You are on page 1of 14

NOVEL JAWA

Dening : Partono, S.Pd.


(Agustus 2021)
PANGERTENE
Novel yaiku sawijining karya fiksi
gancaran utawa prosa.
TITIKANE NOVEL
1. Nduweni alur kang kompleks.
2. Tema jroning novel ora mung siji.
3. Paraga ing crita novel cacahe bisa akeh.
UNSUR-UNSUR JRONING NOVEL
A. Unsur Instrinsik
1. Tema, yaiku lanjering prakara jroning
crita.
2. Alur, yaiku lakuning crita.
3. Watak paraga, yaiku sipate paraga.
4. Latar, yaiku katrangan papan, wektu, lan
swasana kedadeyan.
5. Sudut pandang, yaiku mapane pangripta
jejer minangka paraga ing crita utawa ing
njaban crita.
6. Amanat, yaiku weling pangripta kanggo
pamaca.
UNSUR-UNSUR JRONING NOVEL
B. Unsur Ekstrinsik
1. Biografi pencipta
2. Latar belakang budaya
3. Latar belakang pendhidhikan
4. Pengalaman
NILAI-NILAI JRONING NOVEL
1. Nilai spirit, yaiku nilai kang ana sesambungane
karo greget jroning ngadhepi sakehing prakara
tumrape panguripan.
2. Nilai moral, yaiku nilai kang ana sesambungane
karo budi pekertine manungsa kang katitik saka ala
becike tumindak.
3. Nilai sosial, yaiku nilai kang ana sesambungane
kara pasrawungan ing masyarakat.
4. Nilai budaya, yaiku nilai kang ana sesambungane
karo pakulinan ing sawijining dhaerah.
5. Nilai estetika, yaiku nilai kang ana sesambungane
karo seni, kaendahan jroning karya sastra.
CARA NYRITAKAKE RINGKESAN
NOVEL
1. Maca kanthi urut lan wutuh isine teks.
2. Nyathet jeneng paragane.
3. Nyathet latare.
4. Nyathet alur critane.
5. Dicritakake kanthi basa kang runtut lan
intonasi sing pener.
JINISING NOVEL
1. Novel detektif, isine cara-cara ngudhari
prastawa.
2. Novel roman, isine babagan tresna asih.
3. Novel misteri, isine ngenani crita misterius.
4. Novel kriminal, isine ngenani tumindak
dur angkara.
5. Novel komedi, isine bisa gawe guyu.
6. Novel inspiratif, isine ngenani crita
inspiratif.
TULADHA IRAH-IRAHAN NOVEL
1. Priyayi Abangan : Sapardi Djoko Damono.
2. Putri Tirtagangga : Any Asmara
3. Mungsuh Sardi : Basoeki Rachmat
4. Kelangan Satang : Suparto Brata
GLADHEN

Wacanen pethilan novel ing ngisor iki banjur


wangsulana pitakon-pitakone!
Kadarwati tangi, nalika krungu tangise anake. Listi diparani,
popoke teles. Sawuse popoke diganti, anak mau banjur
digendhong. Weruh layang gumlethak ana ing meja, sakala tuwuh
maneh laraning atine marang bojone. Bojo kang wis gelem
kianat, wis gelem nglakoni sedheng, ngesokake katresnane
marang wanita liya.Saking ora trimane atine, layang iku wis arep
diremet-remet lan banjur dibuwang. Nanging dheweke banjur
ketuwuhan gagasan, mbokmanawa layang iku isi, bojone njaluk
pamit amarga arep nemoni Partiningsih.
Ah, dheweke rila yen bojone bakal nunggoni Partiningsih, rila
Sulistyo selawase ora mulih. Sawise layang diwaca, Satriyo enggal
diedusi lan banjur dikon sarapan. Begja dene List iwis ilang
panase. Kadarwati banjur ubeg nata sandhangane lan uga
sandhangane anake sakarone. Sawise iku dheweke banjur mapan
lungguh, nulis layang marang bojone.
PATEMON 2
(UNGGAH-UNGGUH BASA)
1. Ngoko lugu : Tuladha :
 Marang  Aku kulina sarapan
sapadhapadha. sega goreng.
 Bocah karo bocah.  Wong tuwane
 Wong tuwa wadon sing wis
marang bocah. randha ditinggal
ijen.
PATEMON 2
(UNGGAH-UNGGUH BASA)
2. Ngoko Alus : Tuladha :
 Wong saumuran  Den Mintari kuwi
sing isih ngajeni. putrane Den
 Wong sing padha Darmin.
tuwane.  Dhuwite mau wis
 Wong tuwa diasta bapak.
marang wong
enom sing isih
ngajeni.
PATEMON 2
(UNGGAH-UNGGUH BASA)
3. Krama lugu : Tuladha :
 Wong sing nembe  Kula badhe kesah
wae kenal. dhateng
 Wong tuwa marang Temanggung.
wong enom sing  Adhi kula nembe
isih ngajeni. tilem.
 Wong enom
marang sing luwih
tuwa, nanging ora
pati ngajeni.
PATEMON 2
(UNGGAH-UNGGUH BASA)
4. Krama alus : Tuladha :
 Bocah marang  Bu Tukinem
wong tuwa. menika
 Wong enom garwanipun Pak
marang sing luwih Guru Kardi.
tuwa sing ngajeni  Pak Guru rawuh
banget. ngasta buku novel
 Marang atasane. “Kunarpa Tan Bisa
Kandha” anggitane
Suparta Brata.

You might also like