saka:

DRAMA a jejer (orientasi), yaiku perangan wiwitane crita kanggo


nepungake tokoh/paraga, swasana, lan bibit kawit tumuju
crita sabanjure
b
pangudhare prakara (resolusi), yaiku pungkasan
karampungane pasulayan utawa dredah
c
pasulayan (komplikasi), yaiku dumadine perkara kang
kudu diadhepi dening para paraga
Ngonversi (Alih Wahana) Teks Gancaran Dadi Teks Sandhiwara
Radhio

Pahami tema utawa idhe


pokok cerkak kang arep
dikonversi.ngsung, nemtokake
tema, paraga, konflik, amanat,
lan anta wacana.
Rancangen pituduh pocapan
(kramagung) kang ngandharake
tatacarane maca
Bagenen cerkak miturut Owahana janturan (alus/kasar, seru/lirih, cepet/alon), unsur
urutan wektu lan papan pasulayan/konflik antarane musik, lan tirunan swara.
kedadean, banjur owahi dadi para tokoh dadi antawacana.
babak/ adegan.
Mrodhuksi lan Nyiarake Sandhiwara
Radhio
Supaya asil prodhuksi sandhiwara radhio bisa nduweni kuwalitas sing apik,
babagan ing ngisor iki kudu oleh kawigaten kang mirunggan.
(1) Teks/ Naskah
Antawacana ing teks kudu cekak aos, terang, lan padhet. Sabisa-bisane kudu
ninggalake/nginggati tembung sing ora umum (istilah asing), ukara kang
kedawan lan mbulet supaya panyemak sandhiwara ora bingung lan cepet
bosen.
(2) Paraga
Jalaran mung kanggo dirungu, mula pamaraga/pemain kudu temen-temen
nduweni swara kang bisa nggambarake figur/karakter tokoh kang diparagani.
Cacahing pamaraga/pemain paling akeh wong lima, awit yen pamaragane
kakehan bakal mbingungake panyemak.
(3) Ilustrasi Musik
Ilustrasi musik lan sound effect kudu trep karo kahanan kang dikarepake
naskah, supaya bisa nguripake suwasana lan mbiyantu panyemak sajrone
ngembangake imajinasi/daya khayale.
(4) Narator
Narator kudu bisa migunakake ukara kang trep kanggo nggambarake
suwasana kang dumadi, utamane tumrap adegan lan kahanan kang ora bisa
utawa angel diswarakake (umpamane kobongan, banjir, rasa, rupa, lan liya-
liyane).
(5) Proses editing
Sawise rekaman rampung, teknisi kanthi titi lan titis dituntun sutradhara
ndandani asil rekaman. Sajrone proses editing, teknisi bisa ngurangi, ngilangi,
utawa ngimbuhi perangan-perangan kang kaanggep kurang trep.

You might also like