You are on page 1of 9

TATARAN

BASA
Tataran basaa / unggah-ungguh
basa jawa iku bakune kaperang
dadi loro.
Ya iku basa ngko lan krama.
Basa ngoko kaperang dadi loro ya
iku ngoko lugu lan ngoko alus,
dene basa krama uga kaperang
dadi loro yaiku krama lugu lan
krama alus.
BASANGOKO LUGU
Basa ngoko lugu yaiku basa kang tembung-
tembunge saka basa ngoko kabeh tanpa ana
krama lan krama inggile.
Basa ngoko lugu lumrahe digunakake dene wong
utawa bocah sing durung ngerti marang unggah-
ungguhe basa.
Tuladhane :
1. Aku durung bisa maca lan nulis.
2. Adhiku tuku klambi anyar.
BASA NGOKO ALUS
Basa ngoko alus yaiku basa kang tembung-tembunge saka basa ngoko kacampuran
krama lan krama inggil.
Basa ngoko lugu bisa digunakake ing sesrawungan antarane kanca raket.
Tuladhane :
“Bapak durung dhahar lo Dhi, mula sampeyan ngengehi sayure.”
Iku kalebu ukara sing nggunakake basa ngoko lugu jalaran tembung-tembunge
sing digunakake awujud basa ngoko, krama, lan krama inggil.
Rincianne tembung sing digunakake kaya ngisor iki
Tembung durung lan mula iku basa ngoko.
Tembung sampeyan iku basa krama
tembung dhahar iku basa krama inggil.
BASA KRAMA LUGU
Basa krama lugu yaiku basa kang tembung-tembunge saka
basa krama kabeh tanpa ngoko lan krama inggil.
Tuladha
“Kula tumut paman mlampah-mlampah wanci enjing”
Iku kalebu ukara sing nggunakake basa ngoko lugu jalaran
tembung-tembunge saka basa krama tanpa ana ngoko lan
krama inggile.
BASA KRAMA ALUS
Basa krama alus yaiku basa kang tembung-tembunge
saka basa krama lan krama inggil tanpa ana ngokone.
Tuladha
Kula dipun dhawuhi bapak kapurih matur dumateng ibu.
Iku kalebu ukara singg nggunakake basa krama alus
jalaran tembung-tembunge kabeh saka basa krama lan
krama inggil.
SIMPULAN
Basa ngoko lugu : nggunakae ngoko kbeh tanpa
krama lan krama inggil.
Basa ngoko alus : nggunakae ngoko, krama, lan
krama inggil.
Basa krama lugu : nggunakake krama tanpa ngoko lan
krama inggil.
Basa krama alus : nggunakake krama lan krama inggil
tanpa ngoko.
Pertemuan dina iki ora
ana tugas sing wajib
dikumpulne nanging
bocah-bocah wajib
nyinaoni materi iki kanti
permati.

You might also like